Kirab Banyu Kendhil Madhahi Sarining Banyu Saka Angkasa
Diposting oleh : Administrator
Kategori: Anyar Katon - Dibaca: 36 kali

Kabeh pagesangan kang ana ing ndo­nya mbutuhake banyu. Pagesangan ora mung tumrap manungsa, nanging uga kanggo panguripan sato kewan lan tetanduran. Laladan kang kurang sumber banyu bisa dipesthekake dadi weweng­kon garing kang sarwa kekurangan. Keku­rangan ora mung ngenani babagan pangan, nanging sandhang lan kebutuh­an urip liya uga bisa melu kekurangan. Sum­ber banyu sebisa bisane dirawat lan di­les­tarekake, senadyan sumber banyu saka wadhuk utawa embung tandhon ilining banyu, nanging wadhah banyu iki tetep dadi sumbere pagesangan.

Ing wektu saiki isih akeh wewengkon sing kekurangan banyu nalika mangsa ketiga. Program Pemerintah kang ndha­wuhi para Menteri nggawe embung lan wadhuk cacah atusan ana ing daerah dae­rah mligi ora mung kanggo tetanen, nanging bisa kanggo kebutuhan urip liya­ne. Program Pemerintah Indonesia iki pinangka kanggo mujudake keteguhan pangan ana ing dhaerah lan ngelingake ma­­syarakat wigatine banyu tumrap pagesangan.

Wujud rasa syukur marang Gusti ke­rep diwujudake kanthi cara sedhekah merti dhusun ana ing sendhang, telaga uta­wa segara, tradhisi iki nduweni mak­na nglestarekake pagesangan.

“Kanthi cara nganakake tradhisi bu­daya merti dhusun, sumber banyu bisa dijaga kanthi lestari,” kandhane mbah Bi­ma, budayawan saka wewengkon pe­reng gunung Merapi nalika di temoni ana salah sijine tradhisi merti desa ngun­dhuh banyu.

Ditambahake, kaya dene tradhisi wujud syukur sing saben taun dianakake warga Dhusun Bunder – Jarakan, Desa Bendungan, Kecamatan  Jatinom Klaten ana embung tandhon banyu. Tradhisi sing dileksanakake uwis kaping pindho minangka wujud rasa syukur masyarakat marang Gusti, mligine banyu kang ana embung.

“Sacara universal tradhisi merti dhu­sun ora mung wujud syukur tumrap pagesangan urip, nanging kabeh kang ana bebrayan agung sing dadi wujud ke Agungan Gusti Kang Maha Suci,” ujare mbah Bima nerangake.

Taun 2017, tambahe katerangane mbah Bima, warga Desa Bendungan njupuk karep “ Ndulang Sari Ning Men­dhung Sejati “. Kekarepane, njupuk sari sarining banyu kang ana ing mendhung sejati. Sari pawujudane sumber pages­angan kang diwadhahi cupu manik asta­gina. Ya iku pagesangan kang asale saka Gusti Kang Maha Agung, ing pangajab warga Desa Bendungan tansah kalu­wihan banyu gemah ripah loh jinawi.

Desa Bendungan kang ana pereng gunung Merapi klebu salah sijine we­wengkon kang sithik sumber banyune. Kanggo nyukupi kebutuhan banyu saben ndina, warga njagakake tetukon banyu tanki saka Kabupaten. Tetukon tumrap pawongan sing nduwe nduwit, sing ora nduwe nduwit mung bisa njagakake ba­nyu saka embung. Banyu embung kang reget kanggo nyukupi kebutuhan warga desa saben ndina. Kajaba kanggo adus, banyu embung uga kanggo ngguyang sapi, umbah-umbah, lan tetanen.

“Yen arep kanggo masak lan ngom­be, banyu embung dienepake dhisik banjur diwenehi tawas ben bening,” ujare mbah Bima nyeritakake keprihati­nane warga desa sing padha kekurangan banyu.

Kedadeyan rekasa kaya ngene iki ora ngendhokake  kekarepane warga desa anggone mbudidaya bisa entuk banyu resik kanggo nyukupi kebutuhan urip. Dipangarsani dening budayawan Romo Kirjito lan mbah Bima, budayawan sa­kloron iki banjur mbudidaya banyu udan kanggo nyukupi kebutuhan urip saben ndina. Banyu udan sing mili saka ndhu­wur gendheng disaring diiliake ana sak jroning tandhon plastik. Saka njero tan­dhon plastic, banyu udan banjur di wa­dhahi ana bak lan diunggahake ukuran phne, mawa cara menehi arus tegangan voltage ana sak jroning bak.

Banyu sing ana njero bak uwis bisa diombe sacara langsung senadyan ora dimasak, amarga uwis dicek ana labo­ratorium adoh saka bakteri lan penyakit. Banyu udan miturut mbah Bima pancen ndu­weni daya alam sing migunani tu­mrap pagesangan. Di bandhingake filter banyu budi daya manungsa, filter alam saka Gusti luwih apik. Banyu udan seja­tine uwis difilter sacara alami, liwat men­dhung lan proses penguapan banyu reget bisa resik lan migunani tumrap pagesangan.

“Kaliwat durung nganti sepuluh menit tumiba saka angkasa, banyu udan bisa diombe langsung lan kanyata bisa kang­go tamba lelara,” kandhane mratelak­ake.

Ide ngundhuh banyu udan sing di pangarsani dening Romo Kirjito kanyata bisa ndhadekake warga desa kecukupan banyu, senadyan sumber mau ana wa­tese nanging warga uwis ora bingung ma­neh nggolek banyu resik. Embung desa jaman ndhisik digunakake kanggo nyukupi kebutuhan pagesangan saben ndina, nanging wektu sakiki, mung di gu­nakake kanggo ngguyang sapi lan kebu­tuhan tetanen.

“Mula rasa syukur warga desa Ben­dungan banjur diwujudake kanthi cara ngleksanakake tradisi merti dhusun ana ing embung desa,“ ujare mbah Bima.

Isih miturut kandhane mbah Bima, tradhisi merti dhusun taun iki dileksa­nak­ake ana ing dina Minggu 19 Maret 2017, kanthi cara nggelar kabudayan seni ana  tengah embung. Papan pentas seni lan budaya digawe awujud gethek kang bisa ditarik ana tengah embung. Ana ing pinggir tanggul sakurute em­bung, didegake gubug lan bancik pring kanggo ndelehake sesaji sega golong rassulan. Kejaba gubuk lan bancik kanggo wadhah sesaji, uga ana wayang debok mbah Bima lan gamelan kara­witan pinangka kanggo pangiring pentas seni budaya.

Tradhisi merti dusun “Ndulang Sari Ning Mendung Sejati” diwiwiti kanthi cara kirab banyu kendhi saka lapangan Desa Bendungan. Sadurunge upacara kirab dileksanakake, warga desa sing padha duwe lembu luwih dhisik ngana­ngake upacara adat ngguyang sapi ana embung. Puluhan raja kaya duweke war­ga desa diguyang bebarengan ana embung. Tradhisi ngguyang sapi ndu­weni kekarepan ngresiki sengkala raja kaya, amrih raja kaya diadohake saka lelara lan bisa migunani tumrap warga.

“Sapi sing uwis rampung diguyang banjur dikirab mubeng desa,” imbuh katerangane mbah Bima.

Tradisi ngguyang sapi klebu rerang­ken tradhisi merti dhusun sing sepisan. Kaping pindho dileksanakake kirab banyu kendhil wiwit saka lapangan desa nganti tumeka embung. Atusan kendhil isi banyu disunggi warga muter desa. Banyu kendhil dijupuk saka sumber banyu asli kang ana ing pereng gunung nganti tumeka puncak gunung Merapi. Seming­gu sadurunge upacara merti dhusun dileksanakake, warga desa luwih dhisik ngupaya sumber banyu sing ana gunung Merapi. Banyu kang asale saka sumber gunung banjur didongakake, dikirab lan disawijekake ana embung.

Kirab banyu kendhil dibukak dening Sekretaris Daerah Kabupaten Klaten pinangka wakil saka plt Bupati Klaten. Iring-iringan kirab banyu kendhil ora mung dieloni warga masyarakat, na­nging para pemangku budaya lan agama kang ana ing wewengkon Klaten. Ana barisan ogoh-ogoh saka pakumpulan taruna Hindu Klaten, seni budaya sapu gerang sing dilakokake bocah cilik clik. Gunungan palawija, gunungan woh wohan lan gunungan tetanen liyane. Cucuk lampah iring-iringan kirab di pangarsani salah sijine warga desa kang numpak sapi limosine bobote kurang luwih sak ton.

Tradhisi merti dhusun miturut Kades Bendungan Siti Fatimah, kanggo cara ngregengake lan nggugah pariwisata ana ing Desa Bendungan saka budaya kearifan lokal. Tradisi iki saben taun di­anakake, senadyan ora nganggo pentas seni budaya, nanging diwujudake page­laran ringgit sedalu natas ana ing lapa­ngan Desa Bendungan. Mligi pagelaran pentas seni budaya lan kirab, diseng­kuyung para seniman lan budayawan ing wewengkon Soloraya.

Siti nambahi katerangane, embung desa sing dadi papan laladan kanggo acara merti dusun dibangun taun 1954. Ing wektu semana kebutuhan banyu saben dina dicukupi saka banyu udan ana embung. Nalika bencana gempa Jogja nerak wewengkon Klaten, lemah ing ngisor embung rengkah, saengga banyu embung ora bisa di tadhahi, ngresep ana njero rengkahan. Dening para warga desa, embung tadhah dibenakake. Le­mah sing rengkah diuruk dirapeti lang didhudhuk maneh dijerokake.

Alhamdullilah, kandhane Kades Ben­dungan, nganthi tumeka saiki embung bisa kanggo tandhon banyu udan tumrap kebutuhan tetanan lan ternak. Senadyan mangsa ketiga banyu embung isih akeh lan ora kasatan. Siti ngajap, Pemerintah Kabupaten bisa ngapikake embung desa. Tanggul embung kang isih wujud lemah bisa dikuwatake saka bahan material cor. Saluran banyu saka embung uga di bangun kanggo ngileke banyu kanggo tetanen.

Tradhisi merti dhusun lan kirab bu­daya “Ndulang Sari Ing Mendhung Sejati” dianakake ora nganggo dhuwit bantuan saka Pemerintah Desa utawa Kabupaten, nanging mligi swadaya masayarakat Desa Bendungan. Saben Minggu warga rila urunan kanggo nyukupi kebutuhan tradhisi. Dhuwit sing uwis nglumpuk akeh banjur dikelola kanggo kebutuhan upa­cara lan nganakake  wayangan. Tradhisi merti dhusun kanggone mbah Bima ora mung nglestarekake budaya, nanging ana babagan kang luwih wigati, yaiku njaga rasa persatuan, gotong-royong, mbangun lan ngraketake tali silaturahmi warga desa.

Para kanoman bisa diwenehi ngerti perlune nglestarekake alam, budaya lan paseduluran ana ing bebrayan agung, amrih bisa dadi generasi kang nduwe jati diri.

“Kirab budaya kang uga diarani kirab banyu kendhil bisa kanggo sarana ame­mangun desa,” ujare  mbah Bima nutup  katerangane.

(Judiantoro)

 

Berita Terkait

Samak Minggu Ini

img

img

Sumber Semangat

Gawenen sibuk awak iki ing babagan kabecikan. Engga bab-bab kang ala kesel ngetutake langkah kita.

Klik

BAKIAK

1000 bakiak iki mujudake upayane Komunitas Wirausaha Muslim kang disumbangake marang mesjid-mesjid kang ana ing wilayah Surabaya lan sakupenge. (d/ist)

Pethilan

Peringkat kampus Indonesia munggah

Tapi aja takon wis peringkat pira ya???

NU-Muhammadiyah sarujuk nyirep suhu politik

Yen ana sing dadi kompor, kuwi oknum!

Anggaran kanggo mbubarake ormas Rp 5 milyar

Mbokmenawa sawise bubar oleh pesangon….