‘Wawancara Khusus’ Karo Tengsoe Tjahjono
Diposting oleh : Administrator
Kategori: Anyar Katon - Dibaca: 31 kali

ING pungkasaning wulan Desember 2016, aku bisa sapatemon karo panjenengane Raka Mas Dr. Tengsoe Tjahjono, sawijining penyair-panggurit saka Malang kang sengkud ‘berkarya’ ing basa Indonesia lan basa Jawa. Penyair utawa panggurit iki lair ing Jember, 3 Oktober 1958. Panjenengane ngasta dadi dosen ing Universitas Negeri Surabaya (Unesa). Karya-karyane kang awujud geguritan (Jawa) lan puisi (Indonesia) sumebar ing akeh udyana, mbuh kuwi majalah sastra, minggon basa Jawa apa dene antologi.

Wiwit taun 2014 tumeka saiki panjenengane ngayahi tugas ngasta dadi dosen tamu ing Department of Foregin Studies, Program Studi Bahasa Indonesia lan Melayu, ing Hankuk University, Seoul, Korea Selatan. Ing satengahing ngayahi tugas kasebut, panjenengane ora leren anggone makarya minangka penyair. Antologi geguritan paling gres utawa anyar sing ngemot karya-karyane yakuwi Sandhal Jepit Taline Abang (2016), kang diterbitake dening Paguyuban Pengarang Sastra Jawa Surabaya (PPSJS).

Antologi sing wis terbit sadurunge ing antaraneDrona Gugat (1995), Kabar Saka Bendulmrisi (2005), Moh (2012) lan Mlesat Bareng Ukara (2014). Nalika sapatemon karo panjenengange ing Seoul ing pungkasaning wulan Desember 2016, kanthi mligi aku nanggap Raka Mas Tengso Tjahjono ngengingi Sastra Jawa Gagrak Anyar (SJGA). Ngisor iki pethilan wawancaraku karo panjenengane.

Pitakon (P):      Raka Mas Tengsoe Tjahjono, sasuwene telung taun ngayahi tugas ing Korea Selatan, apa panjenengan isih migatekake perkembangane Sastra Jawa Gagrak Anyar (SJGA)?

Wangsulan (W): Ya isih. Ana ing ngendi bae, aku ora bakal lali marang SJGA, wong aku dhewe klebu pelakune.

P: Cethane kepriye?

W: Aku tansah sesambungan karo para kanca sastrawan Jawa, utamane para panggurit. Aku dhewe isih tetep dadi anggotane Paguyuban Pengarang Sastra Jawa Surabaya (PPSJS). Papan dunungku ing Korea Selatan ing wektu iki ora dadi pepalang anggonku sesambungan karo SJGA apadene para kanca sastrawan.

P: Miturut pamawas panjenengan, kepriye kahanan utawa kondisine SJGA ing wektu iki?

W: Apik. SJGA isih ana utawa tetep exist amarga ana dukungan utawa panyengkuyung saka majalah basa Jawa, penerbitan buku, lan uga saka para pengarang.

P: Cethane kepriye sing panjenengan kersakke ing bab pengarang?

W: Ing wektu iki saya akeh pengarang SJGA. Anane akeh pengarang mau nuduhake yen regenerasi pengarang SJGA apik, ora ana sing perlu dikuwatirake. Iki uga mengku teges yen ana dinamika ing karya SJGA. Upama ora ana regenerasi pengarang, kita lagi perlu kuwatir.

P: Terus, kepriye perkembangan ing antarane karya geguritan lan karya prosa ing SJGA?

W: Perkembangan SJGA bisa diwawas saka perkembangan sastra buku. Sanadyan aku durung naliti kanthi permati, saka fenomena sing ana aku bisa ngandhakake yen antologi geguritan lan antologi cerkak kayane imbang ing bab kuantitas utawa cacah. Bener apa orane, pancen kudu dianakake panaliten sing mligi ing bab iki. Keri-keri iki ana ‘gairah’ kanggo nerbitake antologi geguritan, antologi cerkak, lan uga novel. Sing tetep durung ana pancen karya drama ing SJGA.

P: Kenangapa karya drama ora ana?

W: Akeh sebabe. Salah sijine ya kuwi bisa dikandhakake yen pakumpulan drama modern Jawa ora ana. Sing ana teater tradisional kaya dene kethoprak, ludruk lan wayang wong. Teater modern ndhisik ana siji, yakuwi Teater Gapit, sing dipimpin dening Bambang Widoyo SP. Nanging sawise Bambang Widoyo SP kapundhut dening Gusti, sangertiku ora ana maneh pakumpulan teater modern Jawa sing pentas adhedhasar naskah. Teater sing ana pentase ora nganggo naskah.

P: Sakondure Suparto Brata mring pangayunaning Gusti kang Murbeng Dumadi, sapa tokoh SJGA sing bisa ngganteni?

W: Yen tokoh sing kaya almarhum Pak Parto ora ana. Nanging ora ateges yen SJGA ora duwe tokoh-tokoh penting maneh. Sastrawan sing ‘dituakan’ tetep ana. Ing pamawasku, saben tokoh duwe peran dhewe ing wektu kang beda, utawa ing basa Indonesia, bisa dikandhakake yen ‘setiap tokoh memiliki peran sendiri-sendiri pada masanya.’ Ing wektu iki kita duwe JFX Hoeri saka Paguyuban Sastra Jawa Bojonegoro (PSJB), Narko Sudrun, lan liya-liyane. Nanging perlu diwuningani yen ing wektu iki peran Sanggar Sastra Jawa (SSJ) ya gedhe kanggo perkembangane SJGA. SSJ sing bisa tak sebutake ing kene yakuwi Sanggar Triwida Tulungagung, PPSJS Surabaya, lan PSJB Bojonegoro lan liya-liyane. Tokoh ing kene tetep penting nanging eksistensi SSJ luwih penting kanggo perkembangane SJGA.

(Tumeka ing kene, aku apa dene Raka Mas Tengsoe Tjahjono padha meneng. Aku ora ngerti apa sing dipenggalih dening panggurit iki. Nanging aku dhewe, pikiranku mlesat memburi tumeka nalika aku isih jaka ndhisik. Aku wiwit latihan nulis cerkak, geguritan, apa dene crita alaming lelembut. Nanging ‘bensin’-ku ora akeh. Aku mandheg ing tengah dalan. Nanging aku tetep maca SJGA nganti tumeka saiki. Sawise rada suwe anggonku wong loro meneng-menengan, aku pitakon maneh).

P: Fenomena sing ora owah, Mas, utawa penyakit kronis ing SJGA, yakuwi bab “pembaca”. Geneya wong Jawa tetep ora gelem maca sastrane dhewe tumeka saiki? Apa ana sawijining cara supaya wong Jawa seneng maca SJGA saengga SJGA bisa ngrembaka ing tembe mburi?

W: Sak jane fenomena iki ora mung dumadi ing SJGA nanging uga ing Sastra Indonesia. Mesthi wae ana cara kuwi. Kapisan, pembelajaran basa daerah (ing babagan iki basa Jawa) kudu diudi tenan. Kudu ana revolusi pembelajaran basa Jawa ing sekolah, utamane ing carane mulang lan materi sing diwulangake. Kapindho, Pemerintah perlu utawa kudu paring subsidi marang teater tradisional kayata kethoprak, ludruk, lan sak panunggalane awit teater tradisional kuwi mau bisa dadi media perkembangan SJGA. Kaping telune, kudu ana subsidi kanggo penerbitan buku SJGA sing banjur ‘didistribusikan’ marang perpustakaan sekolah lan perpustakaan-perpustakaan umum sing ana. Kaping pat, perlu diadani lomba maca lan nulis resensi karya SJGA kanggo masyarakat.

P: Saiki perkara gegandhengan utawa sesambungan ing antarane teknologi informasi lan SJGA, Mas. Miturut panjenengan, teknologi informasi canggih ing wektu iki nyengkuyung apa malah dadi pepalang tumrap ngrembakane SJGA?

W: Perkembangan teknologi informasi duwe pengaruh sing gedhe tumrap basa Jawa lan SJGA. Kanthi anane teknologi informasi sing canggih kaya saiki, basa Jawa lan SJGA kudu bisa adaptasi kareben tetep urip, yen bisa malah dadi ngrembaka. Perlu tak kandhakake ing kene, ing Surabaya ana TV lokal sing duwe jam tayang mligi kanggo basa Jawa. Ing wektu-wektu kang bakal teka, TV lokal kang kaya mangkene iki kudu luwih akeh cacahe.

P: Ing bab cyber literature, Mas, apa SJGA uga kudu melu-melu?

W: Tak kira kemungkinan kuwi gedhe banget. Ing wektu iki wis akeh komunitas SJGA ing media sosial, kayata Facebook lan akeh pengarang SJGA sing duwe blog utawa dadi blogger. Iki nuduhake yen SJGA lan pengarange bisa adaptasi karo tekonologi informasi modern.

P: Minangka panggurit utawa penyair, endi sing luwih marem, Mas, nulis ing basa Jawa apa ing basa Indonesia?

W: Nalika aku nulis geguritan ngengingi Korea, akeh kanca sing gumun. Kok bisa? Kanggone para kanca panggurit, konteks Korea angel ditulis ing basa Jawa. Nanging aku mbuktekake yen bab kuwi ora mokal. Yen aku kok takoni luwih marem endi nulis ing basa Jawa apa basa Indonesia, loro-lorone padha mareme. Kanggoku, basa apa sing tak enggo kuwi mung media. Sing penting apa sing pengin tak tulis. Ora masalah kanggoku nulis ing basa Jawa apa ing basa Indonesia.

P: Ana ‘pesan khusus’ kanggo publik SJGA, mbuh kuwi sastrawan, pembaca, apadene kritikus?

W: Kanggo para kadang sastrawan Jawa aku mung kepengin kandha yen ing jaman global saiki, kita ora cukup nulis mligi ngengingi kultur agraris Jawa. Supaya basa lan sastra Jawa ngrembaka, para pengarang SJGA kudu duwe wawasan sing amba-bawera. Para sastrawan kudu wani nulis kanthi tema kang saya ‘beragam,’ yen perlu gawe crita utawa geguritan kang nyangkut masyarakat nasional lan internasional. Iki penting supaya sastra Jawa uga ‘diperhitungkan’ dening publik sing luwih amba, mbuh kuwi nasional apa dene internasional kuwi mau. Bab iki pancen wis suwe digagas dening almarhum Suparto Brata. Aku mung nandhesake maneh. Kanggo wong Jawa umume, apike langganan paling ora salah sijining majalah basa Jawa. Iki bakal akeh gunane ora mung kanggo lestarine majalah basa Jawa nanging uga sumrambah marang perkembangan basa lan SJGA. Wondene para kritikus SJGA kudu tetep nulis. Ora masalah yen kritik SJGA ditulis ing basa Jawa, Indonesia, apa ing basa asing. Bab iki penting amarga para kritikus SJGA mujudake ‘penyambung lidah sastra Jawa.’

P: Matur nuwun, Mas.

W: Tiba sapadha-padha, Dhik.

Nuwun***

Berita Terkait

Samak Minggu Ini

img

img

Sumber Semangat

Ora perlu njlentrehake bab kita marang sapa wae, merga sing seneng karo kita ora butuh bab iku lan kang benci marang kita ora percaya iku.

Klik

SWASANA TIMUR TENGAH

Ngarepake Romadon akeh restoran ing Indonesia kang nawakake panggonan kanggo buka. Ora luput, dekorasine uga nylarasake karo suwasane. Kaya ing salah sijine restoran ing Jakarta iki nyuguhake dekorasi nuansa Timur Tengah, utamane Maroko, kanthi kelambu werna werni lan lungguhe lesehan. Mesthi wae panganan kang disuguhake uga ala Timur Tengah. (d/ist)

Pethilan

Bursa cagub Jabar saya rame

Wiwit pepaes

Sasuwene pasa, PNS mulihe luwih cepet

Luwih seneng maneh yen THR-e cair luwih cepet

Miskinke wae calo TKI ilegal

La yen wis miskin piye?