Akhlaqul Karimah Sarta Mukjizat Rasulullah (8)
Diposting oleh : Administrator
Kategori: Agama Islam - Dibaca: 42 kali

(Lan Ingsun ora ngutus marang sira (Muhammad), kajaba dadi rahmat marang Jagad Raya). (Q.S. Al-Anbiyaa (21) : 107)

b. 2). Ngelak ora ana banyu.

Imam Ahmad saka Anas bin Malik nyritakake, manawa sawijning wektu para sahabat  padha sambat krasa ngelak, nuli matur marang ngarsane Rasulullah. Njeng Nabi nuli dhawuh marang para sahabat, supaya disediyakake kendhil lan diiseni ba­nyu sethithik. Rasulullah banjur mapanake astane ana ing kendhil mau, sarta paring dhawuh: “He para sahabat sira kabeh eng­gal-enggal padha ngombea. Para sahabat nuli ganti gumanti ngombe banyu kasebut. Ana ing sawijining wektu Abdullah bin Jabir  ndulu ana sawatara sumber (mata air) mancur saka sela-selane driji-driji astane Rasulullah. Iku kabeh krana saka kepa­renge Allah, minangka pikukuh kenabiane Muhammad Rasulullah. Khatamul Anbiyaa wal Mursaliin.

b. 3) Dhaharan paringane Allah.

Al’ Hafidz Ibnu Ya’la saka Muhammad bin Munkadir saka Jabir nerangake,  mana­wa Rasulullah sawatara dina ora dhahar. Rasulullah nuli tindak menyang daleme putrane, Fathimah. Rasulullah ngendika marang putrane: “He putraku! Apa sliramu ndarbeni samubarang sing bisa didhahar? Amarga aku krasa ngintir-ngintir padha­ran­ku (lapar sekali). Fathimah nuli matur prasaja, manawa dheweke ora kagungan dhaharan (panganan) apa-apa kagem ra­ma­ne. Sawuse Rasulullah miyos saka ndaleme Fathimah, tanggane Fathimah ngi­rim sak potong roti lan sak potong da­ging. Fathimah mundhut sebagian, nuli mapanake roti lan daging mau ana ing ba­ki kang bagus, banjur ditutupi. Fathimah penggalihe ngendika (demi Allah), mana­wa dheweke bakal ngutamakake Rasu­lullah (kanthi dhaharan iku) katimbang awake sarta putra-putrane (keluwarga­ne). Kamangka Fathimah dalah keluwarga­ne banget mbutuhake dhaharan mau. Fa­thimah banjur ngutus Hasan lan Husen ngaturi Rasulullah. Demi Rama lan ibuku, Allah paring samubarang (sepotong roti lan daging) ing dalem kagem Rama (Ra­sulullah). Rasulullah banjur dhawuh su­paya dhaharan mau dicaosake  Rasulullah (Njeng Nabi). Lha nalika baki mau dibukak, pranyata baki kasebut kebak roti lan da­ging. Rasulullah ndangu marang putrane, saka ngendi panganan (dhaharan) mau He putraku? Fathimah matur, manawa pa­nganan (dhaharan) iku saka paringe Allah. Saestunipun Gusti Allah ingkang kepa­reng paring rejeki dhumateng sinten kema­won ingkang dipun kersakaken.

b. 4) Wit lumaku kanthi idine Allah.

Baihaqi ngriwayake saka Umar Ibnu Khaththab, nerangake, manawa ing sawiji­ning papan (Hajun ing Makkah), Njeng Ra­sulullah penggalihe lagi nandhang sungka­wa (sedhih), amarga dianiaya dening Wong-wong musyrik. Banjur nyuwun ma­rang ngarsaning Allah mangkene mak­sude:

“Dhuh Gusti Allah sesembahaning para kawula, mugi Paduka kepareng karsa ne­dah­aken (memperlihatkan) dhumateng kawula tandha-tandha Kekuasaan Paduka ingkang Agung, saengga kawula mboten ngawigatosaken (tidak peduli) tiyang-tiyang ingkang duraka dhumateng kawula.” (HR. Ahmad, Hadits shaheh).

Umar nerusake, wusana nuli Rasu­lullah saw. paring isyarat (memanggil) sa­wi­jining wit (pohon), saka papan kang adoh (dari balik Madinah). Wit mau tuhu lan tumeka kanthi nyigar lemah, saengga tu­mekan ana ning ngarsane Rasulullah. Sa­wuse iku Rasulullah banjur dhawuh, su­paya wit mau bali marang papane sekawit. Rasullulah saw. banjur ngendika: “Sawu­se fenomena (kahanan) kang mangkono iku Rasulullah ora migatekake marang wong-wong kang duraka (mendustakan) marang umate”.

Ana ing sawijining riwayat liya, Al-Baihaqi nerangake, manawa Rasulullah ing sawijining wektu tindak menyang gunung-anakan (gumuk) ing Makkah. Nalika iku Ra­sulullah lagi nandhang sungkawa peng­galihe, krana kaume padha duraka (men­dustakan). Rasulullah banjur ngendika: “Dhuh Gusti Allah sesembahan para ka­wula, mugi Paduka kepareng nedahaken (memperlihatkan) dhumateng kawula, sa­mukawis ingkang saged nentremaken manah kawula sarta ngicalake rasa manah kawula ingkang sedhih”. Allah nuli nurun­ake wahyu marang Njeng Rasulullah, sing maksude mangkene: “Coba undangen wit iku, sing endi sing sira senengi, supaya tu­mapak ana ing ngarepanira”. (HR. Ah­mad, Hadits shaheh).

b. 5) Tangise Wit Kurma. 

Al-Hadits, sing diriwayatake dening Ubai bin Ka’ab nerangake, manawa sawi­jining wektu Rasulullaah saw, shalat  ma­dhep marang arah wit kurma. Nalika iku Masjid durung ana awer-awere (dinding). Semono uga nalika Rasulullah khutbah, uga ana ing sak ndhuwure kayu kasebut. Sawijining wektu ana sahabat sing matur, manawa kepareng bakal nggawekake mimbar, sing bisa digunakake ngadeg, ing dina Jum’at. Rasulullah sarujuk (mareng­ake). Sahabat mau nuli nggawekake mim­bar. Lha nalika Rasulullah saw. arep khut­bah, ngersakake jumeneng ana ing ndhu­wure. Nalika Rasulullah ngliwati wit kurma sing kulinane digunakake kanggo khutbah, wit kurma mau nyuwara lan sigar. Ra­sulullah banjur mandhap (mudhun)nalika pan­jenengane kepireng swara mau. Ra­sulullah nuli ngusap karo astane, banjur mapan ana ing mimbar maneh.

Kajaba saka iku ana riwayat liya sing diriwayatake dening Al’Hafidz Ibnu Ya’la saka Anas bin Malik nerangake, manawa pinuju dina Jum’at Rasulullah maringi khut­bah jumeneng lan sendhen ana ing sawi­jining wit kurma sing tumancep ana ing papan kono (masjid). Dumadakan ana sa­wi­ji­ning pawongan saka  Romawi matur, apa Rasulullah kersa yen digawekake mim­bar? Rasulullah marengake (sarujuk). Na­lika Rasulullah saw.lenggah ana ing mim­bar, kayu mau sambat (merintih) pindha (swara) sapi lanang, amarga sedhih  pi­sah karo Njeng Rasulullah. Masigra (eng­gal-enggal) Rasulullah mandhap saka mimbar, nyedhak sarta ngrangkul kayu mau, nanging kayu mau tetep sambat. Pan­jenengane terus ngrangkul kayu kase­but, nganti kayu mau meneng. Pangandi­kane Rasulullah: “Demi Dzat  sing jiwane Muhammad ana ing (gegemane) astaNe, saupama aku ora ngrangkul, dheweke ba­kal tetep kaya ngene iki nganti dina Qiya­mat, krana sedhih ditinggal dening Rasu­lullah.” (Hadit Hasan-Shaheh). 

b. 6). Tasbeh-e krikil. 

Al’Hafidz Abu Bakar Al’Baihaqi ngriwa­yatek saka Abu Dzar, antara liya mangke­ne: “Manawa Dheweke kepengin man­fa’at­a­ke swasana ing nalika Rasulullah leng­gahan. Dheweke uluk salam, terus lung­guh ana ing sacedhake Rasulullah. Ora let suwe sahabat Abu Bakar, Umar lan Utsman uluk salam lan dijawab dening Ra­sulullah. Wusana panjenengae paring isya­rat, supaya para sahabat lungguh ana ing sisihe. Nalika iku ana ing ngarsane Rasu­lulllah ana krikil pitu utawa sanga cacahe. Rasulullah banjur mapanake krikil mau ana ing astane (epek-epek). Krikil-krikil iku padha tasbeh saengga swarane  keprungu pindha swarane tawon sing mbrenge­ngeng. Nuli Rasulullah mapanake krikil mau ana ing tangane para sahabat. Wiwit saka Abu Bakar, Umar lan Utsman. Para sa­habat uga keprungu tasbeh krikil-krikil mau, swarane pindha mbrengenging ta­won.” (HR. Al’Hafidz Baihaqi). 

(Ana Candhake)

 

 

Berita Terkait

Samak Minggu Ini

img

img

Sumber Semangat

Wong kang akeh ngucapake kabecikan iku “luwih becik” katimbang wong kang seneng mbisu.

Klik

BALAPAN WEDHUS

Sawijining bocah cilik lagi melu tandhing ing sawijining lomba balapan nunggang wedhus utawa mutton busting. Acara kaya ngene iki cukup populer jroning pawai Fourth of July parade ing kutha Vale, Oregon, AS. (d/ist)***

Pethilan

Mendikbud ngajab, bayare guru honorer ndang diwenehke

Iki sing jenenge menteri zaman now!

Mendikbud ngajab, bayare guru honorer ndang diwenehke

Iki sing jenenge menteri zaman now!

Panglima TNI ditulak mlebu AS

Mengko gek merga, titttt…. (sensor!)