Uwal saka Cangkeme Singa Dicengkerem Sedulur Tuwa
Diposting oleh : Administrator
Kategori: Sejarah - Dibaca: 370 kali

Sejarah Satleraman

Jroning “Teater Perang Ciater-Tangkuban Prahu” nalika 6 lan 7 Maret 1942 kahanan dramatik kedadeyan nalika kapten Gerhars nggawa gendera putih nemoni Mayor Wakamatsu, koman­dan grup Balatentara Dai Nippon. Sing paling ngarep jendral Pesman, panglima pertahanan Belanda kanggo Bandung, ana ing Markas Pertahanan Bandung paling lor, yaiku Villa Isola, saiki gedhong UPI Ban­dung (5 km saka pusat kutha). Jendral Pesman wis mrentahake kapten Gerharzs kanggo nemoni pimpinan tentara penyerbu sing wis ana ing Lembang lor (± 10 km saka markas besar), lan wis siap nyeng­kerem Bandung, kanggo nyatakake yen Bandung mono kota terbuka. Perintah spe­sifik, euphimistik iku aweh weruh yen pi­hake sabenere ora arep nglawan yen Bandung diserbu. Kedadeyan iku ing tang­gal 7 Maret 1942 nalika semburat kuning sunare srengenge isih madhangi Lem­bang, jam 18.30. kutha Bandung dhewe wis kaco. Kahanane diregedi umuk lan rumor. Umuk merga isih ana suwara lan si­aran radio, sing optimis kaya-kaya Wa­landa isih kuwat. Nyatane akeh opsir lan penerbang Landa lan asing liyane mung lungguhan ing serambi Hotel Homan, ora ngerti arep tumindak apa merga garis pe­rintah militer wis terpecah lan persenjatan organik perang wis ora karuwan pang­gonane.

Kahanan ngono mau campur karo rumor sing nadhane optimistik. Malah suwara sugestif berintegritas dhuwur nggambar­ake akhir imperium Landa. Apamaneh nalika sumebar kabar yen satuan tank Mormon Harrington, unggulan terakhir kang­go mertahanake dataran tinggi Ban­dung pimpinane letnan Christian ora ku­wawa ngadhepi tentara Jepang ing Ciater (mung setengah jam saka markas besar Pesman) ing Bandung lor. Saya cetha gam­barane. Teater pertempuran ing celah Ci­ater sing dhuwure 1.200 m saka lumahing segara. Pertempuran ing Wates, salore kawah Tangkuban Prahu (perbatasan kab. Bandung lan kab. Subang), pertempuran ing Tolhek (pertelon sing ngarah menyang kawah Tangkuban Prahu), antara tanggal 5 – 7 Maret pantes kanggo disimak najan dudu minangka tepa palupi kerja sama konstruktif antarane unit pertahanan. Akeh kesalah pahaman sing dumadi. Uga katon ora siape Landa mertahanaké tanah jajah­ane : koordinasi udara – darat sing kurang, mbarengi nasib sial sing nyebal saka akal sehat. Pesawat pemburu ing Tasikmalaya sing oleh perintah nyerang Ciater ora bisa ditarik merga traktor penarike wis ditinggal sopire (6 Maret 1942). Tentara ne kol. De Veer ing Tolhek, wilayah pertempuran ge­dhe terakhir, digoleki jebul ora ana, dis­lokasi tanpa lapur. Pesawat pemburu RAF sing aneng Andir (saiki lanuma Husein Sastranegara), ora bisa berhubungan karo komando merga kristal radione rusak. Pesawat Glenn Martin siji sing siap budhal saka Andir nyangkut kawat sing ngrusak kitirane, saengga pesawat ora bisa mabur. Kabeh mau kanyatan nalika kritis senajan krasa kaya mung guyonan. Pitakonan sing mesthi: sepira perane kolone ka 5 wis ku­wawa nyusup ing angkatan perang Landa lan nindakake sabotase ?  Wiwit awal taun pancen wis keprungu bab akehe mata-ma­ta Jepang ing angkatan bersenjata Landa.

 

Optimisme sing tercoreng

Nada optimisme sing ana sigra pupus nalika keprungu kabar yen sesuk (8 Maret 1942) Gubernur Jendral Hindia Belanda ka 30, Tjarda van Starkenborgh- Stachower (Pejabat Sipil tertinggi Hindia Belanda), sarta Panglima tentarane, letnan jendral Ter Poorten lan pejabat tinggi liyane dika­barake arep ngadhep Panglima Tentara ka 16 Jepang, Let. Jen. Imamura ing Kalijati atas perintah pimpinan pihak penyerang. Mula ora ana interpretasi logis liya kejaba yen pertemuan antarane pejabat tertinggi Hindia Belanda karo Imamura iku mung bakal ngrembug tandha pasrahe Landa marang Jepang. Lan yen iki kelakon, ke­dadeyan iku minangka titik mandheg, tegese ora liya akhire sawijining imperium sugih ing Hindia Belanda iki sing bakal pindhah tangan marang regiem anyar saka wetan.

Tanggal 9 Maret 1942 esuk, laras karo tekanan tan bisa disingkiri lan keputusan pertemuan Kalijati, panglima Ter Poorten ngumumake liwat radio penghentian per­lawanan bersenjata ing sakabehe wilayah kedaulatan Hindia Belanda. Sedhih, cam­pur surak ngisi publik Nusantara. Bebare­ngan karo udan tangis kesedhihan ing kalangane kawula Oranye ora bisa dien­dhani merga mbayangaké larane pepisah­an karo Hindia Belanda.

Surak mawurahan saka sebagian pri­bumi lan politisi bangsa Indonesia ngawe­ruhi kanyatan iku, minangka gambaran suka pari suka sawise pangina lan pangece saka pemerintah kolonial Landa. Bisa di­maklumi yen tekane trase anyar iku uga minangka gumelare pengabdian sing bakal beda karo sadurunge.sebagian warga pribumi liyane kanthi bener nggelani ting­kah perlawanan Landa sing lembek, ora sembada karo umuke marang bumi pute­ra lan janji kanggo mertahanake lan nga­yomi.

 

Pangece lan penyangkalan hakekat

Pangrimuke Ratu Wilhelmina (6 De­sem­ber 1942) kanggo nata maneh hubu­ngan ketatanegaraan Hindia Belanda sa­bubare perang, ditampa entheng dening pemimpin pergerakan nasional pribumi, kejaba kandhutan cuwer makna sing wis telat. Pidato iku kaya dene bun esuk ing gegodhongan mangsa ketiga, sigra ilang kena sunaring srengenge. Lha kepriye? Rerangken kedadeyan sadurunge, nuduh­ake sikap umuk paternalistik Landa sing mung pengin nggedhekake Nusantara ber­parlemen, nanging tetep jroning rang­kulane kerajaan Belanda. Iki njalari evolusi ketatanegaraan Ned. Indie, mandheg wiwit “janji November 1918” ora nate ka­lek­sanan, senajan Dewan Perwakilan Rakyat wis ngresmekake akhir Desember 1918.

Apamaneh, 5 taun sadurunge pidato Ratu tanggal 7 Desember 1942, sumbare Gub. Jendral De Jonge (1931-1936) ngla­rani atine kaum pergerakan. “Landa wis mrentah Ned. Indie 300 taun suwene lan isih siap kanggo mrintah 300 taun maneh. Sawise iku lagi wong-wong ngrembug bab nasionalisme Indonesia”.

Nono iku rak ngremehake harga dhiri pribumi sing rasa nasionalitet-e wis me­gar lan wis nyatakake ikrar politike nalika 28 Oktober 1928. Tembunge de Jonge iku mesisan napuk wawasan kaum “etisi” Landa saka golongan “de Stuw” (a.l. van Mook, sing mengkone dadi Letnan Gu­bernur Jendral Hindia Belanda) sing sa­benere kepengin Ned. Indie berparlemen supaya bisa ngurusi awake dhewe.

Sawetara iku pantes dicathet, kanthi mongkog penggunaan sadhar “Indonesia” sing dadi ajektif Perhimpunan warga mu­dha Bumiputera ing negara Landa. Indonesia minangka entitas nempel ing jeneng Perhimpunan Indonesia, minangka kema­juan gedhe jroning mencitrakan kesatuan geografis lan politis maneka kelompok lan suku sing ngenggoni Nusantara. Kita ngerti, toponimi “Indonesia” sepisanan disebut dening Earl lan Logan (1850) swaka indus lan nesos, sing ateges kepuloan ing sisih kidule India. Ing taun 1920-an toponimi kasebut ditampa kanthi terhormat ing terminologi organisasi perjuangan lan ke­bangsaan a.l. ing aliran nasionalis (PNI) lan kelompok komunis (PKI) sing sadhar nganggo Indonesia minangka identitas dhiri.

Tuna-rungu mono karakter pemerintah Hindia Belanda ing taun 1930-an sing ora nggape gejolak inspirasi kebangkitan ber­bangsa. Wiwitane ing pimpinane Gub. Jendral de Jonge lan tekan derajat tinamtu diterusake dening Gub. Jendral Tjarda van Starkenborgh Stachower ora mung me­ngasingkan para nasionalis keras lan tang­guh, nanging uga ngaweruhi kesadharan berbangsa sing nyetusake pembrontakan ing kapal perang de “Seven Provincien”. Periode kasebut nyathet kebangunan ke­sadharan “konstitusional” (manut istilah 2.000-an) sing ngalami penulakan kanthi wadanan subjektif : Indonesia durung ma­teng berparlemen dhewe. Petisi Soetardjo (diusulake marang Volksraad, sejenis DPR, taun 1936) ditulak ing taun 1938. kegiyatan GAPI pimpinan Husni Thamrin digagalake taun 1939. kamangka gerakan iku manut Piper (penasihat pemerintah) dijurung ora mung “rakyat ewon nanging uga dening kaum terdidik menengah lan intelektual Indonesia”

Ors nsuwe sadurunge pecah Perang Donya II Raden Wiwoho Poerbohadidjojo tanggal 23 Pebruari 1940 ing “Volksraad” uga ngrumusaké pepenginan pemerintah berparlemen. Nanging muatan akal miopik lan keangkuhan wis mimpin cara pandhang wong Landa nimbang sakabehane sing mambu pribumi. Gampang dingerteni yen usul Poerbohadidjojo ngalami nasib padha karo usul sejenis sadurunge, oleh panye­nges / ngina lan uga ditulak. Akibate, jume­dhule rasa apati masyarakat pribumi sing mbesuke tersirat jroning ora perduline pe­rang mungsuh Jepang.

 

Penggantian penjaga

10 Maret 1942, laras karo komunike Balatentara 7 Maret 1942 (2 dina saduru­nge penyerahan) penjaga Nusantara gu­manti. Jendral Imamura dadi panguwasa tertinggi ing Nusantara lan tumindak mi­nangka Gubernur Jendral. Rasa trenyuh ing atine warga pribumi, awit bisa anyek­seni pergantian penjaga iku, sing tanpa kinira nganti 2 wulan sadurunge, lan du­rung menyadhari yen dina-dina sateruse isih bakal luwih abote sanggan sing kudu diemban. Rasa rangu lan was-was nga­lang-alangi banget njedhule enthusiasme lan afinitas ngluwihi wates. Pangati-ati mau wajar ingopenan awit isih padha eling dok­trin Tanaka taun 1923, 19 taun sadurunge perang donya pecah, sing ngantu antu ke­maharajaan Jepang nguwasani wilayah kidul sing sugih bahan tambang lan bahan mentah liyane, utamane minyak minangka penggerak rodha indhustrine sing wiwit megar. Komunikasi donya lan alam senti­men massa enggal kisen ramene suwra “Indonesia Nippon padha-padha”, nanging Nippon mono sedulur tuwa sing kudu di­kurmati. Sateruse peperangan sing kanthi cepet wis mlebu ing wilayah Asia Tengga­ra lan Wetan mlebu ing lingkungane Je­pang wis digembar-gemborake minangka pe­rang suci ing rerangken mbangun kese­makmuran Asia Timur Raya. Pekik perju­wangan isi janji manis lan nyumet sema­ngat bangkit saka penindhasan samengko wis kabukten yen ngapusi. Bedane ke­dhudhukan antarane ‘saudara tua” karo pribumi, jembar pindhan andha sing un­tune arang-arang.

Jepang kanthi kudhungan doktrin pendhudhukan “winning the hearts of people” wiwitane kasil mamerake rai ma­nis marang bangsa Indonesia : ngidini lagu Indonesia Raya dikumandhangaké ing tempat umum lan nukulake winih hak dha­sar berserikat lan berkumpul. Sikap ramah murni jendral Imamura sing ngemonah santun lan kebiyasaan bumiputra kabukten dimaknani seje dening pimpinan perang ing Tokyo. Imamura dianggep kliwat lunak marang pribumi lan Landa, saengga kanthi pawadan kudu mimpin paprangan ing Solomon, dheweke kudu ngalih mrana. Wiwit mendharat ing Banten awal Maret 1942 Imamura ngaweruhi sosiologi lan watak pendhudhuk Jawa ora bisa dipa­dhakake karo Tiongkok, upamane.

Mula, dheweke pengin ngetrapake me­tode pendekatan sing luwih manusiawi, ngelingi keramah tamahan pribumi Jawa. Sawise dipindhah, kahanane owah lan “saudara tua” wiwit ngukuhaké cengkere­mane kanthi semboyan sing alus lan apik, yaiku 3A

 

Urip kanthi aura totaliter

Semboyan 3A: Nippon Tjahaja Asia, Nippon Pelindung Asia, lan Nippon pe­mimpin Asia, gumrenggeng ngebaki pe­losok Nusantara. Bebarengan karo kegiya­tan njurung kemenangan akhir “perang suci” Asia Timur Raya sarta Nipponisasi wilayah kidul. Pakulinan lan basa Jepang diupayakake mbungkus lan mewarnai sa­kehing panguripan. Malah kanggo nggam­pangakeagendha peperangan, tandha wektu lan kalendher diowahi melu zone wektu lan tarich Jepang, sing akibate ora ngepenaki panguripan.

Penjepangan lumaku bebarengan pe­miskinan wilayah kita. Pantes dicathet, anane upaya positif sing berdhampak da­wa ing panguripan kita, yaiku pelatihan pemudha pelajar saka sakabehing stra­tasosial kanthi maneka cara lan tatakra­mane, supaya oleh melu mbelani tanah air nganggo darah daginge dhewe. Mbe­suke yen perang isih lumaku lan keme­nangan tetep durung katon, isih durung katon wujude, dianakake pendhidhikan semi militer, yaiku tentara Pembela Tanah Air (PETA), sing mengkone ing mangsa revolusi fisik dadi kekuwatan utamaTNI bebarengan karo unsur terlatih kemili­teran liyane.

Kanggo nyukupi keperluan modhal perang, uga dianakake Heiho, minangka pembantu prajurit Jepang. Noleh kawuri liwat lensa sejarah pengadaan satuan tenaga trampil bersenjata kaya sing katur ing ndhuwur, tanpa kinira aweh bebathen ing pembentukan mental lan sikap. Beba­rengan karo penanaman pandhang “Asia kanggo bangsa Asia”, bembibitan sema­ngat tempur lan kekendelan nantang te­kane kekuwasaan asing ing akhir PD II wis melu ngukir sejarah Nusantara kaya saiki iki. Kepercayaan dhiri thukul kanggo ngem­ban tugas perjuwangan bersenjata sejajar karo kabisan berdiplomasi.

Ewa semono, ekses pemerintahan mili­ter ora bisa mung dianggep sepele merga dhampake sing nggaris ing ma­warna cara lan spektrum panguripan. Sing paling nrenyuhake lan tilase wujud tatu sing jero krasa nganti mataun-taun, nalika kita wis ana ing alam Indonesia merdeka. Prastawa iku yaiku pengerahan tenaga suka rela, Romusha lan wanita penghibur kanggo para Heitaisan. Pekerja suka rela wong 500.000 luwih mati tanpa kina­wruhan, kejaba kira-kira sumebar ing dha­erah Banten Selatan, cedhak pang­gawene rel sepur Pakan Baru, utawa ing Birma jroning mbangun “Burma Road” sing nyedhihake iku. Uga ewon wanita mudha ngalami trauma pelecehan seksual ing jaman peperangan, sing kudune ngangkat drajate minangka manungsa lan warga. Isih ana ewon maneh, nganti saiki isih akeh wanita sepuh kasebut mikiri na­sibe sing ala. Ketula-tula utawa kesisih. Wohe pen­dhudhukan sing tanpa prikama­nungsan. Merga perang mono kekerasan De oorlog heft geen vrouwengezicht – Svetla Alexi­jevits ngandharake perang ora nuduhake guwayaning wanita sing lem­but.

 

Saka sejarah marang wawasan

Ajaran awal berparlemen lan berta­nah air wis dipamerake Jepang minangka upaya ngrebut atine rakyat. Parlemen semu ing jaman Jepang kanthi kabeh kekurangane kasil ngumpulake kekuwatan rakyat sak Nusantara. Rakyat kerja mer­tahanake prinsip ke-Indonesiaan lan nde­leng mangarep nalika “wis ora dijajah maneh”. Nalika lakune perang Asia Timur Raya tekan titik nadir, kanthi bayangan Jepang asli wis terancam sekutu, PM Koiso njanjekake “Kemerdekaan Indonesia tembe mburi”, ing taun 1944. Pe­ngumu­man iku terus dieloni pembentukan PPKI. Soekarno kepleset ing euphoria “sehidup semati karo Nippon”, jeritan sing mengkone dadi cap stigmatik Soekarno minangka “anthek” Jepang.

Slogan Jepang kanggo memerdeka­kan Asia (mesthi waé ing pimpinane saudara tua Dai Nippon) thukul subur ing atine kalangan pergerakan, senajan isih kanthi kewaspadaan. Daya tarik janji Jepang iku ngilangi rasa inferior Asia marang Barat, lan dadi bekal berharga mbangun kebang­saan. Ora bisa diselaki, pengaruh sing njurung kebangkitan berbangsa : ing India, ing semenanjung Indo-Cina lan ka­mardikan Filipina sing wis ngaliri sumsum gerakan kebangsaan ing Indonesia. Malah gelar syair Yose Rizal (nalika ngadhepi ukuman mati ing pa­kunjaran Filipina) “Adios, patria adorado” (selamat tinggal tanah air sing tak kagumi), melu nambahi pengaruh.

 

Inspirasi Bapak lan Ibu peletak dhasar negara kita. Syair iku ngajak nresnani tanah air.

Saka titik wektu sing adoh saka keda­deyan, kita bisa mbentuk cakrawala pan­dhangan pembandhing kanggo ngeja­wan­­tahake prastawa. Iku uga isih kenthel karo subyektivitas, gumantung bobot sim­penan akehe informasi. Ndeleng peristiwa ing ruwang lan wektu sing padha, bisa nim­bulake persepsi emosional sing sing beda. Nanging kanthi nyoba ndeleng pras­tawa iku liwat sejarah, kita bisa njem­barake wawasan sarta ngedohake saka belenggu persepsi sempit, kanggo nyim­pulake sing wening, supaya hikmah pe­ristiwane bisa dijupuk. Ndeleng kedade­yan saka kadohan oleh bebathen merga ilange emosi sing gumanti dening nalar, ditambah anane do­kumen asli sing ge­gandhengan karo pe­ristiwane. Nanging bakal dadi luwih wi­caksana yen pendhe­katan sejarah iku bisa nimbulake kesa­dharan psychologik kanggo ngaweruhi peran sawijining wong ing ling­kungane lan faktor luar sing mempenga­ruhi lakune sejarah. *

Berita Terkait

Samak Minggu Ini

img

img

Sumber Semangat

Wong kang akeh ngucapake kabecikan iku “luwih becik” katimbang wong kang seneng mbisu.

Klik

BALAPAN WEDHUS

Sawijining bocah cilik lagi melu tandhing ing sawijining lomba balapan nunggang wedhus utawa mutton busting. Acara kaya ngene iki cukup populer jroning pawai Fourth of July parade ing kutha Vale, Oregon, AS. (d/ist)***

Pethilan

Mendikbud ngajab, bayare guru honorer ndang diwenehke

Iki sing jenenge menteri zaman now!

Mendikbud ngajab, bayare guru honorer ndang diwenehke

Iki sing jenenge menteri zaman now!

Panglima TNI ditulak mlebu AS

Mengko gek merga, titttt…. (sensor!)