Alpukat Kok Sepet?
Diposting oleh : Administrator
Kategori: Apa Tumon - Dibaca: 131 kali

Alpukat Kok Sepet?

 

Tahun 1978 iku aku dijak mbak­yuku karo anak-anake menyang Kebon Binatang. Dhasar wong ndesa Kluthuk, aku ya ora tau ngerti woh-wohan sing ora dakweruhi sakdurunge, salah sijine : Alpukat. Bareng padha leren ana ngisore wit sing gedhe, mbakyuku ndhudhahi barang-barang sing dituku mau, lan aku diwenehi woh loro. Jare mbakyuku “Iki lho jenenge Alpukat. Dipangan nang omah wae.”

Sakteruse aku mlaku-mlaku sampek sore ngubengi Kebon Binatang. Aku mikir, “Woh kok kaya ngene?”. Tekan ngomah  woh iku dakiris sinambi ngira-ira piye carane mangan. Bareng dakonceki terus dakpangan, woh sing warnane coklat iku, kok rasane pait. “Woh ngene kok dituku, isih enak-enake sawo.”

Sesuke, mbakyuku mbukak lan ngonceki woh sing dituku wingi. “Woh kaya ngono kok dituku, Yu? Wong gak kenek dipangan.” pitakonku.

“Apane sing gak kenek dipangan? Wong wis mateng ngene lho.” ujarie mbakyuku karo nggawa gula. Aku rada bingung. “Ngene lho carane mangan iki, disigar dadi loro terus dijupuk isine, terus tengahe diiseni gula, terus diudheg lan disendoki sithik mbaka sithik terus dipangan.” Kojahe mbakyuku. Oalah, mengkono ta, “Lha dadi sing dipangan kuwi daginge. Mulane wingi sing dakpangan isine, mangkane sepet lan pait rasane.” Maklum wong ndesa, para maos, ora tau weruh woh kaya ngono, lha wong isine sing kudune diguwang  kok malah dakpangan. Sepet, rek!! (Yan Rifa’i – Wates – Mojokerto)

 

 

Nuuur, Tukokna…

 

Kanca raketku jenenge Nurhadi, duwe anak papat wis ngancik remaja. Sing mbarep wadon, dijenengi Nuryanti. Adhine Nuryanti telu lanang kabeh, nomer loro dijenengi Nurjito, terus Nursisto, lan sing ragil Nurmanto. Pancen, kapapat anake diwenehi jeneng nganggo awalan tembung Nur kang tegese Cahya. Pangajape, jeneng mau bisa numusi panguripane ing tembe. Dadi uwong kang bisa menehi sesuluh utawa pepadhang marang liyan.

Wayah sore bubar adus, Santi sisihane Nurhadi jelih-jelih sero: “Nuuur….” Rumangsa diundang Ibune, bocah lanang telu mara bareng. Nurjito sing neng ngarep dhewe takon: “Ngapa, Buk?”

“Anu…sing tak undang iku jan-jane Nuryanti. Iki “pembalut”-e ibu entek. Kana tulung tukokna neng tokone Bu Tutik. Kowe sing mangkat ya rapapa,” ujare Bu Santi karo ngulungi dhuwit eketan ewu.

Nurjito, Nursisto, lan Nurmanto pandeng-pandengan. Rumangsa kurang pede tuku “bekakas” kanggo wong wadon. Arep muni emoh, ora wani. Nanging yen ngenteni Nuryanti, mbakyune tekan mesthi isih rada suwe. Lha wong lagi belajar bersama neng nggone kancane.

Wusana bocah telu sarujuk gawe kesepakatan ngadani hompimpah, perjanjiane, sing lumahe tlapak tangane seje dhewe iku dianggep sing kalah lan kudu mangkat tuku “pem­balut” kanggo Ibune.

Hompimpah…alaihum gambreng…! Kanyata tlapak tangane Nurmanto mlumah, karo liyane mengkurep. Karo sajak mbesengut agahan Nurmanto nyengklak sepedha kesayangane. Nggendring tumuju tokone Bu Tutik.  (FX. Subroto-Nogotirto, Gamping, Sleman)

 

 

Linglung

 

Eyang putri, kasebut “Mbah R” yuswane udakara 80 taunan. Sanajan yuswane wis ngluwihi wates saka 63 taun. (Yuswane Kanjeng Nabi Muhamad), isih seneng maca-maca buku, nderes Al Qur’an layang kabar apa dene kalawarti klangenane, ora ana liya kajaba amung PS.

Mbah R pensiunan guru, isih sregep ana ing “Organisasi” mligine ana ing PWRI, ngendikane jare srawung karo kanca ben awet “Mudha”, wong uwis tuwek kok kepengin enom bae. Pancen ya bener ngono kok, sing cetha akeh silahturahmine bisa ndawakake umur. Dhasar jujur apa maneh kena pinercaya mula kajibah ngopeni dhuwite wong pirang-pirang.

Esuk kuwi sajake katon ribut, lagi nulis apa embuh. Sadhela-sadhela menyat ngalor-ngidul kaya ana sing digoleki, lemari, laci meja, tumpukan buku diudhal-udhal ora genah isih grenang-greneng kaya ana sing diuman-uman.

“Dhek mau ana kene, kok dadi ora ana sapa sing njupuk, wah padha ora genah kabeh”. Mbah R ndangu putrane kakung: “Kaca mataku mau ana kene, ana ngendi To”. Putrane Mas Toto bareng weruh ibune rada duka, malah mesem semu gumun. “Bu, kaca tingale ibu wonten meja ngajeng lemantun kaca.”

Mbah R enggal njujug meja ngarep kaca. Mesthi bae gambare utawa ayang-ayangane Mbah R ana ing kaca pengilon, mbah R priksa ayang-ayange dhewe.

“Astagfirullah halazim”, Mbah R duka semu anyel, kaca mata isih cumanthel neng kuping, digoleki mrana mrene mula ora ketemu. Gawe ribut wong seomah “Asem kecut, kowe To, kacamata isih neng kupinge ibu ndadak kon ngilo.”

Apa tumon kacamata isih diagem gawe ribut nggoleki mrana-mrene wong sa­omah dadi sa­saran. Ora maido wong yen wis ling­lung gampang lali, lagi masak ana ndha­pur nggoleki irus arep kanggo ngu­dheg jangan ora ketemu. Irus dice­kithing, putune di dhawuhi nggoleki iruse.

“Iki mbah iruse sing diasta!” kan­dhane putune ka­ro mlayu arep lu­nga dolan. (Suwito GW-Kebumen)


Berita Terkait

Samak Minggu Ini

img

img

Sumber Semangat

Brubah lan tangi luwih edi banget tinimbang meneng lan mung ngimpi tanpa nindakake apa-apa.

Klik

Pejabat Lomba Mangan Krupuk

Pengetan dina Ulang Taun Kamardikan RI ing ngendi-endi ditindakake kanthi maneka acara lan lomba. Semono uga ing Pemkot Semarang. Mung sing rada beda, sing dadi pesertane ing kene yakuwi pejabat-pejabat Pemkot lan DPRD, Kapolres, Danlanal lan Dandim. Katon ing gambar sawenehing pejabat kanthi kebak semangat lan cepet-cepetan melu lomba mangan krupuk kang digelar ing Balai Kota Semarang. (d/ist)***

Pethilan

Niyate Panitia Angket DPR marang KPK konangan

Sapinter-pintere mbungkus tai, wusana mambu uga

Gegandhengan klawan Merah Putih kang kuwalik, Malaysia resmi njaluk ngapura

Kok dibolan-baleni terus ya?

Ana kampanye anti korupsi liwat gambar kartun

Saking lucune koruptor kita