Wewadi Ing Gunung Srandil Lan Gunung Selok Cilacap
Diposting oleh : Administrator
Kategori: Pasujarahan - Dibaca: 30 kali

Cilacap mujudake salah sijine ka­bupaten ing Jawa Tengah sing kondhang akeh papan wisata spirituale. Salah sijine yaiku gunung Srandil lan gunung Selok sing dumunung watara 25 km sakidul we­tane kutha Cilacap.

Gunung Srandil mujudake sawajinie gumuk karst (kapur) kang dumunung ing pinggire segara Kidul klebu ing  weweng­kon desa Glempang Pasir, kecamatan Adipala, Cilacap. Dene yen Gunung Selok  mujudake gumuk cilik sing dumunung ing desa Karangbenda, Kecamatan Adipala, Cilacap.  Miturut katrangane masyarakat sakiwa tengene, gunung Selok lan Srandil mujudake sawijine papan sing dikera­matake jalaran ing papan iki akeh tinemu makam lan petilasane para leluhur, kayata petilasan Kaki Semar,  Pangreh Gaib, Syech Jambu Karang utawa sing kawentar minangka  petilasan Dampo Awang utawa Sam Poo Kong. Ing perenging gunung Selok sisih Kidul  akeh tinemu guwa guwa kang dienggo papan tapa lan semedi. Guwa guwa kang kasebut yaiku guwa Ra­hayu. Ing njerone ana grojogan banyu kang ora tau ana pedhote, senajan kaha­nane nuju ketiga ngerak. Jejer karo guwa Rahayu, ing sisih kulone kuwi karan guwa Bandung utawa ana kang nyebut guwa Ratu, guwa kasebut menawa dina Anggara Kasih (malem Selasa utawa Jemuwah Kliwon) akeh  peziarah kang padha ngalap sawab. Carane sadurunge tapa/semedi kudu adus dhisik ana ing grojogan kang ana jero guwa Rahayu lan sarampunge adus nembe tapa/semedi.

Saiki luwih gampang awit grojogan kang ana jero guwa mau banjur ditalang metu, lan ing sangarepe guwa Rahayu digawe pakiwan papan kanggo adus uta­wa wisuh. Sing uwis padha adus ana ing grojogan guwa Rahayu kuwi kang padha arep nglakoni tapa, sateruse ang­gone arep tapa kuwi manut karo keyakinane dhewe dhewe. Amarga ing antarane para pe­ziarah kang padha duwe niyat tapa ngalap sawab kang mbaureksa papan kramat iki ana kang anggone tapa milih ing gunung Srandil, uga ana kang milih ing guwa Nagaraja, uga ana ing Padhepokan Jambe Lima, padhepokan Jambe Pitu lan ing Kahendran.

Dene kang padha mara semedi ing papan papan keramat gunung Selok utawa gunung Srandil sabageyan teka saka liya kutha, kayata saka Solo,  Ngayogya, Se­marang lan saka kutha kutha gedhe liyane. Malah kadhang ana kang saka Jakarta, Surabaya lan saka sanjabane Jawa. Merga ing gunung Srandil papan kang dienggo nenepi uga pirang pirang, yakuwi ing padhepokane Ki Tunggul Jati Daya Among Raga saweneh ana kang ngarani Kaki Semar, uga ing padhepokan mbah Agung Sejati ing petilasane Mbah Sukma Sejati uga ana kang mertapa ing puncaking Srandil kang lumrahe disebut Kadewatan.

Ing Gunung Srandil lan Selok kuwi menawa pinuju tanggal 1 Sura taun Saka utawa ana sing ngarani taun Aboga, ing papan kasebut ramene ora jamak. Kang padha sengaja teka Suran ing Gunung Srandil lan Selok iki kayata wong wong saka tlatah Kabupaten Cilacap, uga akeh kang padha teka saka sanjabane kutha Cilacap, cekake akeh kang padha Suran ing gunung Srandil lan Selok dina awane sadurunge malem 1 Sura kendharaan kang padha parkir ing dalan jurusan Adipala-Kroya kuwi nganti atusan ken­dharakan durung kang diparkir ing pinggir dalan nuju menyang padhepokan Jambu Lima lan Jambu Pitu kuwi  dawane nganti meh rong kilometer.

Dene takane para peziarah iku me­nyang padhepokan Jambe Pitu, padhe­pokan Jambe Lima, padhepokan Jambu Karang, lan Guwa Ratu iku padha nya­dhong dhawuh saka pangandikane mbah kang dadi pepundhen. Menawa ing pa­dhepokan Jambu Lima biasane kang nyabda kuwi Den Bagus Langkung Kesuma dene ing jambu Lima kang biasane nyabda Pak Cilik Cakrawala saweneh ana kang ngarani Gareng, menawa Den bagus Lang­kung Kesuma uga ana kang ngarani Petruk. Menawa kang ana ing guwa ratu kuwi nampa dhawuhe Gusti Ratu Sekar Jagad kang dhawuh kasebut biasane dingendikakake dening mbah Bandha Yudha kang diembani dening mbah Na­yagenggong Lan mbah Sabdopalon kang nalika jaman Majapahit, leluhur loro kuwi minangka abdi kinasihe Prabu Brawijaya V.

Dene kang ana gunung Srandil padha nampa dhawuhe Kyai Tunggul Jati Daya Among Raga utawa Kyai semar, dene kang semedi ing pedhepokan mbah Agung Sejati utawa ing petilasan Kyai Dham­poawang lan pasareyane mbah Sukma Sejati kuwi mung padha golek wisike para leluhur. Ing papan papan kang wingit kasebut ora kepareng tumindak sing ku­rang susila, apa maneh nganti wani tu­mindak kang nalisir saka bebener senajan teka mrono karo pacare njur padha pacaran ing papan kasebut, bisa anjalari anggone pacaran bisa pedhot.

Saranane padha nampa sabdha kuwi ana werna loro, yakuwi ana kang langsung tegese tanpa nganggo mediator, nanging uga ana kang nganggo mediator. Dene kang bisa nampa dhawuh langsung kuwi ing sanggar guwa ratu nampa dhawuh saka Gusti Ratu utawa saka mbah Bandha Yudha, mbah Nayagenggong, lan mbah Sabdopalon. Lan yen gunung Srandil kuwi nampa dhawuh saka Kaki Tunggal Jati Daya Among Raga dene ing papan liyane kaya Jambe Pitu Jambe Lima, sanggar Guwa Nagaraja kuwi kabeh sarana nganggo mediator.

***

Manut critane jaman mbiyene ing papan kang saiki disebut padepokan Jambe Pitu, jarene  papan kang dienggo markas utawa pagurone warok Sekti kang sugih ngelmu jaya kawijayan. Padhepok­jan kasebut jarene papane warok utawa pendekar kang kajibah jaga Kembang Wijaya Kusuma, yaiku kembang kang dadi lambange para ratu ratu Tanah Jawa. Mula diaran Jambe Pitu iku merga pimpinan warok iku aran Ki Jambe Pitu, kejaba iku ing sakupenge kramat Jambe Pitu nalikane durung dibangun kaya saiki pancen ana wite jambe kang cacahe pitu. Dene kang dadi wakile Ki Jambe Pitu iku yaiku Ki Jambe Lima, dene warok liyane yakuwi Kyai Sam­bung Langu, Kampret Ireng lan Kyai Wasi Putih.

Kacarita ing sawijining dina ing Padhe­pokan kasebut ana kedadeyan kang nga­neh anehi, yakuwi ilange kothak wasiat gunung Srandil kanthi ora ana kang ngo­na­ngi sapa kang nyolong. Kanthi ilange kothak wasiat kasebut para warok mau ngira menawa kang bisa nyolong kothak kasebut mesthi warok kang sekti lan kadigdayane ngluwihi. Kejaba iku Ki Jambe Pitu sailange kothak wasiat kasebut en­tukwisik gaib kang surasane menawa bakal ana lelakon menawa kejayaane para warok ing gunung Srandil bakal musna.

Sabanjure apa kang dadi kekuwatirane Ki Jambe Pitu lan para Warok liyane dadi kanyatan. Ing sawijining dina ana uwong manca teka telu cacahe kanthi ora kenyana-nyana lan lumebu menyang Sanggar pa­mujan papan kanggo pirembugan para warok. Ki Jambe Pitu enggal ngonangi lan mangerteni menawa wong manca kang telu cacahe nembe teka iku ora kena diga­we gampang, mesthi wong wong mau wong kang sekti. Awit wong telu mau kanthi gampang nyingkirake para warok  anak buwahe Ki Jambe Pitu, mula kanthi gampang wong telu iku adhep adhepan karo Ki Jambe Pitu. Wong telu kang nembe teka iku ing antarane jenenge Gedug Gandamana, sawijine dhedhengkote wong sekti utusane Trunajaya kang nalika iku wis ngebroki kraton Mataram.

Sijine maneh arane Ki Tambak Yudha wong kang digdaya utusane pangeran Puger kang nalika semana ana ing Jenar (tlatah Bagelen) kang lagi samapta kanggo ngrebut baline kraton Mataram saka ta­nga­ne Trunajaya. Den sing sijine Kyai So­rohpati uga wong kang pinunjul kang diutus dening Adipati Anom kang rayine Pangeran Puger kanthi apangkat Senopati. Pangeran Puger  lan Adipati Anom iku putrane Susuhunan Prabu Amangkurat Mas, raja kang kepeksa jengkar saka kra­ton lan jengkare mangulon pernahe nganti tekan wewengkon Kabupaten Banyumas lan nganti tekan Ajibarang.

Dene tekane wong telu mau ing Paguron Jambe Pitu ora liya arep njaluk kembang Wijayakusuma (Ephiphyllumoxy­petallum) kang uga sok karan kembang merga mekroke mung ing wayah tengah wengi tabuh rolas pas. Wektu mekroke kuwi mung watara 20 menit sing mbabar gandha amrik wangi. Lan miturut saka kapitayan Jawa kembang iki minangka sarana bisa nguwasani Kraton Mataram. Mula saben mentas  ana jumenengan ratu ing praja Surakarta ingkang sinuhun mes­thi banjur utusan para abdi lan pangar­saning praja saperlu methik kembang Wijayakusuma kang banjur kaboyong kondhur ing kedhaton. Pamboyonge kudu ditindhakake kanthi rikat, aja nganti kem­bang kuwi tekan Solo wis alum. Sabanjure kembang Wijayakusuma iku banjur dima­sak lan didhahar dening ingkang Sinuhun.

Embuh mergane apa patemon anta­rane wong telu iku klawan Ki Jambe Pitu banjur nuwuhake pasulayan kang wusa­nane nuwuhake peperangan kang rame. Ing peperangan kasebut Ki Jambe Pitu, Ki Jambe Lima, Kyai Sambung Langu, Ki Kam­pret Ireng lan Ki Wasi Putih kabeh padha tiwas lan musna saragane.

Anehe wong telu iku kang padha padha utusan uga banjur padha tarung dhewe, kang kabeh kabeh kepingin ngrebut anane kembang gaib kang thukul ana ing pulo karang cilik sawetane pulo Nusakamba­ngan aran pulo Majeti. Jugare utusan katelu iku uga padha angemasi lan padha murca musna saragane.

***

Dene papan papan wingit ing gunung Selok iku adedhasar crita kasebut, banjur didadekake padhepokan Jambe Pitu lan padhepokan Jambe Lima. Papan dununge padhepokan Jambe Pitu lan Jambe Lima ikiu mung Lor Kidul rada ngenceng-enceng, menawa padhepokan Jambe Pitu kuwi dununge ana ing sandhuwure guwa Raha­yu lan Guwa Ratu, mung anehe sing didi­pundhi ing padepokan Jambe Pitu utawa Jambe Lima kok dudu mbah jambe Pitu lan mbah Jambe Lima utawa mbah Wasi Putih, mbah Kampret Ireng utawa mbah Sambung Langu. Lan uga dudu arwahe wong manca kang telu iku,yakuwi Mbah Gedug Gandamana apa Ki Tambak Yudha utawa Kyai Sorohpati.

Ananging kang dipepundhi ana ing padhepokan Jambe Pitu kuwimalah Den Bagus Langkung Kesuma lan den bagus Lengkung Kaswiri uga ing padhepokan Jambe Lima kang dipundhi PakCilik Cakra­wala lan mbah Mara. Dene kang ngembani ing Padhepokan Jambe Pitu minangka jurukuncine pak Tomo, dene ing padhe­pokan Jambe Lima kang kapercaya mi­nangka jurukuncine pak Warso. Lan  kang dadi juru kuncine Sanggar guwa Ratu kuwi Pak Nyaman pensiunan PNS ing Kec. Adipala, lan kang dadi jurukuncine ing Srandil kuwi pirang pirang, nanging kang minangka lurahe juru kunci kuwi pak Sungkono kang lenggah ing Gombong.

Saiki menawa arep menyang padhe­pokan Jambe Pitu utawa menyang Srandil kudu ngliwati gapura acakrik majapahit. Dene kang padha sowan sana ing padhe­pokan Jambe Pitu utawa Jambe Lima lan uga ing Sanggar guwa Ratu apadene guwa Nagaraja iku kabeh kang padha nggilut marang kapercayan marang Tuhan Yang maha Esa (Aliran Kepercayaan) klebu kang padha teka jiarah ing padhepokane Kaki Tunggal Jati Daya Among Raga uga kang padha jiarah ing papan papan wingit lan werid ing gunung Selok lan Srandil.

Para pinisepuh ngendikakake menawa gunung Selok nganti saiki isih nyimpen werna werna kang misteri kang durung kaweca utawa durung kawiyak. Kahanan kang anteng kanhi nyaman kuwi bakal bisa dirasakake menawa ngambah padhe­pokan Jambe Pitu utawa Jambe Lima. Semono uga ana ing gunung Srandil rasane mak nyes  krenyes atis nanging atine tentrem lan menawa nyawang mangidul kahanan segara Kidul agawe tentreme ati, mbok menawa merga antuk sawabe para luhur kang ana  ing gunung Srandil.

l (Isti Noegroho)

Berita Terkait

Samak Minggu Ini

img

img

Sumber Semangat

Yen kita weruh prau ing sandhuwure banyu kuwi bab kang lumrah, nanging dadi bebaya yen ana banyu ing njero prau. Mula kita kena mapanake ati iki ing jagad nanging aja nganti mapanake jagad ksb ing ati kita

Klik

MAYIT BAYI ?

Akeh restoran ing donya iki padha nyoba nyuguhake panganan kanthi cara kang aneh-aneh. Salah sijine kaya ing The Magic Restroom Cafe ing California iki. Restoran iki nyuguhake panganan kanthi tema “mangan mayit”. Senajan jabang bayi kang ana ing meja iki mung ethok-ethokan wae alias digawe saka pudhing. (d/ist)***

Pethilan

Ngrampungake kasus DPD kudu liwat jalur hukum

Sauger dudu hukum rimba

Mediasi Kraton Surakarta gagal

Ora usah dirujukake, rak kesel dhewe

Kursi DPRD Jatim, Jateng lan Jabar tambah

Taman Kanak-kanake saya rame…