Akhlaqul Karimah Sarta Mukjizat Rasulullah (4)
Diposting oleh : Administrator
Kategori: Agama Islam - Dibaca: 45 kali

(Lan Ingsun ora ngutus marang sira (Muhammad), kajaba dadi rahmat marang Jagad Raya). (Q.S. Al-Anbiyaa (21) : 107)

 

d. Ati-ati botol-botol kacane pe­cah. Ati-ati yen botol-botol kacane pe­cah, iku samudana tumraping wanita. Wanita iku alus bebudene, luwes tindak lakune sarta ringkih sarirane. Ing ba­bagan iki ana sawijining Hadits sing diri­wa­yatake dening Ahmad saka Anas bin Malik nerangake, manawa ing sawijining wektu Njeng Nabi pinuju tindak-tindak, ameng-ameng.

Nalika semana ana pawongan kang karan Anjasiyah nggiring unta sing dititihi (dinaiki) dening garwa-garwane Njeng Nabi. Dumadakan Anjasiyah mecut unta kasebut, saengga unta mau mlayu banter, nganti tumapak ana ing ngarsane Njeng Nabi. Wusana garwa-garwane Njeng Nabi nuli tindak (mlaku) nganti tumapak ing ngarsane Njeng Nabi. Lha,  priksa kahanan kang kaya mangkono mau Njeng Nabi nuli ngendika marang Anjasiyah. Wah, cilaka temen kowe. Sing ati-ati marang botol-botol kaca iki. Dene maksud pangandikane Njeng Nabi mau “ati-ati marang botol-botol kaca iku”, yaiku tembung sanepan tumrap garwa-garwane Njeng Nabi.

 

e. Ing Suwarga ora ana wong tuwa. Turmudzi nerangake babagan tum­rap karakter (tabiat) Njeng Nabi, an­tara liya mangkene. Ing sawijining wektu ana wanita wus sepuh sowan marang ngarsane Njeng Nabi, banjur munjuk atur ing ing ngarsane Njeng Nabi:

“Dhuh Njeng Rasulullah, mugi pan­jenengan kepareng ndongakaken dhu­ma­teng kula, mugi-mugi kula sageda mle­bet Suwarga.”

Njeng Nabi banjur paring dhawuh, ma­nawa ana ing Suwarga iku ora ana pawongan wadon tuwa. Ummu Fulanah sing wus sepuh iku banjur lunga lan na­ngis mingseg-mingseg. Priksa swasana kang mangkono mau, Njeng Nabi nuli masigra (cepet-cepet) utusan marang salah sijining sahabat, supaya menehi we­ruh marang Ummmu  Fulanah mau, manawa dheweke (wanita tuwa mau) ora mlebu Suwarga ing kahanan umur tuwa, krana Allah wus kepareng dha­wuh, mangkene maksude:

Sanyata Ingsun ndamel Widadari mau kalawan ndadak dadi kenya kang en­­dahing rupa. Ingsun damel dadi ke­nya-kenya endahing rupa.” (Q.S. Al-Waqi’ah (56):35-36).

Kanthi nyimak makna kang kinandhut ana ing ayat kasebut ing ndhuwur,  ma­nawa sing dumunung ing Suwarga kuwi ora ana wanita tuwa sing thunak-thunuk ngono iku. Tegese, wanita sing saiki wus usia lanjut (lansia), yen dheweke tinak­dirake mlebu Suwarga pindha widadari kang endahing rupa.

 

2. Zuhud Rasulullah. Pangerten zuhud bisa dipahami, manawa zuhud iku lelaku nengenake marang panguripan Akhirat, ora nuruti kridhaning nepsu ka­donyan.

Lelandhesan sawatara ayat lan hadits Rasulullah, mangkene keterangane:

a. Ora kesengsem kanikmatan do­nya. Dhawuhe Allah, mangkene maksude:

“Lan sira aja nganti suwe panyawa­ngira krana kasengsem menyang (nik­mat) kesenengan kang wus Ingsun pa­ringake golongan wong kafir mau, yaiku pepaes kemopyorane kauripan ndonya. Awit Ingsun mung perlu nyoba (niksa) dheweke ana ing kesenengan mau. De­ne rejeki peparinge Pangeranira iku lu­wih becik lan luwih awet.” (Q.S. Tha-Ha (20) : 131).

b. Laku sabar nindakake ibadah. Dhawuhe Allah mangkene maksude:

“Lan nyabarna awakira bebarengan  karo wong kang padha nindakake ibadah marang Pangeranira, ing wayah esuk lan sore. Sarta ngarep-arep karedlaning Pa­nge­rane. Lan sira aja mencengake mripa­tira mung nyawang wong-wong mau, jalaran sira ngarepake pepaes donya. Lan poma-dipoma sira aja manut marang wong kang atine Ingsun gawe lali, ora eling marang Ingsun, lan mung hawa nep­sune, sarta perkarane wong-wong mau ngluwihi wates.” (QS. Al-Kahfi (18):28).

c. Aja nganti sasar dalan. Allah wus kepareng paring dhawuh, mangke­ne maksud:

“Muhammad! Sira ngungkurna saka wong-wong kang malengos saka Pepe­ling Ingsung, lan ora ngarepi kajaba panguripan donya.”  (Q.S. An-Najm (53) 29).

Pantoging pangertiane wong-wong iku mung ana ing panguripan donya kono thok. Sanyata Pangerane iku luwih nupik­sani marang wong-wong kang padha sasar, saka dalanE lan Nguningani wong kang oleh pituduh.”  (Q.S. An-Najm (53) : 30).

d. Gegebengan Al-Qur’anul Karim. Dhawuhe Allah mangkene maksude:

“Lan temen Ingsun wus paring ma­rang sira Muhammad! pitung ayat kang diwaca bola-bali. Apa dene Qur’an kang Agung. Aja pisan-pisan sira tansah nu­jok­ake pandelengira marang kanikmatan urip  kadonyan, kang wus Ingsun paring­ake marang wong-wong kafir mau, becik sira andhap asor (lembah manah) ma­rang para Mukmin.” (Q.S. Al-Hijr (15) : 87-88).

e. Paring pilihan. Sawjining riwayat nerangake, Ya’kub bin Sofyan saka ibnu Abbas nerangake, manawa Allah wus ke­pareng ngutus Malaikat  marang Njeng Rasulullah. Malaikat mau dikanthi  (dite­mani) dening Malaikat Jibril. Malaikat utusan mau asung pitakonan marang Ra­sulullah: “Satemene Allah kepareng paring pilihan marang Rasulullah antarane dadi abdi (hamba) sing Nabi utawa dadi raja sing Nabi. Rasulullah nuli noleh ma­rang Malaikat Jibril, ngersakake saran (tetimbangan). Jibril nuli aweh tetimba­ngan, marang Rasulullah, supaya Rasu­lullah penggalihe sumeleh, sumarah (ren­dah hati). Wusana Rasulullah nuli  ngen­dika, manawa panjenengane milih dadi abdi sing Nabi, dudu raja sing Nabi”. (HR. Ibnu Abbas). 

(Ana Candhake)

 

 

Berita Terkait

Samak Minggu Ini

img

img

Sumber Semangat

Wong kang akeh ngucapake kabecikan iku “luwih becik” katimbang wong kang seneng mbisu.

Klik

BALAPAN WEDHUS

Sawijining bocah cilik lagi melu tandhing ing sawijining lomba balapan nunggang wedhus utawa mutton busting. Acara kaya ngene iki cukup populer jroning pawai Fourth of July parade ing kutha Vale, Oregon, AS. (d/ist)***

Pethilan

Mendikbud ngajab, bayare guru honorer ndang diwenehke

Iki sing jenenge menteri zaman now!

Mendikbud ngajab, bayare guru honorer ndang diwenehke

Iki sing jenenge menteri zaman now!

Panglima TNI ditulak mlebu AS

Mengko gek merga, titttt…. (sensor!)