Shalat Iku Mujudake Mikraj Tumraping Wong Mukmin
Diposting oleh : Administrator
Kategori: Agama Islam - Dibaca: 153 kali

Coba kita wigatekake, makna kang ki­nan­dhut ana ing dhawuhe Allah ing ndhu­wur, yaiku diterangake, manawa spirit Njeng Muhammad nalika ana ing tlatah Cakrawala kang paling dhuwur. Hiya posisi dhiri sing ngliawti (melampaui) tanggapan perasaan lan pikiran. Dadine, pikir lan dzikir (perasaan) mandheg jegreg (berhenti total). Kahanan iki disanepakake (diupamka­ke), manawa dhiri kita iku pindha sak cuwil biji wesi murni, dudu biji wesi murni iku sing teka (mara) menyang magnit, na­nging krana daya tarikan magnit sing hebat iku, sing njalari dadi ceked (keled) ing mag­nit iku. Spirite manungsa ora bisa munggah menyang cakrawala kang paling dhuwur iku, sebabe manungsa ditarik dening gaya gravitasi bumi. Usahane manungsa mung takhalli lan tahalli.

Manungsa mung bisa berjuwang (te­men-temen) ngresiki dhiri/jiwa (jiwane) sing kawong karan tadzkiyyatun nafsi (nu­ceni atine), lan pikirane sarta sipat-sipat kang ala (tercela). Wusanane banjur ngisi utawa ngrengga (menghiyasi) mawa  sipat sipat kang luhur, jujur, welas asih sarta jem­­bar segarane (seneng aweh pangapu­ra) lan liya-liyane.

Sing dimaksud sipat jujur ing kene, pancen angel banget ditindakake. Ora mung  ngucap apa anane. Jujur uga kalebu dhadha handhadha (pengakuan) secara jujur. Njeng Nabi s.a.w. piyambak uga wus kadhawuhan dening Allah supaya ngakoni, manawa panjenengane iku uga manungsa lumrah, padha karo manungsa liyane. Manungsa sing butuh mangan lan ngombe, turu lan tangi, kanggo nglestarekake uripe. Nabi uga mbangun (mangun) bale wisma, kanggo ngrembakake keturunane. Kajaba saka iku uga nyalurake kebutuhan  biolo­gise secara syah, kadi dene manungsa liya­ne. Ana ing Al-Qur’an uga diterangake, jejere minangka manungsa, uga ndarbeni rasa isin. Babagan iki diterangake, mana­wa sawijining wektu, nampa pawongan lum­rah ing sangarepe para penggedhe (pembesar) Quraisy. Iki maknane Njeng Nabi uga kagungan  keluwihan lan keku­rangan. Mung bae Njeng Nabi pikoleh pituduh langsung saka ngarsane Allah, manawa panjenengane nindakake samu­barang kang ora bener. Cakrawala kang dhuwur. Salah sawijining upaya kango mbe­ningake ati, ngresiki jiwane sing ka­wong karan tadzkiyyatun nafsi, yaiku ma­nungsa kudu mbrastha penyakit ati kang cumondhok ing jiwane manungsa, antara liya kaya kang wus kasebut ing ndhuwur, yaiku drengki, tamak, rakus, srakah, teka­bur (gumedhe), wengis, iri ati (kemeren) adigang, adigung lan adiguna lan liya-liyane. Kanthi resiking ati lan weninge jiwa, Insya Allah bakal tuwuh rasa welas asih (kasih sayang) marang sapadha-padha­ning titah. Dhemen tetulung marang liyan sing banget mbutuhake pitulungan, yaiku kang nandhang kasang saran (menderita). Lha tumraping manungsa kang wus bisa nindakake pakarti kang kaya mangkono iku, ateges dheweke wus kacipratan sipat-sipat Ilahiyah (asmaul husna), antara Arrah­man lan Arrahim saka ngarsaning Allah. Iki ndarbeni makna manawa ma­nungsa kang mangkono iku, bakal ketarik marang maqam spiritual, sing paling ce­dhak marang Allah, yaiku tlatah Cakrawala kang paling dhuwur. Iku kabeh kaya kang wus kaemot ana ing dhawuhe Allah Q.S. An-Najm (53)7-15) kasebut ing ndhuwur.

Hiya ana ing papan (maqam) kang dhu­wur iku (Sidratul Muntaha) Allah kepareng paring pituduh. Panjenengane paring pi­tuduh (wahyu) marang kawulaNe kang ke­pareng kaparingan pituduh. Sok sapa wong­e kang tumapak ana ing maqam (papan) iku (Cakrawala kang paling dhu­wur) kaparingan hidayah trep karo kadar (ukuran) kemampuan (kapasitas) kawula­Ne.

Lha banjur kepriye wigatine, manawa saben kawulaNe bisa kaparingan pituduh? Mangkene genahe: Al-Qur’an iku kita waca lan kita kaji (tela’ah) supaya dadi obor (pelita) tumraping wong kang maca Al-Qur’an kang mapan ana ing sajeroning dhadha kita. Hiya iki pangerten simbolis sing kita cakake ana ing pikir lan dzikir. Lha apa kang dumunung ana ing dhadha iku, mujudake pituduh (wahyu) Allah Kang Maha Kuwasa. Kanthi nindakake mikraj kita bisa mahami Al-Qur’an. Kanthi mang­­ko­no kita bisa mahami Al-Qur’an kang dumunung ana ing dhadha kita. Kan­thi Mikraj miturut pelaku sufi, bisa nindakake ibadah sing karan shalat daim. Yaiku shalat kang ajeg lan mantep nindakake shalate. Trep karo dhawuhe Allah mangkene mak­sude:

“Kajaba wong kang padha shalat. Kang dheweke iku padha ajeg man­tep nindakake shalat. (Illal mushalliin. Alladziina hum a’laa shalaatihim daa’i­muun” (Q.S. Al-Ma’aarij (70) : 22-23). 

Gemblenge, amar (perintah) Isra’ Mik­raj iku, banjur tuwuh prentah shalat daim. Yaiku shalat kang kudu ditindakake kanthi ajeg lan mantep. Shalat iku kanggo ibadah eling (dzikir) marang Allah.(Ash Shalaatu li dzikri, shalat iku kanggo ibadah eling ma­rang Allah). Lha ing pangerten kang ba­wera (omber), eling marang Allah iku becik ing nalika kita ing kahanan ngadeg, lung­guh, utawa turon. Trep karo dhawuhe Allah mangkene maksude:

“Yaiku wong-wong kang padha tansah eling marang Allah, ing nalika ngadeg, lungguh utawa turon. Lan dhe­weke padha mikir marang cinip­tane langit lan bumi. Ature: Dhuh Pangeran sesembahan para kawula, Paduka karsa anitahaken ing sadaya punika mboten sarana bebatalan (tan­pa guna). Maha Suci Paduka, mu­gi Paduka kersaa ngreksa mring kula saking siksaning neraka.” (Q.S. Ali Imran (3):191).

Dadi, makna kang kinadhut ing ayat iku, shalat daim, shalat sing ajeg lan man­tep iku ana ing sekabehing laku lan tindake manungsa kalebu ing wektu turu. Iki pa­ngerten simbolis, yaiku shalat iku ora gu­mantung  karo ruwang lan wektu. Shalat kang ditindakake terus terusan tanpa pe­dhot becik ing kahanan melek utawa turu. Dieling, makna shalat iku eling (dzikir) ma­rang Allah. (Ash-shalaatu li dzikri). Mang­kono mau makna simbolise. (Ana Candhake)

Berita Terkait

Samak Minggu Ini

img

img

Sumber Semangat

Wong kang akeh ngucapake kabecikan iku “luwih becik” katimbang wong kang seneng mbisu.

Klik

BALAPAN WEDHUS

Sawijining bocah cilik lagi melu tandhing ing sawijining lomba balapan nunggang wedhus utawa mutton busting. Acara kaya ngene iki cukup populer jroning pawai Fourth of July parade ing kutha Vale, Oregon, AS. (d/ist)***

Pethilan

Mendikbud ngajab, bayare guru honorer ndang diwenehke

Iki sing jenenge menteri zaman now!

Mendikbud ngajab, bayare guru honorer ndang diwenehke

Iki sing jenenge menteri zaman now!

Panglima TNI ditulak mlebu AS

Mengko gek merga, titttt…. (sensor!)