Akhlaqul Karimah Sarta Mukjizat Rasulullah (5)
Diposting oleh : Administrator
Kategori: Agama Islam - Dibaca: 44 kali

(Lan Ingsun ora ngutus marang sira (Muhammad), kajaba dadi rahmat marang Jagad Raya). (Q.S. Al-Anbiyaa (21) : 107)

Ing babagan iki Imam Bukhari lan Nasai uga ngriwayatake, mawa matan hadits (re­daksi) sing beda, nanging maksude pa­dha. Kanthi mangkono, uga bisa dimanger­teni lan dipahami, sikep utawa patrape Njeng Nabi iku samadya utawa lembah manah, ora kepengin dadi raja sing Nabi, nanging panjenengane milih dadi abdi kang Nabi, sing khatamul anbiyaa wal mur­salin, sing dadi akhir utawa punkasaning Nabi lan utusaning Allah.

f. Papan sare kang samadya. Sa­wu­se Njeng Rasul (panjenengane) milih dadi abdi lan Nabi, ing sawijining wektu Njeng Nabi nuli khalawat (nyepi) ana ing sawijining papan. Umar Ibnu Khaththab sowan ana ing ngarsane Njeng Nabi. Ing papan iku ora ana apa-apa, kajaba dha­haran kang  samadya, prasaja banget.

Pranyata Njeng Nabi sare ana ing ndhu­wure wedhi, lan dinulu ginurat ana ing anggane Njeng Nabi. Andulu swasana kang kaya mangkono mau, Umar Ibnu Khaththab trenyuh atine, banjur tumetes luhe. Njeng Nabi nuli ndangu: “He Umar! Apa sing njalari sira kembeng-kembeng luh (nangis)? Ana perlu apa?” Nuli Umar Ibnu Khaththab matur: “Dhuh Njeng Ra­sul Rasulullah, panjenengan punika pilih­an Allah ing antawaispun makhluq Allah.

Kisra lan Kaisar (Romawi) punika ge­sang­ipun mewah sanget”. Rasulullah di­nulu pasuryane ketingal mbranang (abang) terus ngendika mangkene:“Apa sliramu (atimu) was-was he Umar Ibnu Khaththab?”  Ra­sulullah ban­jur nerusake pangandika­ne:“Pawongan sing kok critakake iku, yaiku wong-wong kang sinengkakake (disegera­kan) piko­leh kebecikan mungguhing pang­uripan ing donya”. Kajaba saka iku Imam Muslim uga nerangake maksude mangke­ne: “Apa sliramu ora rila wong-wong mau pikoleh donya  lan kita pikoleh Akhirat?”

Umar nuli munjuk atur: “Kula rila  Njeng Rasul”. Banjur Rasulullah ngendika maneh mangkene: “Yen pancen mang­ko­no sira tansah memuji marang Allah (se­kabehing pangalembana kagem Allah Dzat Kang Maha Agung).”

g. Pilih kamulyan Akhirat. Sawuse sesasi swasana mau dumadi, Allah ban­jur kepareng dhawuh (turun wahyu) ma­rang Rasulullah saw supaya paring pili­han marang para garwane Njeng Nabi, mangkene maksude: “He Nabi Muham­mad! Sira dhawuha marang para gar­wa­nira manawa sira kabeh paha seneng ngarepake (dhemen) panguripan donya sarta pepaesane, mara padha mrenea! Dak paringi bebungah (paweweh mana suka) lan banjur dak lebarake paning­kah­ku (diceraikan) kalawan becik-becik. Dene manawa sira ngarepake ridlaning Allah lan utusanE, sarta kesenangan ing Akhirat, sanyata Allah wus nyediyakake ganjaran kang agung tumraping wong wadon saka sira kang padha tumindak becik.” (Q.S. Al-Ahzab (33):28-29).

Salah sawijining conto pilihan diwi­witi saka Aisyah, mangkene ngendikane Njeng Nabi:” Satemene aku bakal ngen­dikakake marang sliramu sawijining bab, nanging sliramu ora perlu age-age, sa­eng­ga sliramu nyuwun pituduh lan (uta­wa) tetimbangan marang kekarone wong tuwanira”. Njeng Nabi nuli maos Al-Qur’an Surat Al-Ahzab (33):28-29. Aisyah banjur matur: “Punapa sesambe­tan kaliyan masalah punika kula kedah nyuwun tetimbangan kaliyan tiyang se­puh kula kekalih? Saestumipun kula milih Allah dalah Utusanipun sarta Akhirat”. (HR. Shaheh). Pangandikan kang mang­kono uga marang para garwane Njeng Na­bi liyane, ngaturake pamilihan kadi dene  sing dingendikakake dening Aisyah.

h. Sare (istirahat) ing kasur jai­tan. Hadits sing diriwayatake dening Anas bin Malik, nerangake manawa dhe­weke ndulu Rasulullah sare ana ing kasur jaitan, yaiku kasur sing dijait nganggo tali sing ditampar (dipintal). Ngagem ka­jeng sirah (bantal) saka kulit. Sing diisi karo suket garing (jerami). Umar Ibnu Khaththab uga manggihi Rasulullah, be­barengan karo para sahabat. Lha nalika Rasulullah alihan, malik sarirane, Umar Ibnu Khaththab ndulu guritan (labet) je­rami ana ing sarirane (badannya). Umar Ibnu Khaththab ora tegel ndulu swasana kang kaya mangkono mau. Kembeng-kembeng luhe, tumetes banyu wening ana ing pojok mripate, nangis mingseg-mingseg. Rasulullah banjur ndangu, apa sing njalari Umar kok nganti sesenggru­kan (nangis)? Umar atur wangsulan, ma­nawa dheweke nganti nangis, amarga karanta-ranta, dene Kisra lan Kaisar iku uripe lelumban kamewahan donya, dene panjenengan namung kados makaten. Rasulullah nuli ngendikan: “He Umar! Apa sliramu ora rila ana wong-wong kang le­lumban ing kanikmatan  donya? Dene ka­nikmatan Akhirat iku kanggo kita! Umar Ibnu Khaththab nuli atur wangsulan, “ka­singgihan Njeng Rasulullah.” Rasulullah nuli paring dhawh marang Umar, “hiya mangkono iku sing samesthine.” (HR. Anas bin Malik, matan (redaksi) Hadits shaheh).

Swasana (fenomena) sing dialami Ra­sulullah kasebut, uga diriwayatake de­ning Imam Ahmad saka Anas bin Malik. Kajaba saka iku Hadits riwayat Abu Daud Athayalisi saka Al’Qamah ibnu Mas’ud uga nerangake, swasana kaya sing dia­lami Rasulullah kasebut. Wusanane Njeng Rasul paring dhawuh, mangkene: “Apa urusanku karo donya? Panjeneng­ane lan Donya iku pindha Musafir sing lagi ngiyub ana sangisore wit, nuli panje­nengane bakal tindak ninggalake wit mau ing wektu sore.” (HR. Ibnu Majah).  

i. Dhaharan samadya. Hadits sing diriwayatake dening Ahmad saka Aisyah r.a. nerangake, manawa ana ing ndalem ko­no, watara sesasi methethet ora ana uru­bing geni ing pawon. Iki ngandhut mak­na, manawa nalika iku ora ana samu­ba­rang sing dimasak (diolah). Ing kono sing ana mung kurma sarta banyu putih. Mang­kono mau antara liya laku zuhude Rasu­lullah saw mung samadya ing samubarang kalire. Kahanan kang mangkono mau si­nek­senan dening para sahabat, sing tan­sah nuladhani marang laku tindake Rasu­lullah.   (Ana Candhake)

 

Berita Terkait

Samak Minggu Ini

img

img

Sumber Semangat

Wong kang akeh ngucapake kabecikan iku “luwih becik” katimbang wong kang seneng mbisu.

Klik

BALAPAN WEDHUS

Sawijining bocah cilik lagi melu tandhing ing sawijining lomba balapan nunggang wedhus utawa mutton busting. Acara kaya ngene iki cukup populer jroning pawai Fourth of July parade ing kutha Vale, Oregon, AS. (d/ist)***

Pethilan

Mendikbud ngajab, bayare guru honorer ndang diwenehke

Iki sing jenenge menteri zaman now!

Mendikbud ngajab, bayare guru honorer ndang diwenehke

Iki sing jenenge menteri zaman now!

Panglima TNI ditulak mlebu AS

Mengko gek merga, titttt…. (sensor!)