Bab Lemah Palenggah ing Tata Kaprajan Kejawen
Diposting oleh : Administrator
Kategori: Sejarah - Dibaca: 63 kali

Sabakdane Prajanjen Paliyan Negari utawa sing kawentar kanthi aran Prajanjen Giyanti ing dina Kemis 13 Februari 1755 M,  praja Mataram klakon disigar semangka, separo bageyan  sisih Wetan kagem Susuhunan Paku Buwono III  kang banjur dadi praja Surakarta Hadiningrat, separone maneh ing sisih Kulon dipasrahake marang Pangeran Mangkubumi sing banjur dadi praja Ngayogyakarta Hadiningrat. Kang diparo iku dudu ambane lemah (wewengkon), nanging cacahe “Patuh”. Para Patuh iku kaparingan lemah pelungguh lan palenggah iki mapanane pating plencar ora karuwan, miturut pasuwitane ana ing Praja Surakarta utawa nyang praja Ngayogyakarta. Gandheng para Patuh mau oleh paring dalem lemah pelungguh (bengkok) dhewe-dhewe, ndadekake tlatah kang sinigar semangka banjur pating plencar ora karuwan. Bab iku mesthi wae banjur kerep nuwuhake pradondi utawa dredah kang nganthi nuwuhake kurban jiwa lan brana picis.

Kanggo ngilangi pasulayan, Kompeni Walanda banjur nata pambegeyaning negara maneh miturut jembaring pale­mahan utawa wewengkon. Sekawit Kasultanan Ngayogyakarta nampa bageyan 53,100 karya (= bahu, cacah) ing wewengkon Negaragung (yaiku tlatah sakiwa-tengene kuthagara utawa kutha negara yen tembung saiki ibukota), semono uga ing Kasunanan Surakarta.  Ing wewengkon Manca negari praja Ngayogyakarta kebageyan 33.950 karya, dene Kasunanan  tampa 32.250 karya, kang tegese kacek 1600 karya, jalaran kang dibagehake marang Ngayogyakarta kahanan lemahe kang kurang subur utawa kurang loh jinawi lan kang ana brang Wetan, dadi ora kepanduman Mancanegara kang ana ing sisih kulon (Banyumas saenterone kang kapetung lemah subur loh jinawi). Kamangka mbiyen sing dadi bupati ing Banyumas Raden Tumenggung Yudhanegara III kang banjur jinunjung dadi pepatih dalem kraton  Ngayogyakarta kanthi asma Raden Adipati Danurejo I.

Kanggo ijole, Ngayogyakarta nampa tlatah Madiun, Magetan, Caruban lan saparone Pacitan, Kertasana, Kalang­bret, Ngrawa (Tulungagung), Japan (Mojo­kerto), Jipang (Bojonegoro), Teraskaras, Ngawen, Kuwu Wirasari lan Grobogan (Purwodadi) lan Sela (pesareyane para leluhur Mataram). Uga duwe Mancanegari ing sisih kulon se­cuwil, yaiku Karanganyar kang uga aran Roma, supaya ethok ethoke Ngayog­yakarta uga duwe Mancanegari ing siring Kulon.  Dene kang nyekel pe­prentahan Mancanegari ing brang Kulon tumrap Ngayogyakarta yaiku Bupati Roma, tumrap Surakarta Bupati Banyumas. Bab iku ngenani Mancanegari sing siring Wetan  tumrap Ngayogyakarta sing dadi panggedhene Bupati Wadana ing Madiun, dene  tumrap bawah Surakarta Bupati Wedana ing Kediri.

Peprentahan Nagari uga diparo, yen ing taun 1744 M cacahing nayaka njaba ana 8 lan nayaka njero ana 4, saiki saben praja Kejawen duwe nayaka njawi cacah 8 lan nayaka lebet cacah 2. Gandheng kang nganakake cacahing nayaka dadi 8 lan 4 kuwi Sampeyan Dalem Ingkang Sinuhun Kangjeng (SDISK) Susuhunan Amangkurat II, mula bab cacahing nayaka njawi wis padha trima, jalaran wis bali marang paugeran lan tatanan  lawas kang dianggep adiluhung.  Nanging tumrap cacahe nayaka lebet kepeksa nambahi, supaya padha karo tatanan kuna utawa lawas. Lan wiwit 1755 Kasultanan Ngayogyakartya duwe nayaka njaba 4, nayaka numbak anyar, Panumping, Bumija, lan Sitisewu, sarta nayaka lebet 4, Nayaka Keparak Kiwa, Keparak Tengen, Gedhongkiwa lan Gedhongtengen. Tatanan ing Sala uga padha, nanging numbak anyar di arani Bumi Gedhe (Siti Agung yaiku lor kulon Surakarta lan sisih kidul wetan Sema­rang) lan Bumijo mung diarani Bumi ngono wae.

Prelu kawuningan menawa ing taun 1812 M bawah Kedhu dadi lemah Gupermen, mula Nayaka Bumi lan na­yaka Bumija kang bawahe, kari pang­kat thok.  Nalika taun 1830 M, Bagelen dipa­srahake marang Gupernemen kanthi mangkono kang kelangan bawah banjur Nayaka Numbak Anyar (Ngayogyakarta lan Siti Sewu tumrap Surakarta) sarta uga banjur karo aran pangkat thok. Uga bareng taun 1830 M mau kikis Nga­yogyakarta lan Surakarta karembug maneh amrih luwih cetha. Nayaka panumping ing Kasultanan banjur kari aran thok. Apamaneh bareng ing taun 1831  Kapulisen ing wewengkon Mata­ram sing sasuwene iki dadi kuwajibane Nayaka nJawi dipasrahake marang Bupati Pulisi.  Kanthi mangkono bawahe Nayaka nJawi ing Ngayogyakarta banjur entek, nuli padha diparingi pagaweyan liya. Tumrap ing Kasunanan bab mau ing taun 1847, ing taun iku ing Sala uga diarani Bupati Pulisi.

Nalika taun 1831 ing Ngayogyakarta dianakake brebahan peprentahan, gandheng bawahe disuda, supaya pa­prentahane laras (cocog) karo kahanan anyar, Ngayogyakarta diperang dadi telung wewengkon :

1. Mataraman, kikise kulon Kali Progo, wetan kali Opak, lan dadi leng­gahe para Patuh, dadi memper Nega­rigung, nanging mung cilik-cilikan.

2. Kulon Progo, kikis wetan Kali Pro­go, kulon Bagelen lan dadi lemah pelung­guhe Kangjeng Gusti Pangeran Adipati Anom (ing Pengasih 1.200 karya) lan liyane dadi lemah Pamajengan, ing sisih kidul kikis karo karo Adikarto kagungane Kadipaten Paku Alaman sing jembare 4.000 karya.

3. Gunung Kidul, tlatah pegunungan karst (gamping) sawetane Kali Opak lan dadi lemah pamaosan dalem (pema­jengan) padha karo Mancanegara ing jaman kuna, dadi bawahe Pepatih dalem. Iya ing taun 1831 iki dumadine Kabu­paten kabupaten ing Ngayogyakarta.

Ing Kasunanan Surakarta

Yen mangkono cetha Nagarigung lan Mancanegarine Ngayogyakarta wis diperang-perang Mataraman dadi 3 wewengkon kang siji-sijine dipandhe-gani Bupati Wedana Distrik (Hoofdre­gent) lan kaparingan sesebutan ke­lenggahan Tumenggung : 1. Sleman (sadhurunge aran Dhenggung), 2. Ka­lasan, lan 3. Bantul.  Tumrap Kulonprogo Pengasih diku­wasani Bupati wedana Distrik Pamajengan dalem. Uga ing Sentolo diarani panggedhening distrik, kapari­ngan sesebutan Riyo. Mangkono uga kang dadi  panggedene Gunung Kidul lan nyekel panguwasa tumrap lemah pamaosan dalem kaparingan sesebutan Riyo.

Sadhurunge taun 1851 M ing Nang­gulan (saiki dadi  kecamatan bawah Kabupaten Kulonprogo) wis dianani Bu­pati ing taun 1851. Nanggulan dipa­srahake bali marang Kasultanan (sadu­runge , yakuwi ing taun 1831 – 1851 diasta dening Pangeran Adipati Pra­buningrat) Mangkono uga Kaliba­wang sadhurunge taun 1856 wis di­tandhuri Bupati lan ing taun 1855 kuwi uga dikundhurake marang Kasultanan (ing taun 1831 – 1855 dadi bawahane Pangeran Adipati Mangkudiningrat).

Ing Surakarta taun 1847 wewengkon njabaning kutha diperang dadi Kabu­paten Pulisi 5, awit ing wektu semana diaranibrebahan ing tatanan Kapulisen lan pangadilan. 1. Kabupaten Klaten, 2. Kartasura, 3. Boyolali, 4. Ampel (biyene Gagatan) lan 5.  Sragen (biyen jenenge Pajang utawa Panekar). Ing jaman mbiyen Boyolali lan ampel dadi siji Ka­nayakan Bumi Gedhe, Sragen kanayakan Panumping. Ing taun 1872, dianani apa kang diarani “Onderregenschap” Su­koharjo, wewengkon ing wetan kali Dangkeng tekan bawah Kadipaten Mangkunegaran.

Bawah kasunanan kang ana ing tlatah praja Kadipaten Mangkunegaran Latung, klebu bawah Sukoharjo.

Ing taun 1893 lan 1900 tatanan Ka­bupaten ing Surakarta diowahi. Kabu­paten Pulisi Kartasura lan Ampel kaso­wak, dene wewengkone dipecah dadi 3 lan digabungake marang kabupaten Pulisi Boyolali, Surakarta lan Klaten. Kanthi mangkono ing Kasunanan kari tinemu patang kabupaten Pulisi Surakarta, Klaten, Boyolali lan Sragen.

Praja kadipaten Mangkunegaran, nalika tanggal 27 Maret 1757, RM Said tampi patisara (piagam) saka Ngarsa Dalem Sampeyan Dalem Ingkang Sinuhun Kangjeng Susuhunan Paku Buwono III kang isine misuda RM Said dadi Pangeran Miji, kanthi sesebutan Pangeran Adipati Mangkunegara lan kaparingan lemah palenggah 4.000 karya, kang separo klebu kukuban Man­canegara (Kadhuwang), kang separo dumunung in Laroh, Metasih lan Gu­nung Kidul (Ngawen, Ponjong, Semanu). Lungguh 4.000 karya iki tembene dadi desa Bobok (run temurun) ing Mang­kunegaran

Kepyakan utawa wisudan mau kedadeyan sawise ing surya kaping 24 Februari 1757. RM Said kersa nungkul marang Susuhunan PB III ing desa Grogol, sakidule kutha Sala lan sineksenan uga dening pepatih dalem Ngayogyakarta, Raden Adipati Danurejo I minangka utusan dalem SDISK Sultan HB I, . P. Notokusumo lan Tumenggung Sawunggaling, dene Surakarta diwakili dening Raden Adipati Mangkupraja, Tumenggung Arumbinang, lan Tumeng­gung Wiradigda. KGPAA Mangkunegara kajaba sumpah setya marang Susu­hunan PB III uga kudhu sumpah setya marang Walanda. Sabanjure KGPAA Mangkunegara III ora perlu sumpah setya maneh marang Susuhunan PB III, cukup mung marang Kompeni Walanda bae. Kajaba mangkono wiwit Mang­kunegara III yen durung yuswa 40 taun ora wenang ngagem asma Mangku­negara, nanging asma Prangwadana. Sanajan wis yuswa 40 taun nanging ora setya tuhu marang  Walanda ora wnang ngagem asma Mangkunegara.

Kaipaten Mangkunegaran ing taun 1847 kaperang dadi 3 Onderregenschap sing dipandhegani dening Wedana Gunung utawa Wedana Pulisi, yakuwi 1. Karanganyar ing sisih lor wetan, 2. Wo­no­giri (tengah) lan 3.Malangjiwan (sisih kulon) kang ing taun 1875 kasowak lan banjur digabungake marang Onder­regenschap anyar. Baturetno, Ngawen kang wujud enclave  ing tlatah Ngayog­yakarta klebu bawahan Baturetno, kang ing taun 1891 kasowak lan digamblokake marang Wonogiri.

Sekawit peprentahane diasta dening kangjeng Gusti piyambak, kabantu Regent Patih kang kalenggahane  kapa­dhakake Bupati lan kapasarahan pa­prentahaning nagari. Sekawit Regent Patih kuwi ana loro : 1. Kang menga­gengi puggawa lan kang ngasta/ngurusi bot repoting pura Mangkunegaran. 2. Kang dadi pengageng prajurit lan mengagengi pangrehpraja ing njaban kutha. Sajrone KGPAA Mangkunegoro II jumeneng mewahi cacahing Regent Patih mau dadi telu kang kuwajibane mbiyantu ing babagan keprajuritan.

Nalika jumenenge KGPAA Mang­kunegoro III cacahe Regent Patih mau kadadekake 2 maneh : 1. Regent Patih kang dai pengagenge Putra Sentana sarta Prajurit. 2. Regent Patih kang ngasta pagaweyane Patih Lebet lan nJawi kaya ing sakawit. Suwening suwe kang kasebut ing angka 2 banjur digamblokake marang kang angka 1, yakuwi ing taun 1848. Regent Patih iki uga abdidalem kadipaten Mangku­negaran, ora kaya Patih ing Kusunanan lan Kasultanan sing ngabdi marang bendhara loro, yakuwi ngabdi ratu lan Walanda.

Sajrone penjajahan Inggris (1812) tlatah Kedhu dicaplok penjajah. Mangka Kedhu iku klebu Negara gung kang akeh banget pametune lan banjur ngowahi tatanan lungguh (bengkok) ing Negara gung ing jamane Sri Sultan HB III. Mula Sri Sultan HB III banjur maringi tam­bahan dhuwit marang para abdi dalem kang suda bengkoke. Tanggal 28 Juni 1812, kolonial Inggris njumenengake Sri sultan HB III kanthi ngendhangake Sultan HB II menyang pulo Pinang. Sekawit tebahane Paku Alaman iku ana ing Bagelen lan Pajang, wusanane dilironi Urutsewu (Kulonprogo) iring kidul. P. Mangkunegoro II nampa wuwuhan pa­lemahan 1.000 cacahe merga anggone mbiyantu Inggris ngrabasa ing kraton Ngayogyakarta kang banjur kawentar kanthi aran geger Spehi.

Ing tanggal 17 Maret 1813 Gubernur Jenderal Raffles njumenengake Pa­ngeran Natakusuma minangka Pangeran Mardhika ora ndadak jumeneng pa­ngeran Miji dhisik kaya KGPA Mang­kunegoiro I. Kejaba kuwi Kadipaten Puro Paku Alaman uga dikeparengake duwe prajurit jaranan (kavaleri) 100, nganggo palemahan jembare 4000 karya kaya kang katampa P Mangkunegara ing taun 1757.

Ing taun 1822 Pangeran Mangku­negoro diwenangake ngagem sesebutan Adipati, sawise taun 1821 KGPA Mang­kunegoro II ngagem sesebutan Adipati awit saka wewenange Guper­nemen Walanda. Ing taun 1878 kepa­ringan ganjaran sesebutan Arya saka Gupermen (sasengga sesebutane dadi KGPAA Mangkunegara ing taun 1796).

Miturut katrangan kang kaparingake dening Sekretariat Praja Mangkunegaran marang wartawan PS, wiwit bakda ade­ging Negara Kesatuan Republik Indone­sia, Kangjeng Gusti Mangkune­goro VIII wis nyuwak lan wis ora ngagem sese­butan paringane Gupermen Wa­landa maneh, lan cukup ngagem se­sebutan Kangjeng Gusti Pangeran Mangkunegara. Tumrap Kadipaten Paku Alaman sese­butan iki isih tetep lestari diagem.

Bawah Kadipaten Paku Alaman kang ana kutha mapan ing sawetane kali Code winatesan dalan Jagalan-Juminahan- Bahusasran - Sukun tekan kalen mangidul - Sentul- Mergangsan Surakarsan- Bintaran. Ing njaban kutha bawahe ana ing tlatah sakulone kali Progo iring kidhul lan ing kunane aran  Kabupaten karangkemuning. Kaya kang wis diaturake dening penulis ing udayana PS sauntara taun kepungkur,  menawa punjere Kabupaten Karangkemuning ana ing Brosot, mula uga sok karan Kabupaten Brosot. Bakda taun 1877 bareng rawa rawa ing wewengkon iku bisa disat, banjur kaparingan jeneng Adikarta ( ing jamane KGPAA Paku Alam V) lan kutha krajane dilih menyang Bendungan lan suwening suwe banjur pindhah menyang Wates.

Ing tanggal 1 Mei 1851 Adikarta kablengketake karo Kabupaten Kulon Progo (Ngayogyakarta) lan kaparingan jeneng Kabupaten Kulon Progo kanthi kutha krajane anba ing Wates. Bab iki diundhangake ing tanggal 29 Desember 1951 lan tumapak wiwit 1 Januari 1952.

Ing Kabupaten Karang Kemuyning Adikarta katanduran Bupati kang ngesuhi peprentahan. Gandheng kang ana ing kutha mung dadi  sakukuban Asistenan, mula mung ditindhakake  Asisten We­dana kutha Paku Alaman kang ngrang­kep Sekretaris praja Paku Alaman. Kejaba mangkono KGPAA Paku Alam dibantu Regent patih kang uga abdi­dalem Paku Alaman kang ora ngrangkep amtenar Gupermen. (cunthel).

n

Berita Terkait

Samak Minggu Ini

img

img

Sumber Semangat

Wong kang akeh ngucapake kabecikan iku “luwih becik” katimbang wong kang seneng mbisu.

Klik

BALAPAN WEDHUS

Sawijining bocah cilik lagi melu tandhing ing sawijining lomba balapan nunggang wedhus utawa mutton busting. Acara kaya ngene iki cukup populer jroning pawai Fourth of July parade ing kutha Vale, Oregon, AS. (d/ist)***

Pethilan

Mendikbud ngajab, bayare guru honorer ndang diwenehke

Iki sing jenenge menteri zaman now!

Mendikbud ngajab, bayare guru honorer ndang diwenehke

Iki sing jenenge menteri zaman now!

Panglima TNI ditulak mlebu AS

Mengko gek merga, titttt…. (sensor!)