Akhlaqul Karimah Sarta Mukjizat Rasulullah (6)
Diposting oleh : Administrator
Kategori: Agama Islam - Dibaca: 49 kali

(Lan Ingsun ora ngutus marang sira (Muhammad), kajaba dadi rahmat marang Jagad Raya). (Q.S. Al-Anbiyaa (21) : 107)

 

3. PIKUKUH KENABIAN.

a). Ing kitab Taurat. Sipat-sipate Rasulullah saw.sing disebutake ing kitab-kitabe para Nabi sadurunge (Nabi Mu­hammad). Ing babagan iki Bukhari saka Baihaqi (bertemu) Abdullah bin Amru, ban­jur ngendika: Coba sliramu nyritakake si­pat-sipat Rasulullah saw. ana ing kitab Tau­rat. Dheweke nuli asung wangsulan, sate­mene  Rasulullah digambarake karo seba­gian sipat Rasulullah ana ing kitab Al-Fur­­qan (Al-Qur’an) mangkene keterangane : “He Nabi, satemene

Ingsun ngutus marang sira minangka dadi seksi sing nggawa kabar gumbira sarta pepenget (peringatan) njaga marang para ummi. Sira iku abdin Ingsun, lan utu­san Ingsun. Ingsun paring peparab mang sira Al-Mutawakkil (wong sing tawakkal). Sira dudu pawongan kang kasar. Lan sira dudu pawongan kang adol omong (ber­koar-koar) ing pasar. Lan ora asung piwa­les tumindak ala karo tumindak ala, nanging sugih pangapura lan jembar dha­dha (lapang dada). Allah ora bakal nyabut jiwane (nyawa), saengga njejegake aga­ma kang bengkong.” Sing maksude mana­wa ora ana sesembahan kajaba mung Allah sawiji. Lan panjenengane mbuka netra kang wuta, sarta pangrungu kang tuna ing rungu dalah kalbu kang tinutup.

b. Ing kitab Injil. Uga Yunus bin Bukhair, ngriwayatake saka Aisyah, mana­wa Rasulullah saw. tinulis ana ing kitab Injil. Panjenengane dudu pawongan kang kasar, sarta dudu pawongan kang mbegu­gug ngutha waton, tumindak sak karepe dhe­we. Lan panjenegane dudu pawongan kang dhemen ngobrol lan adol omong ana ing pasar, sarta ora asung piwales tumin­dak ala karo tumindak ala, kajaba asung paring pangapura sata jembar penggalihe (lapang dhadha), sarta ciri-ciri anggane (ang­gota badannya), endah dinulu.

Kajaba saka iku Al-Baihaqi uga  ngriwa­yatake, nalika Allah nyedhekake (taqarrub) Musa kanggo munajat, panjenengane ngu­nandika, dhuh Pangeran sesembahan ka­wula, kawula manggihaken wonten ing kitab Taurat satunggaling umat ingkang mujudaken umat ingkang sae. Umat puni­ka amar makruf lan nahi mungkar (marin­tah kabecikan sarta nyegah tumindak ala)sarta iman dhumateng Allah. Ya Allah, mugi-mugi Paduka kepareng ndados­aken umat kawula makaten.

Allah dhawuh:“Iku umat (Nabi) Mu­hammad”.

Nabi Musa uga nerangake ing kitab Tau­rat, umat sing ndarbeni kitab suci mapan ana ing dhadhane umat mau (hafidz, apal). Umat mau maca kitabe kanthi apal. Dene umat sadurunge, maca kitab sucine kanthi ndulu, ora ngapalake. Mugi- mugi ingkang makaten kala wau dados umat ka­wula. Allah paring dhawuh sing maksude mangkene: “Umat sing mangkono iku, ya­iku umate Muammad.” Musa tumuli nerus­ake pangandikane; “Dhuh Pangeran  se­sem­bahan kawula, kula manggihaken won­ten ing kitab Taurat, satunggaling umat ingkang iman dhumateng kitab-kitab ingkang dipun turunaken ingkang sepisan ngantos pungkasan, merangi  dhumateng pemimpin ingkang sasar, ngantos merangi manungsa ingkang dusta lan duraka. Mugi Paduka ndadosaken umat kawula kados makaten. Allah nuli paring dhawuh mang­kene: “Umat kang mangkono iku, yaiku umat Muhammad.”

Isih gegayutan karo kitab Taurat, Nabi Musa uga ngunandika: “Dhuh Pangeran se­sembahan kawula, saestunipun kula  mang­gihi wonten ing kitab Taurat, umat ingkang gadhah kitab suci, umat kala wau maos kitab sucinipun wonten dhadhani­pun. Dene umat saderengipun umat kala wau maos kitab sucinipun kanthi ndulu, mbo­ten ngapalaken. Mugi-mugi Paduka ndo­saken umat kawula kados umat kala wau. Allah paring dhawuh: “Umat kang mangkono mau, yaiku umat Muhammad”.

Nabi Musa banjur ngendikakake ma­neh: “Dhuh Gusti Allah, Pangeran sesem­bahan para kawula, wonten ing kitab Tau­rat, kula mangihaken satunggal (satungga­ling) umat, manawi umat kala wau niyat nindakaken dosa, mboten dipun cathet. Lha manawi  nindaken lajeng dipun cathet minangka tumindak dosa. Dene manawi umat kala wau niyat nindakake kebagusan, nanging dereng/ mboten nindakaken, ci­na­thet setengah kebagusan. Lha manawi umat kala wau nindakaken kebagusan, umat kala wau cinathet pikantuk ganjaran tikel kaping sedasa ngantos  kaping pitung atus. Mugi Paduka ndadosaken umat ka­wula kados makaten. Allah paring dha­wuh: “Umat kang kaya mangkono mau, yaiku umat Muyhammad.”

c. Ing kitab Zabur. Wahab bin  Mu­nabbih ngriwayatake kisahe Dawud lan apa sing diturunake wahyu marang dhe­weke iku ing kitab Zabur.

Mangkene:“He Dawud! Satemene ba­kal tumeka sawijining Nabi sing jujur lan  kinurmat. Ingsun ora duka selawase, sarta dheweke ora ndadekake (marang) Ingsun duka selawase. Ingsun wus kepareng paring pangapura dosane sing wus kelakon lan sing bakal tumapak. Umate mujudake umat sing disenengi (disayangi). Ingsun kepareng maringi ibadah sunnah, kaya sing dak paringake marang para Nabi. Ingsun uga majibake ibadah fardlu, kaya sing Ing­sun paringake marang para Nabi lan Rasul, saengga wong-wong mau bakal sowan ma­rak ana ngarsanIngsun ana ing dina Qi­ya­mat ing ndalem swasana cahyane wong mau pindha cahyane para Nabi lan Rasul. Fenomena (swasana) mangkono mau dumadi krana Ingsun majibake mring wong mau sesuci (wudlu) saben arep nin­dak­ake shalat, kaya dene Ingsun wus ke­pareng majibake marang para Nabi lan Rasul sadurunge wong mau. Ingsun uga wus kepareng paring parintah marang umat mau adus sawuse saresmi (jimak), kadi dene Ingsun wus kepareng paring pe­rintah marang para Nabi sadurunge umat iku. Ingsun uga wus kepareng paring pa­rintah marang umat mau nindakake ibadah haji, kadi dene Ingsun wus kepareng paring parintah marang para Nabi sadurunge umat mau. Ingsun uga wus kepareng paring parintah jihad, kadi dene Ingsun wus kepareng paring parintah marang para Nabi lan Rasul sadurunge umat mau”. 

(Ana Candhake)

 

Berita Terkait

Samak Minggu Ini

img

img

Sumber Semangat

Wong kang akeh ngucapake kabecikan iku “luwih becik” katimbang wong kang seneng mbisu.

Klik

BALAPAN WEDHUS

Sawijining bocah cilik lagi melu tandhing ing sawijining lomba balapan nunggang wedhus utawa mutton busting. Acara kaya ngene iki cukup populer jroning pawai Fourth of July parade ing kutha Vale, Oregon, AS. (d/ist)***

Pethilan

Mendikbud ngajab, bayare guru honorer ndang diwenehke

Iki sing jenenge menteri zaman now!

Mendikbud ngajab, bayare guru honorer ndang diwenehke

Iki sing jenenge menteri zaman now!

Panglima TNI ditulak mlebu AS

Mengko gek merga, titttt…. (sensor!)