Akhlaqul Karimah Sarta Mukjizat Rasulullah (3)
Diposting oleh : Administrator
Kategori: Agama Islam - Dibaca: 50 kali

(Lan Ingsun ora ngutus marang sira (Muhammad), kajaba dadi rahmat marang Jagad Raya). (Q.S. Al-Anbiyaa (21) : 107)

1. Fenomena (kahanan) dana weweh:

a). Pangerten dana weweh ing kene ngandhut makna, yaiku loman utawa dermawan. Sipat dana wewehe Rasulul­lah iku, yaiku nalika wulan Pasa Rama­dhan, Malaikat Jibril asung piwulang Al-Qur’an marang Njeng Rasulullah Muham­mad saw: Satemene Rasulullah iku luwih loman kanthi laku kebecikan tinimbang angin kang sumidhit (berembus). Sane­pane laku dermawan Njeng Rasulullah ing ndhuwur pindha angin kang sumidhit (lu­mintu), iku ndarbeni makna manawa Ra­sulullah iku karakter sing dermawan (lo­man), pindha angin kang terus-menerus sumidhit, ora ana lerene.

Ana ing kitab Shahihaini, kekarone kitab  Hadit shaheh, saka Jabir bin Abdullah ne­rangake, manawa panjenengane disuwuni priksa apa wae dening umate, ora nate ngendika ora, mesthi diparingi. Babagan iki luwih gamblang apa sing diriwayatake dening Ahmad, saka Anas bin Malik, ne­rangake manawa sawijining pawongan la­nang kang sowan marak ing ngarsaning Njeng Nabi. Rasulullah dhawuh marang salah sawijining sahabat, supaya maringi domba sing dumunung ana ing antarane  gunung anakan loro. Pawongan sing wus diparingi domba sing akeh iku nuli bali mulih menyang omahe, banjur nemoni kan­ca-kancane sarta ngajak kancan-kancane mau nggilut Agama Islam. Ujare, krana Muhammad iku mujudake pawo­ngan kang loman banget (dana weweh). Wus aweh domba kang akeh banget sarta ora ndarbeni rasa (ati) khawatir yen dhe­weke bakal miskin. Tindak laku kang kaya mangkono mau, ateges Njeng Nabi Iku kagungan kawigaten marang para du’afa, supaya nggilut agama Islam kang bener lan pener, aja nganti mangro tingal kapi­tayane, tauhide. Njeng Nabi sadurunge lan sawuse diutus, jejer minangka Utusa­ning Allah, sak durunge lan sawuse hijrah tansah dadi jujugane para fakir lan miskin, randha, bocah-bocah yatim lan piatu, para du’afa. Fenomena kang kaya mangkono iku diriwayatake dening Abu Thalib. Abu Thalib iku pamane Njeng Muhammad saw.

b. Pangandikane samadya. Sing dimaksud samadya ing kene, yaiku apa sing ditindakake dening para kawulane, kadi dene sing diriwayatake dening Imam Ahmad saka Anas bin Malik nerangake, laku tindak pedinane Rasulullah Muham­mad saw. “He kaum Muslimin! Sira kabeh padha njaga-a marang pangucapanira, aja nganti syetan njlomprongake sira kabeh, yaiku nindakake samubarang kang musfra (maksiyat). Aku iku Muhammad, putrane abdi (hamba) Allah lan utusanE. Demi Allah aku ora seneng, manawa sira kabeh nyan­jung (ngluhurake) marang aku nglu­wihi kang ngutus aku’’ (HR. Muslim).

Kajaba saka iku, Imam Ahmad uga nyri­takake, manawa Aisyah disuwuni priksa, apa kang ditindakake Rasulullah ana ing dalem. Aisyah paring wangsulan, “Njeng Rasulllah iku ana ing dalem nindak­ake pakaryan padinan keluwarga, antara liya, ngesol sepatu, njahit ageman panje­nengane piyambak, kaya dene sing sira padha ditindakake ing padinane.” (HR. Ahmad).

Bisa dipahami, manawa Rasulullah saw. iku manungsa biyasa, pindha ma­nung­sa liyane, nindakake pakaryan padi­nan ing dalem, nambal agemane piyam­bak, ngesol sepatu, meres powan domba lan liya-liyane. Iku kabeh mujudake laku tindak kang samadya (sederhana).

c. Pangandikan sing njalari mbu­jeng. Sing dimaksud mbujeng ing kene, yaiku pangandikan guyone  Rasulullah. Anas bin Malik nerangake, manawa Rasu­lullah ngakeh-akehake dzikir, sethithik ge­gu­jengan (guyon), nitih kuldi, gegu­jengan ageman wol, ngrawuhi undangan sahaya (budak), (HR. Anas, uga diririwa­yatake dening  Turmudzy lan Ibnu Majah). Kajaba saka iku Al-Baihaqy nerangake saka Abdullah bin Ibnu Aufa, manawa Ra­sulullah iku ngakeh-akehake dzikir, sethi­thik gegujengane, tumakninah nalika nin­dakake ibadah shalat, sarta ngringkes khuth­bahe, lan penggalihe ora rikuh (sung­kan) nalika tindak bebarengan karo budak, ora sungkan tindak bebarengan karo ran­da, saengga panjenengane ngrampung­ake urusane. (Hadits shaheh, uga di-riwa­yatake dening An-Nasai lan lyane). Gegu­jengan (canda) Rasululah antaraliya kadi dene sing diriwayatake dening Anas ibnu Malik, manawa sawijning wektu, ana pa­wo­ngan lanang nututi Njeng Nabi nuli uluk salam lan matur: “Dhuh Njeng Nabi punapa kula dipun keparengaken nunut titihan panjenengan? Njeng Nabi ngendika, hiya mrenea! Aku bakal ngangkut awakmu ana ndhuwure anak unta”. Pawongan mau matur maneh: “Dhuh Njeng Nabi, punapa ingkang saged kula tindakaken kaliyan anak  unta punika”. Tumuli Rasulullah paring dhawuh marang pawongan mau: “Lha hiya, apa ana unta iku nglairake saliyane anak  unta?”  (HR. Abu Dawud lan Turmu­dzy). Kajaba saka iku, Imam Ahmad uga wus ngriwayatake saka Anas bin Malik, ma­nawa ana sawijining pawongan kang peparab Zahir, dheweke (Baduwi) nyaosi hadiyah marang Njeng Nabi. Njeng Nabi kerep ngasta hadiyah iku nalika lagi musa­fir. Panjenengane iku kerep ngendika: “Sa­temene Zahir iku pancen wong ndesa. De­ne awake iku kalebu wong kutha (bercan­da beliau)”. Njeng Nabi iku nresnani Zahir, sanajan  Zahir iku praupane kalebu pawo­ngan sing samadya (ala). Sawijining dina Njeng Nabi rawuh banjur terus ndhekep  Zahir saka mburine. Zahir mbengok lan nja­luk tulung, supaya dhekepan mau diu­wali (dilepas). Sinten punika nggih sedhe­rek! (ujare Zahir mau). Nalika Zahir noleh menyang mburi, jebul sing ndhekep mau Njeg Nabi. Njeng Nabi banjur ngendika, mangkene: “He sedulur-sedulur sapa sing gelem nuku budak sahaya iki?” Zahir nuli munjuk (matur): “Dhuh Njeng Nabi, mana­wi makaten kula punika punapa kalebet tiyang ingkang bangkrut.” Rasulullah banjur ngendika: “Nanging Zahir mungguhing Allah dudu wong kang bangkrut, nanging wong kang ndarbeni untung (kabegjan) kang akeh.” (HR. Turmudzy saka Ishak bin Nashr saka Abdurrazaq). 

(Ana Candhake)

 

Berita Terkait

Samak Minggu Ini

img

img

Sumber Semangat

Wong kang akeh ngucapake kabecikan iku “luwih becik” katimbang wong kang seneng mbisu.

Klik

BALAPAN WEDHUS

Sawijining bocah cilik lagi melu tandhing ing sawijining lomba balapan nunggang wedhus utawa mutton busting. Acara kaya ngene iki cukup populer jroning pawai Fourth of July parade ing kutha Vale, Oregon, AS. (d/ist)***

Pethilan

Mendikbud ngajab, bayare guru honorer ndang diwenehke

Iki sing jenenge menteri zaman now!

Mendikbud ngajab, bayare guru honorer ndang diwenehke

Iki sing jenenge menteri zaman now!

Panglima TNI ditulak mlebu AS

Mengko gek merga, titttt…. (sensor!)