Akhlaqul Karimah Sarta Mukjizat Rasulullah
Diposting oleh : Administrator
Kategori: Agama Islam - Dibaca: 74 kali

(Lan Ingsun ora ngutus marang sira (Muhammad), kajaba dadi rahmat marang Jagad Raya). (Q.S. Al-Anbiyaa (21) : 107)

1. PANGERTEN:

Rasulullah (Muhammad) iku mujudake utusaning  (Rasul) Allah sarta pungkasa­ning Nabi (Wa lakin Rasulallahi wa khata­man Nabiyyiin (Q.S. Al-Ahzab (33):40, sarta diutus kanggo nyampurnakake akh­laq kang mulya tumraping para manungsa (Innii bu’istu li-utammima makaarimal akhlaaqi, (AlHadits shaheh). Sinartan ge­-ge­bengan karo wahyu-wahyune Allah kang wus kepareng katurunake (nuzulul Qur’an) liwat Malaikat Jibril. Wahyu-wahyu mau wus kaimpun ana ing Kitab Suci Al-Qur’anul Karim. Kajaba saka iku hadits-hadits Rasulullah sing arupa (mujudake) pangandikan, taqdir (ketetepan) sarta tula­dha lan laku tindak Njeng Nabi kang tinuntun dening Allah Kang Maha Wicak­sana, uga mujudake paugeran kita, ing da­lem nindakake samubarang. Kanthi ge­gebengan karo Al-Qur’anul Karim sarta Al-Hadits kasebut, insya Allah manungsa bisa slamet uripe becik ing donya nganti tu­mekeng aklhirat.

Mula saka iku kita kudu mangerteni ma­rang sunnahe Rasulullah sarta budi pekerti (karakter) Njeng Nabi Muhammad saw, sarta pikukuh kenabian Rasulullah kang arupa mukjizat. Supaya kita aja nganti sasar (kesasar), mula kita kudu kukuh ge­gebengan karo paugeran kang bener lan pener (Al-Qur’anul Karim lan Al-Hadits Ra­sulullah). Sarta ngamalake uga kanthi be­ner lan pener. Lha supaya luwih cetha (gam­blang), ing ngisor iki diaturake kete­rangane mangkene :

 

2. AKHLAQUL KARIMAH (BUDI PEKERTI) LAN ZUHUD RASULULLAH:

a. Generasi kang becik. Nyimak Hadits sing diriwayatake dening Bukhari, Rasulullah saw ngendika mangkene mak­sude: “Aku diutus dening Gusti Allah, mi­nangka sabecik-sabecike generasi, sawuse generasi, saengga aku mujudake bagian saka generasi, ana ing ngendi aku mapan.” (HR. Bukhari).

“Kajaba saka iku panjenengane iku sa­temene kagungan budi pekerti kang mulya (akhlaqul karimah).” (Q.S. Al-Qalam (68):4).

Ana ing riwayat liya Imam Muslim (Ha­dits shaheh) nerangake, manawa Aisyah (garwane Njeng Nabi) nalika disu­wuni prik­sa babagan aklhlaqe Rasulullah, paring wang­sulan, yen akhlaqe Rasulullah iku Al-Qur’an. Iki ndarbeni makna, mana­wa Njeng Nabi Muhammad saw iku tansah nindakake perintahe Al-Qur’anul Karim sarta ning­galake apa kang dilarang (diha­ramake) de­ning Al-Qur’anul Karim. Hiya iki akhlaqe Rasulullah kang kukuh lan agung sing ke­pareng kaparingake dening Allah marang Njeng Nabi Muhammad, sing ora didarbeni dening sawijining uwong.

Allah uga kepareng nyariatake Agama kang agung, yaiku agama Islam, sing ora Allah syariatake marang pawongan sadu­runge panjenengane. Uga mujudake pung­kasaning (penutupe) para Nabi lan utu­saning Allah. (khataman Nabiyyu wal Mur­saliin), saengga ora ana Rasul lan Nabi sa­wuse panjenengane.

b. Akhlaq Al-Qur’anul Karim. Dumunung ing panjenengane iku kasinu­ngan sipat kang mulya, kendel, santun, jembar segarane (pangapurane), welas lan asih sarta sawenehing akhlaq kang mul­ya (akhlaqul karimah) liyane. Ing ba­bagan iki Yazid bin Babanus (sahabat) nyu­wun priksa marang Aisyah, sing magepo­kan karo akhlaqe Rasulullah saw. Aisyah nuli paring dhawuh, manawa akhlaqe Njeng Rasulullah iku, akhlaq Al-Quranul Karim. Trep karo dhawuhe Allah, mang­kene Maksude:

“Sanyata para wong Mukmin bakal beg­ja, yaiku wong Mukmin kang padha khusyu’ (konjem) ing dalem shalate. Lan kang pa­dha nyingkiri samubarang kang muspra (la­ha). Lan kang padha nindakake (mbayar) zakat. Lan kang padha rumeksa marang aurate (farjine), saliyane marang bojo-bo­jo­ne utawa wanita kang dadi mi­like (ja­riyahe). Temen dheweke ora padha cina­cat. Dene wong kang ngupaya (nindak­ake) saliyane bojone lan jariyahe, sanyata dhe­weke mau wong kang padha nerak angger-angger (duraka). Lan kang padha njaga ma­rang samubarang kang diperca­yakake (barang titipan) lan sasangge­mane. Lan kang padha rumeksa marang shalat-sha­late. Wong-wong Mukimin kang mangkono iku, bakal padha dadi waris. Lan kang bakal padha nampa warisan Suwarga Firdhaus. Ana ing kono dheweke bakal padha lang­geng, abadi.” (Q.S. Al-Mukminun (23):1-11).

Bisa dipahami, manawa maksud kang kinandhut ing surat Al-Mukminuun kasebut ing ndhuwur,yaiku mungguhing wong kang tansah nindakake apa kang kaparintahake sarta ninggalake apa kang dilarang (diha­ramake) dening Al-Qur’an. Mangkono tula­dha akhlaqul karimah sing ditindakake de­ning Njeng Nabi Muhammad saw.

c. Jembar segarane sarta lembah manahe. Sing dimaksud jembar segarane yaiku sugih pangapurane. Dene lembah ma­nahe, yaiku bebudene santun sarta alus. Ing babagan iki Imam Bukhari uga ngriwayatake, akhlaqe Rasululah saw iku trep karo dhawuhe Allah, sing maksude mangkene: “He Muhammad! Sira sing ge­dhe pangapuramu, lembah manah (murah ati) sarta dhawuha marang laku- tumindak becik lan ngungkurna  marang wong-wong kang bodho-bodho.” (Q.S. Al-A’raf (7):199).

Kajaba lembah manah sarta sugih ing pangapura, Az’zuhri, Bukhari lan Muslim, ngriwayatake, manawa Aisyah ngendikak­ake, manawa Rasulullah ora diparingi pili­han marang rong perkara, kajaba panje­nengane kepareng milih kang paling en­theng ing antarane kekarone. Saugere per­kara iku dudu dosa. Lha yen kekarone iku ngandhut dosa, panjenengane ngedohi. Sarta Rasulullah saw ora nate duka, kaja­ba samubarang kang diharamake (dila­rang) iku diterak.

d. Nyampurnakake akhlaq kang  mulya. Ing bab iki Abu Hurairah ngriwa­yat­ake, manawa Rasulullah saw ngendika, sing maksude mangkene: Aku iku diutus dening Allah, nyampurnakake akhlaq kang becik. Se­mono uga Ahmat uga ngriwa­yatake, kan­thi matan hadits (redaksi) kang beda, na­nging maksude padha: Aku iku diutus dening Allah nyampurnakake  akhlaq kang mulya (akhlaqul karimah). (Ana Candhake)

 

Berita Terkait

Samak Minggu Ini

img

img

Sumber Semangat

Wong kang akeh ngucapake kabecikan iku “luwih becik” katimbang wong kang seneng mbisu.

Klik

BALAPAN WEDHUS

Sawijining bocah cilik lagi melu tandhing ing sawijining lomba balapan nunggang wedhus utawa mutton busting. Acara kaya ngene iki cukup populer jroning pawai Fourth of July parade ing kutha Vale, Oregon, AS. (d/ist)***

Pethilan

Mendikbud ngajab, bayare guru honorer ndang diwenehke

Iki sing jenenge menteri zaman now!

Mendikbud ngajab, bayare guru honorer ndang diwenehke

Iki sing jenenge menteri zaman now!

Panglima TNI ditulak mlebu AS

Mengko gek merga, titttt…. (sensor!)