Akhlaqul Karimah Sarta Mukjizat Rasulullah
Diposting oleh : Administrator
Kategori: Agama Islam - Dibaca: 72 kali

(Lan Ingsun ora ngutus marang sira (Muhammad), kajaba dadi rahmat marang Jagad Raya). (Q.S. Al-Anbiyaa (21) : 107)

 

e. Pribadi kang tawakkal (Al-Mutawakkil).

Imam Bukhari nerangake, manawa Ra­sulullah iku pinaraban (peparab) Al-Mutawakkil, yaiku pribadi kang tawakkal marang Allah. Sipat-sipate Rasulullah iku uga sinebut (diterangake) ana ing Kitab Taurat, kadi dene sipat-sipat panjeneng­a­ne kang sinebut ana ing Al-Qur’anul Ka­rim. Allah wus kepareng ngutus marang Rasulullah saw minangka seksi sing ngas­ta kabar kang mirunggan (gumbi­ra), sarta pepenget njaga marang wong-wong ummi. Panjenengane iku kawulanE lan mujudake utusanE. Allah kepareng pa­ring peparab (pinaraban) “Al-Muta­wak­kil”, yaiku pribadi kang tansah tawak­kal marang Allah. Panjenengane dudu pa­wongan kang dhendham kesumat. Te­gese, tumindak ala diwales mawa tumin­dak ala, nanging panjenengane sugih ing pangapura sarta bawera penggalihe (lapang dada).

f. Dana weweh, pangandikane sareh.

Hadits riwayat Bukhari lan Muslim ne­rangake, manawa Rasulullah iku dudu go­longane pawongan kang dhemen mai­do (mencela), nglaknat sarta ngendika kang kasar. Manawa kepareng paring pe­penget marang sawijining pawongan, mesthi kanthi pangandikan kang alus, ora nganti natoni atine pawongan mau. Panjenengane kalebu ewoning priyantun kang dana weweh (loma, dermawan) sarta kendel ing palagan. Ana ing pala­gan wong-wong padha ngayom (berlin­dung) marang Rasulullah.

g. Salaman lan natap pasuryan.

Anas bin Malik ngriwayatake, semono uga babagan iki diriwayatake dening  Tur­mudzy lan Ibnu Majah, yaiku ing sa­wijining wektu Rasulullah salaman utawa disalami dening sawijining pawongan. Njeng Nabi (panjenengane) ora narik astane saka tangane pawongan mau, sa­engga pawongan iku narik tangane. Se­mono uga nalika Rasulullah pasuryane mriksani marang sawijining wong, pan­je­nengane ora noleh (memalingkan wa­jah­nya) saengga pawongan iku noleh (ber­paling) saka panjenengane. Kajaba saka iku Rasulullah ora nate selonjor (ndlu­jurake ampeyane) ing sangarepe sahabat sing lagi lelunguhan karo pan­jenengane.

h. Maringake kagungane ma­rang wong kang butuhake.

Sawijning wektu Ath’Thabrani ne­rangake, saka Ibnu Abas, manawa Ra­sulullah mriksani pawongan sing dodolan ghamis. Panjenengane mundhut ghamis terus diagem.

Sak potong ghamis regane pitung dir­ham. Dumadakan ana sawijning sahabat Ansor matur marang ngarsane Njeng Nabi: “Dhuh Njeng Rasul, mugi Njeng Nabi kepareng maringaken ghamis dhu­mateng kula, sarta mugi Allah kepareng paring ageman saking Suwarga dhuma­teng panjenengan”. Tumuli Rasulullah nglukari ageman ghamis mau, terus ka­paringake marang sahabat Ansor mau. Njeng Nabi terus mundhut ghamis ma­neh, kanthi rega patang dirham. Arta Njeng Nabi kari rong dirham. Dumadakan ora wantara suwe, ana sawijining pawo­ngan pembantu (budak) wadon nangis sesenggrukan ana ing dalan kono. Njeng Nabi tumuli ndangu marang pawongan wadon kang nangis mau. Pangandikane: Apa sing njalari kowe kok nagis? Budak  (sahaya ) mau matur, manawa dheweke diparingi dhuwit dening juragane (tuwa­ne) rong dirham, supaya tuku gandum. Lha dhuwit rong dirham sing arep kang­go tuku gandum mau ilang. Rasulullah banjur maringi dhuwit marang sahaya (budak) mau rong dirham. Rasulullah arep nerusake tindake, nanging sahaya (bu­dak mau isih nangis mingseg-mingseg.

Rasulullah tumuli ndangu maneh marang sahaya iki, lha kok isih nangis , kamangka wus dak paringi dhuwit rong dirham. Budak kasebut nuli matur marang ngarsane Rasulullah, manawa dheweke wedi dipilara (digebugi) dening majikane. Njeng Nabi banjur tindak bebarengan karo sahaya mau tumuju menyang omahe majikane. Njeng Nabi nuli uluk salam.

Majikane iki ngerteni, manawa swara uluk salam iku swarane Njeng Nabi. Njeng Nabi mbaleni uluk salame mau nganti ping telu. Njeng Nabi banjur nda­ngu, apa sliramu keprungu salam kang kapisan? Leres Njeng Nabi, nanging kula kepengin sanget pikantuk donga slamet saking Njeng Nabi dhumateng kawula.

Andulu swasana kang mangkono mau, tuwane budak iku matur, punapa ingkang ndadosaken Njeng Nabi ngantos tindak mriki? Hiya, iki, amarga budakmu wedi yen tekan ngomah bakal kok pilara (kok gebugi). Tuwane budak iku banjur matur, manawa budak wadon mau dimer­dikak­ake kanthi nyadhong ridlaning Allah. Ra­sulullah nuli paring kabar gum­bira arupa kabecikan tumraping pawongan mau.

Saliyane dana weweh, maringake ka­gu­ngane sing dibutuhake dening liyan, uga panjenengane kagungan kawigaten marang nasibe pawongan kang sangsa­ra uripe.

i. Pangandikan lan esem: Imam

Ahmad ngriwayatake, semono uga Tur­mudy nerangake, Rasulullah iku ma­nawa ngendikan cekak aos, lan mbaleni pangandikane iku nganti ambal kaping telu. Kahanan kang kaya mangkono iku ing pangangkah, supaya bisa dimanger­teni lan dipahami dening para Mustami’ (mustamingin), sing padha ngrungokake pangandikane. Kajaba saka iku Njeng Ra­sulullah yen gegujengan ora nganti ngakak (terbahak-bahak). Nanging yen pan­jenengane, manawa ana sing kepa­reng digujeng, mung mesem kanthi pa­suryan kang ramah. Turmudzy nerusake, manawa Njeng Nabi dhawuh, panjene­ngane iki pinaringan “jawarni al kalim” (kalimat kang ringkes), nanging ndarbeni makna kang mumpuni. Sarta panjene­ngane ngringkes werna-werna hikmah kanthi premati.

(Ana Candhake)

Berita Terkait

Samak Minggu Ini

img

img

Sumber Semangat

Wong kang akeh ngucapake kabecikan iku “luwih becik” katimbang wong kang seneng mbisu.

Klik

BALAPAN WEDHUS

Sawijining bocah cilik lagi melu tandhing ing sawijining lomba balapan nunggang wedhus utawa mutton busting. Acara kaya ngene iki cukup populer jroning pawai Fourth of July parade ing kutha Vale, Oregon, AS. (d/ist)***

Pethilan

Mendikbud ngajab, bayare guru honorer ndang diwenehke

Iki sing jenenge menteri zaman now!

Mendikbud ngajab, bayare guru honorer ndang diwenehke

Iki sing jenenge menteri zaman now!

Panglima TNI ditulak mlebu AS

Mengko gek merga, titttt…. (sensor!)