Undha Usuke Drajat Iman lan Kasampurnane (14/tamat)
Diposting oleh : Administrator
Kategori: Agama Islam - Dibaca: 47 kali

(He para wong Mukmin kabeh, sira padha wedia mring Allah kalawan sejatining wedi, lan sira aja padha tumekeng palastra (mati), kajaba mati nggilut Agama Islam) Q.S. Ali Imran (3) : 102

 

Kajaba saka iku, manawa kita manger­teni sistem (struktur) balung-balung awak kita, pranyata strukture balunge awak kita iku, sinusun saka 206 ros-rosan balung sing dumadi saka rong babagan, yaiku: (a).Struktur balung poros, kasusun saka 80 ros sing dumadi saka balung tengkorak (cumplung), balung geger, balung iga lan balung liya-liyane.

(b). Struktur balung apendekuler, ka­susun saka 126 ros-rosan, yaiku sing du­mudi saka balung ekstremitas ndhuwur lan ekstremitas ngisor sarta piranti sing kanggo ngiket sing ngraketake balung siji lan balung liyane. Sawernaning balung kang dumunung ing awak kita iki, kita ora bisa nemokake balung sing luwih becik, minangka gantine saka balung liyane. Lan saben balung iku ndarbeni fungsi (jejiba­han) sing ora bisa diganteni dening balung liyane. Uga ora bisa dipapanake ana ing po­sisi (papan) balung liya. Kabeh mau krana saben balung ndarbeni wangun sing khussus, volume khusus lan susunane uga khusus. Iki mau, krana Allah wus kepareng nemtokake jejibahane (fungsine) dhewe-dhewe. Amrih genahe mangkene ketera­ngane:

a). Jejibahane balung tengkorak iku kanggo ngayomi uteg. Cetha banget ora bisa balung pelvis (pinggul) nggenteni jejibahane balung tengkorak.

b). Balung geger trep karo jejibahane njaga urat syaraf balung geger sarta ngo­bahake awak gerakan (sudut) tinamtu. Ce­tha ora bisa fungsine diganti dening balung gares (tulang kering), sing ndarbeni arah gerak mung sak arah, ora bisa dibeng­kongake lan ora bisa ngepir. Kajaba saka iku, manawa kita ndarbeni kawigaten ma­rang balung tengkorak, iku mujudake ba­lung kang paling kuwat (atos) kanggo nga­yomi uteg, sing arupa cuweran jeli, aja nganti kena (kataman) benthukan (bentu­ran). Lha yen nganti kena benthukan, bakal njalari dumadi kerusakan ing sebagian uteg, utawa bakal tuwuh cacat. Iki kabeh krana keparenge Allah Maha Hanyipta, Maha Kuwasa, lan Maha Welas sarta Asih, kang wus kepareng paring pangayoman marang kawulanE. Kajaba iku, balung tengkorak mau uga ngayomi organ saliya­ne uteg, antara liya ngayomi pangrungu. Coba ta yen kita ndulu saluran pengrungu iku ora lurus, lempeng, iku ndarbeni mak­na, kanggo nahan sarta nyegah mlebune samubarang kang atos sing bisa natap balung tengkorak. Ana pitakonan, geneya balung tengkorak iku kok dipapanake ana ing bagian ndhuwur awak kita? Iki ndabeni makna kang mirunggan (penting), Allah wus kepareng ndadekake balung tengkorak  mau bobote entheng, nanging kuwat lan atos. Dumunung ing balung tengkorak mau akeh rongga-rongga sarta pori-pori lan  struk­tur jaringan gedhe. Uteg mono mu­judake punjering kendhali tumrap sekabe­hing anggota badan. Mula iku kudu sesam­bungan karo sekabehing organ, kanggo ngirim lan narima pesan-pesan.

Allah wus kepareng mapanake saluran jaringan sing akeh, trep karo bagian ing njero balung tengkorak sing bisa diliwati jaringan syaraf sarta pembuluh getih. Lha sing paling gedhe, yaiku bolongan sing diliwati dening urat syaraf balung geger, saka balung tengkorak tumuju menyang balung geger.

(c). Elok lan endahing balung teng­korake bayi.

Ciniptane balung tengkorake bayi iku ngandhut kaelokan lan kaendahan. Balung tengkorake bayi iku dumadi saka 22 balung sing ndareni gerakan lokal utawa dhasar. Nanging sawuse iku bakal meneng ora obah (bergerak) maneh. Iki kabeh krana ana sesambungan kang cetha (nyata) ana ing balung tengkorake bayi, sing lagi nyawiji lan gandheng sawuse lair. Sateme­ne balung tengkorake bayi iku yen dinulu, luwih gedhe katimbang bolongan (lubang) ing bokonge sang ibu, papan metune bayi nalika lair. Lha salah sawijining kaelokan lan kaendahan iku, Allah wus kepareng ndadekake balung tengkorak bayi mau lembut, sarta balung-balunge ora nyawiji, iki ndarbeni makna supaya ukuran lan wangun (bentuk) sirahe bisa ngepir (len­tur), ngetrepake, saengga bisa asung pam­biyantu nggampangake metune sang bayi saka guwa garbane ibu mau. Subha­nallah.

Kajaba saka iku, sing perlu kita ma­nger­teni maneh, yaiku bagian arthritis bo­konge sang ibu, kerep obahe menyang buri, sing njalari bisa metune enzim khu­sus. Kanthi mangkono bisa sampurna pro­ses babaran (persalinan) kanthi gampang lan lancar. Trep karo dhawuhe Allah, mang­kene maksude: “Allah banjur nggam­pangake dalane (lahir) manungsa.” (Q.S. Abasa (80);20).

(d). Rongga dhadha (thorax)

Rongga dhadhane  manungsa utawa thorax, iku ndarbeni isi organ kang mirung­gan (utama), sing sesambungan karo les­tarining uripe manungsa, kaya ta jantung lan paru-paru. Allah wus kepareng paring pangayoman marang organ-organ kase­but, mawa ruang kang amba (gedhe) kang binalut dening otot kang kuwat. Uga ke­pareng ndadekake sipat kang ngepir (len­tur), bisa tambah amba binarung karo ge­rak (obahe) hawa sing mlebu lan sing metu.

Maha Suci Allah kang wus kepareng nyipta piranti kasebut.

 

(3). Tandha-tandha kekuwasa­aning Allah ing sendhi-sendhi

Maha Suci Allah kang wus kepareng nyipta (balung) sendhi, sing ndarbeni jeji­bahan (fungsi) ngobahake balung-balung anggota badan sing maneka wernane, sa­engga manungsa bisa nindakake pakaryan kang nyengkuyung marang panguripane manungsa. Miturut sawijining riwayat ana ing Al-Hadits, cacahe sendhi kang ana ing anggane manungsa itu kehe watara 360 sendhi. Sabanjure diterangake, manawa kita kadhawuhan shalat Duha rong reka­ngat, minangka shadaqah krana kenikma­tan pinaringan piranti kang banget piguna kanggo ngobahake (menggerakkan) ang­gota badan lan balung-balung liyane. (HR. Ahmad).

Sendhi-sendhi mau kaperang dadi rong pantha (grup), yaiku:

1. Dinulu saka babagan sipat obahe. 

a). Sendhi sing meneng (statis), kaya ta balung sendhi kang dumunung ana ing balung tengkorak.

b). Sendhi sing samadya, mung obahe uga samadya, kaya ta balung geger  (tulang belakang).

c). Sendhi sing dhinamis, sing ndarbeni gerakan bawera (leluasa).

2. Dinulu saka tataran jaringan, yaiku sing dumunung antarane balung siji lan sijine, sakabehing balung sing mujudake pasangan (gathukan), kaya ta balung ugel-ugel, lengen lan sikil (dhengkul). Ndulu marang sendhi-sendhi sing cacahe 360, sarta saupama Allah mung kepareng karsa ndadekake struktur balung iku mung sak potong balung bae, manungsa ora bisa nga­deg, ora bisa mlaku, ora bisa kemlawe, ora bisa nggegem, ora bisa ndhaplang, lan gerakan liyane, sing banget dibutuhake kango nindakake samubarang.

Yen dinalar, sapa ta sing dadi arsiteke, kang wus kepareng nyipta sekabehing pi­ranti (balung, sendhi lan liya-liyane) kase­but ing dhuwur? Hiya iku Allah, Dzat Kang Maha Kuwasa, Maha Wicaksana, Maha We­las lan Maha Asih, marang kawulanE. Subahanallah, Allahu Akbar.

Wusana sawuse kita nyimak lan njing­glengi sekabehing ciptane Allah kang gu­melar ana ing lumahing bumi, sarta ciptane Allah antara langit lan bumi sinartan ma­ngerteni tandha-tandha kakuwasaning Allah kang dumunung ana ing awake ma­nungsa, kita kabeh mangeteni (mengenal) sipat-sipate Allah. Hiya Allah kang Maha Kuwasa, Maha Hanyipta, Maha Wicaksa­na, sarta Maha Welas lan Maha Asih ma­rang KawulanE. Trep karo dhawuhe (sipat-sipat) Allah, kang Maha Agung, yaiku Asmaul Husna, mangkene maksude:

“Hiya mung Panjenengane Allah, kang ora ana Pangeran kajaba Panjenengane, ora ana kang(pantes) sinembah kajaba mung Panjenengane piyambak. Kang nguningani barang kang ghaib lan kang katon. Panjnengane iku Maha Murah tur Maha Asih. Raja Kang Maha Suci, kang pa­ring keamanan, Kang Maha Rumeksa, Maha Prakosa, Maha Kuwasa, kang kagu­ngan sekabehing kaagungan, adoh saka brahala kang padha dimusyrikake (seku­thok­ake). Hiya Allah iki kang nitahake sa­mu­barang kang dumadi, kang nungulake titah-titahe kang gumelar, kang paring rupa, kang kagungan Asmaul Husna (As­ma kang becik-becik), sipat-sipate Allah kang Agung. Maha nucekake marang Allah, samubarang kang ana ing langit an bumi, hiya Panjenengane kang Maha Mul­ya, tur Maha Wicaksana.” (Q.S. Al-Hasyr (59):22,23,24). 

Kanthi mangerteni undha usuking de­rajat (tataran) iman para kawulaning Allah, sarta mahami sipat-sipate Allah kang katur ing ndhuwur, iman kita dadi kukuh bakuh, nunjem ana ing telenging ati, ora mangro tingal, mung marang Allah kang Maha Esa (sawiji) kita manembah. Li­nambaran dhawuhe Allah mangkene mak­sude: “Muhammad sira dhawuha! Allah iku asipat Esa (sawiji). Allah iku kang sine­dya, kang dibutuhake sekabehing titah, Panjenengane Allah iku ora peputra lan ora diputrakake. Lan ora ana sawiji-wijia kang madhani.” (Q.S. Ikhlas (112): 1 s/d 4).

Nuwun!

(Maneka werna sumber, rujukan)

 

Berita Terkait

Samak Minggu Ini

img

img

Sumber Semangat

Wong kang akeh ngucapake kabecikan iku “luwih becik” katimbang wong kang seneng mbisu.

Klik

BALAPAN WEDHUS

Sawijining bocah cilik lagi melu tandhing ing sawijining lomba balapan nunggang wedhus utawa mutton busting. Acara kaya ngene iki cukup populer jroning pawai Fourth of July parade ing kutha Vale, Oregon, AS. (d/ist)***

Pethilan

Mendikbud ngajab, bayare guru honorer ndang diwenehke

Iki sing jenenge menteri zaman now!

Mendikbud ngajab, bayare guru honorer ndang diwenehke

Iki sing jenenge menteri zaman now!

Panglima TNI ditulak mlebu AS

Mengko gek merga, titttt…. (sensor!)