Seni Paes Penganten Jawa, Makna lan Pigunane (11):
Diposting oleh : Administrator
Kategori: Anyar Katon - Dibaca: 94 kali

Pranataning Busana Basahan Dhisik Banget Kukuh

II. Formasi iring-iringan rombongan Penganten. Urutan nomer 1 yaiku pawongan kang minangka cucuk lampah (cecala) nomer 2,3,4,5 para pambeksa gambyong, nomer 6 lan 7 patah pe­nganten, nomer 8 lan 9 penganten putri lan penganten kakung, nomer 10 ibune penganten putri, nomer 11 ibune pe­nganten kakung, nomer 12 ramane pe­nganten kakung, nomer 13 ramane pe­nganten putri, nomer 14 lan 15 rombo­ngan pinisepuh, nomer 16 lan 17 rombo­ngan putri dhomas. (bisa dipriksani kaya ing gambar sketsa) (sumber: Soedibio Dirdjowinoto).

 

V. Paes Ageng Basahan

Corak Paes Ageng Basahan uga du­weni sebutan liya, kaya ta Busana Basa­han, Paes Ageng Corak Kebesaran, Bu­sana Kampuh Ageng, lan Busana Ke­besaran Corak Basahan. Nanging istilah sing populer kanggone corak iki yaiku Corak Basahan. Mula kanggo parembu­gan ing sabanjure, corak paes lan busana iki cukup disebut minangka Busana Ba­sahan utawa Corak Basahan ngono bae.

Busana Basahan iku ing awale mu­judake warna busana mirunggan sing di­agem para sentana lan nayaka ing Ka­sultanan Ngayogyakarta ing upacara palakrama panggih penganten. Kayata sing diagem dening para putra dalem, para putra mantu, para pangeran, adi­pati, sarta para pangageng liyane sejajar bupati. Lamun kang nindakake palakrama iku sawijining pangeran kraton (putra dalem), mula penganten kakung nga­gem kuluk warna biru kanthi nyamat ku­dhup cengkeh. Dene menawa kang nin­dakake dhaup iku sawijining bupati kraton utawa nayaka sejajar bupati, ku­luk kang diagem wernane putih.

Pranataning Busana Basahan iku dhisik banget kukuh katindakake. Na­nging sabanjure tetela bisa cuwer lan owah dadi wujuding busana penganten sing katelah Busana Basahan. Busana Basahan sabanjure bisa tansaya dikenal sarta ngrembaka ing kalangan masya­rakat umum, sarta owah dadi wujuding kabudayan Jawa sing khas Ngayogya­karta. Dene wujud lan penganggone Busana Basahan ing jaman saiki, tetela wis ora nyawang lan wis ora kaiket ma­neh marang anane kalungguhan (pang­kat lan drajat) sarta tataran sosial tar­tamtu.

 

A. Paes Penganten Kakung Corak Basahan

Pabedan mirunggan kang nyolok tumraping Busana Basahan iku yen katandhingan karo corak busana pe­nganten liyane ing Ngayogyakarta, yaiku: mungguh corak Busana Basahan ngagem kuluk warna biru (apa putih) kanthi nya­mat kembang cengkeh, ngagem kampuh lan awak tanpa ngagem baju (utawa di­sebut ngaliga sarira). Saengga bisa di­arani mungguh kabeh bab tata paes penganten tumraping Busana Basahan iku kaya dene kraket, teles, lan rumaket ana ing anggane sang pinanganten sak­loron.

Paes penganten kakung corak Basa­han iku dumadi saka paes pasuryan, pa­es rikma, paes busana, lan paes (re­reng­ganing) busana. Lamun diwaspa­dak­ake, bab tata paes lan tata busana corak basahan iku katon kaluwih luhur lan merbawani, nanging mungguh kang satemene busana corak Basahan iku tetela nggambarake marang watak kang prasaja. Wujuding busana kang ngaliga sarira, kajaba nglambangake keluhuran uga nggambarake marang kepolosan.

Polataning pasuryan kang tumanduk tumraping paes penganten corak Ba­sahan kaentha ing praenan kang digawe katon luwih “angker” lan merbawani. Awak kang diluluri boreh saengga wu­jude kulit dadi katon lumer lan wernane dadi katon kuning semu ijo, iku uga nu­duhake marang tabet luhur lan wibawa.

 

Paes Rikma

Tumraping paes rikma penganten ka­kung corak Basahan, katon ana pabedan sathithik yen katandhing karo corak Paes Ageng Jangan Menir. Kuluk kang diagem dudu kuluk kanigara, nanging kuluk ules biru polos sing digawe saka mika (plas­tik) kang semune transparan kanthi nya­mat modhel kembang cengkeh mapan ing pucuk kuluk. Dene rerenggan paes rikma liyane, kaya ta jungkat, mentul sau­ler, lan rikma ukel keling (kondhe) sing disebut gelung kadhal menek.

Nalika arep didandani, yen rikmane gondrong (dawa), becik rikma perangan buri bisa dilaras dawa lan cendheke karo posisine rikma ukel kang bakal dipasang. Saengga katone rikma ukel iku kaya de­ne rambut kang asli (dudu rambut tam­bahan). Kanggo milih kuluk kang bakal di­agem, kudu dipilih kuluk kang ceples. Cara menganggone ora ana bedane karo nganggo kuluk kanigara.

Makna lambang lan pigunane: Kuluk biru iku nggambarake kaluhuran, kaya dene pangeran kang lagi nambut silaning akrami. Warna biru uga kanggo nggam­barake jembare banyu segara lan dhu­wure akasa reriptane Gusti Allah. Mang­kono uga bab palakrama kang mujudake kanugrahaning Pangeran kang kudu bisa ditampa ing kasunyatan. Embuh bungah apa susah, seneng apa rekasa, gampang apa angel, kudu tetep ditempuh kaya de­ne juru misaya mina (nelayan) kang go­lek iwak ing tengah segara, utawa manuk walet kang mabur ing langit biru.

Dene gelung modhel kadhal menek iku nglambangake marang perjuwangan lan lelabuhaning ngaurip kang kudu ka­tempuh senajan kanthi rekasa. Pepin­dhane kaya dene kadhal kang umume ora bisa menek uwit, nanging kudu tetep usaha murih bisa munggah uwit tekan pang sing paling ndhuwur. Mula saka iku, gelung mirunggan tumraping penganten kakung iku disebut gelung kadhal menek.

 

Tata Busana Basahan Tumrap Penganten Kakung

Kelengkapaning busana Basahan pe­nganten kakung, dumadi: kampuh motif Sidomukti kanthi periodhe sadawane patang meter, sumping, kertep, karset, kalung sungsun telu, kelat bahu, gelung kana, ali-ali, sruwal cindhe, kamus blu­diran, lonthong, timang, kretep, moga, bun­tal, keris brangah, selop bludiran. Dene carane ngadi busana yaiku mang­kene:

1. Penganten kakung ngaliga salira (cukup nganggo clana jero/cekak) saran­dhuning awak wis diblonyo boreh sing wer­nane kuning semu ijo.

2. Ngagem sruwal (clana) kang dise­but amparan, dijupuk minangka kuncan. Cathetan: kuncan (kunca, kanca) yaiku wujude tatanan pojok kampuh kang du­munung ing sisih kiwa lan tengen. Da­wane udakara luwih saka sadhepa, uta­wa dilaras karo gedhe cilike pawakane sing nganggo/penganten kakung. Kun­can dibangun kanggo tutup perangan bokong.

3. Banjur lonthong cindhe diagem kan­thi cara sungsun

4. Nuli ngagem kamus cindhe lan timang.

5. Moga bludiran kapapanake ing sisih buri sangisor keris.

6. Nuli buntal, kalung sungsun, kar­set, kelat bahu, gelang kana, lan ali-ali.

7. Kang pungkasan ngagem selop.

 

Pangageme Busana Basahan Sapengadeg

1. Perangan nginggil: Mustaka nga­gem kuluk warna biru (kanggo golongan pangeran). Ing pungkur mawa re­reng­gan rikma ukel ngore (tiron) kadhal me­nek lan pethat (jungkat). (sacara umum, kuluk bisa kanthi pilihan warna saliyane biru, kayata putih, kuning, apa ireng).

2. Perangan tengah: Badan ngaliga sarira kaboreh langir kuning semu ijo, ingga lengen sarta suku.

3. Ngagem kampuh sulam emas modhel kuncan dhobel

4. Ngagem sruwal (clana) cindhe

5. Ngagem lonthong (setagen) motif cindhe abang utawa ijo, kamus (sabuk), timang, lan moga. Kamus rinengga pus­pa rinonce lan moga bludiran (rendan).

6. Talingan ngagem sumping kinanthen sekar lan kertep (gisper, inten barleyan).

7. Ngagem rante (kalung panjang) lan karset (jam rante kang gumantung ignga ngliwati padharan).

8. Ngagem keris brangah oncen kembang sritaman.

9. Perangan andhap: selop bludiran (motif kaya sing diagem penganten putri).

Maknane Busana Basahan Kakung iku nglambangake keluhuran, nalika lumam­pah jejer karo penganten putri, kampuh diasta ing tangan kiwa dene polatan mandeng adoh mengarep kaya sikepe sawijining pangeran. Mungguh rereng­gan kang dumadi saka suweng ronyok, kelat bahu, gelang kana, ali-ali lan sa­kehing priyasan iku biyen katelah “Raja Kaputren.” (Ana Candhake)

Berita Terkait

Samak Minggu Ini

img

img

Sumber Semangat

Wong kang akeh ngucapake kabecikan iku “luwih becik” katimbang wong kang seneng mbisu.

Klik

BALAPAN WEDHUS

Sawijining bocah cilik lagi melu tandhing ing sawijining lomba balapan nunggang wedhus utawa mutton busting. Acara kaya ngene iki cukup populer jroning pawai Fourth of July parade ing kutha Vale, Oregon, AS. (d/ist)***

Pethilan

Mendikbud ngajab, bayare guru honorer ndang diwenehke

Iki sing jenenge menteri zaman now!

Mendikbud ngajab, bayare guru honorer ndang diwenehke

Iki sing jenenge menteri zaman now!

Panglima TNI ditulak mlebu AS

Mengko gek merga, titttt…. (sensor!)