Ngonceki Makna Filosofi Gendhing Talu lan Pathet Ing Jagading Pewayangan (2-Tamat)
Diposting oleh : Administrator
Kategori: Kawruh Sapala - Dibaca: 166 kali

Minturut Sri Mulyono ing bukune Simbolisme dan Mistikisme dalam Wayang (1989), sadurunge ndonya lan manungsa dicipta dening Gusti Allah, nalika semana isih durung ana apa-apa utawa alam su­wung. Yen ing pewayangan banjur dilam­bangake kanthi pendhapa suwung, na­nging ana isine. Semono uga nalika kelir utawa geber wis dipasang lan sumpingan wayang wis ditata ing sisih tengen lan ki­wane kelir, mulane ing satengahe kelir ora ana apa-apa alias suwung. Senajan isih durung ana wayang ing tengahe kelir, na­nging ing kono ana gunungan (kayon) sing ngemu surasa urip (karep). Bab iki mujud­ake pralampita manawa kosong, nanging ana isine. Sawise kayon ditarik neng ngisor dening ki dhalang, sawise kuwi kang metu kapisan yaiku awujud wayang 2 parekan (abdi wanita, batur) terus disusul wayang Raja, adik (ari-ari). Kaya mangkono mau gambaran metune wayang wiwitan ing kelir yang nglambangake laire manungsa nganti ana lakon (prastawa) kang dialami dening manungsa.

Sauntara iku, Dr. Purwadi ing bukune Penghayatan Keagamaan Orang Jawa (2002) mratelakake manawa ing periode Pathet Nem iki adate diperang dadi 6 jejeran (adegan) yaiku:

a. Jejeran Raja; kang sabanjure diterus­ne kanthi adegan ke­dha­ton. Sawise parepatan agung ing kedhaton wis purna, Raja banjur di­kancani permaisuri kem­bul bojana andrawina (dhahar). Jejeran iki nglambangake si bayi sing wis ditrima utawa diemong dening ibune.

b. Adegan Paseban Jawi; yaiku nglambang­ake si bocah kang wis ngancik remaja sing wis wiwit ngenal kahanan njaba (dunia luar) utawa gambaran bocah kang wis seneng dolanan.

c. Adegan Jaranan; yaiku gambaran grombolan maneka warna jinis kewan, ka­ya ta gajah, celeng, jaran, lan sapitu­rute. Adegan iki nglambangake gambaran wa­take bocah nom-noman utawa remaja (isih durung diwasa) sing biasane nduweni sifat kaya kewan. Umume umur bocah sing isih durung diwasa kaya ngene iki biasane pan­cen nggatekake ngenani bab aturan utawa tata-tertib, nanging biasane mung mi­kirake awak­e dhe­we (egois).

d. Adegan Pe­rang Ampyak (nga­dhepi pepalang); yaiku nglambang­ake lelakone ma­nung­sa kang nga­dhepi masa transisi tumuju diwasa. Ing periode iki biasane akeh ngalami pe­pa­lang utawa reri­bed, nanging bia­sa­ne pepalang mau bisa diatasi.

e. Adegan Sa­bra­ngan yakni gambaran awujud raksesa utawa buta kang nglambangake manung­sa kang wis ngancik diwasa, nanging watake isih dikuwasani angkara murka, kebak emosi lan hawa nafsu kang ma­kantar-kantar.

f. Adegan Perang Gagal; yakuwi ana­ne gambaran perang sing isih durung bisa ditemtokake kalah-menange. Biasane ing adegan iki, sawise perang, para prajurit banjur nyimpang marga utawa golek dalan alternatif liyane. Adegan iki nglambangake manawa kahanan manungsa mau isih ing fase ragu-ragu, durung nduweni keman­tepan lan durung ana tujuan urip sing genah.

 

Ir. Sri Mulyono mratelakake manawa fase Pathet Nem iki diarani ‘Wulangan Spi­ritual’; yaiku wulangan spiritual kang ditrap­ake ing fase mau nganggo ajaran kang sumbere saka lingkungan lahiriyah lan sa­perangan saka lingkungan batiniyah. Mu­lane ing fase iki akeh magepokan karo ba­bagan lingkungan alam lan kahanan awake manungsa (biologis).

Kang wigati ing fase Pathet Nem iki yaiku kudu tansah eling ngenani urip lan kauripan kang nglimputi alame manungsa, alam lingkungan, lan Gusti Kang Akarya Jagad.

1. Pathet Sanga (Wejangan Spiritual)

Pathet Sanga biasane kanggo ngiringi pementasan wayang kulit nalika wis te­ngah wengi, yaiku jam 24 - 03 wib kang ditengeri anane kayon utawa gunungan sing ditancepake ngadeg jejeg ing tengah-tengah kelir. Pathet Sanga iki uga nggam­barake pralambang ngenani fase diwasa (usia pertengahan).

Pathet Sanga diperang dadi 3 jejeran, yaiku;

a. Adegan Bambangan

Yaiku anane sawijining satriya kang mapan ana ing tengah alas utawa lagi so­wan ngangsu kawruh ing ngarsane sawiji­ning pandhita (pendeta, begawan). Ade­gan iki nglambangake manungsa fase umur diwasa kang wiwit golek guru (spiritual).

b. Perang Kembang

Yaiku adegan perang antarane raksasa (buta Cakil) warna kuning, Rambut Geni warna abang, Pragalba warna ireng, Galiuk warna ijo lumawan sa­triya kang didherekake para pana­ka­wan (Semar, Gareng, Petruk, Bagong). Adegan iki nglambangake kahanane manungsa kang wis kuat bisa ngalahake nafsu angkara mur­ka. Dene gambarane nafsune ma­nungsa yaiku amarah, lauwamah, supiyah, lan muthmainnah.

c. Jejer Sintren

Yaiku adegan sawijining satriya kang wis netepake pilihan uripe, yaiku urip kang utama.

Intisarine saka Pathet Sanga iki yaiku anane proses ‘wejangan spiritual’ saka sawijining pandhita (bega­wan) marang satriya. Yen ing pe­wayangan adate digambarake Be­gawan Abhiyasa menehi wejangan ma­rang putune Raden Arjuna. Wejangan mau adate ngenani kesadaran ing sa­jrone ngudi ‘ngelmu kasampurnan’ (ilmu ke­sem­purnaan hidup), yaiku;

a. Saka lingkungan babagan batiniyah kang sabanjure ningkat ing rasa kasusilan nganti rasa jati.

b. Lelakune manungsa kang wis bisa nggayuh kasampurnan kang ditengeri nin­dakake dharma utawa nindakake kwajiban tumrap jejering satriyatama.

c. Wejangan ngenani manunggaling kawula-Gusti utawa kasampurnan (Ab­dullah Ciptoprawiro, 1986).

 

2. Pathet Manyura (Wedharan Spiritual)

Pathet Manyura (asal tembung saka manuk merak, tegese marek, parek, ma­rak); yaiku wis cedhak kanggo ngadhep utawa marak mring Gusti Kang Akarya Jagad, utawa wis cedhak karo puput yus­wa). Adate Pathet Manyura iki ditabuh jam 03 – 05 wib, ditengeri gunungan (kayon) kang dhoyong manengen. Pathet Manyura iki nglambangake fase umure manungsa kang wis tuwa, saengga dhe­weke tansah nyiapake dhiri kanggo marak (ngadhep) Gusti Allah. Bisa uga Pathet Manyura iki dimaknai swasana kahanane manungsa kang wis parek (cedhak) karo Gusti Allah.

Kanthi mangkono, manyura bisa di­maknai parek (cedhak) lan marak (nga­dhep) marang Gusti Allah. Ateges ma­nungsa kang kaya mangkono wis nduweni kasejaten ing dhirine.   

Biasane ing Pathet Manyura iki dipe­rang dadi 3 jejeran yaiku;

a. Jejeran Manyura

Ing adegan iki paraga utamane wis dunung ngenani tujuan uripe. Sang tokoh wis bener-bener bisa nggayuh gega­yuhane kang sejati.

b. Perang Brubuh

Yaiku adegan perang sing wekasane dimenangake dening paraga utawa tokoh protagonis (satriya). Perang iki digambar­ake mbutuhake anane akeh korban saka paraga antagonis (candhala). Adegan iki nglambangake anane tataran manungsa kang wis bisa nyingkirake maneka warga pepalang kang diadhepi, saengga bisa nggayuh apa kang dadi gegayuhane.

c. Tancep Kayon

Sri Mulyono mratelakake ngenani panutup pagelaran wayang kulit sing biasane ditengeri Bima njoged (Tayu­ngan); kang tegese angin (nafas). Saban­jure gunungan (kayon) ditancepake ing tengah-tengah kelir kang nglambangake anane proses maut; jiwa ninggalake alam fana’ lan tumuju alam baka (kelang­gengan).

Minturut Abdullah Ciptoprawiro, ing Pathet Manyura iki ngandhut ‘wedharan spiritual’ yaiku arupa anane pitutur luhur (nasihat) kang sabanjure digambarake anane perang kanggo mbrastha para dur angkara.

Kanthi mangkono, genah manawa pagelaran wayang kulit sawengi natas iku kebak simbol, pralampita utawa per­lambang ngenani kahanane manungsa kanthi ontologis-metafisis, yaiku saka ora ana dadi ana kang sabanjure nindakake lakon, terus mati lan mbalik ing asale (Gusti Allah).

Sauntara iku Suwardi Endra­swara (2003) ngandharake mana­wa ing fase Pathet Manyura (akhir uripe manungsa) iku biasane sang satriya wis entuk pepadhang (pen­cerahan batin) kang digambarake ana ing gendhing Ketawang Ibu Pertiwi, yaiku;

 

Ibu Pertiwi, paring boga, lan sandhang kang murakabi

Peparing rezeki, manungsa kang bekti

Ibu Pertiwi-ibu pertiwi, sih su­tresna mring sesami

Ibu Pertiwi, kang adil luhuring budi

Ayo sungkem mring Ibu Pertiwi

 

Sawise purna pementasan wa­yang kulit sawengi natas, kabeh wayang sarta pirantine dikukuti dilebokake maneh ing kothak. Upamane mapane wayangan mau ana ing pendhapa utawa ing bale omah limas, mesthi bae pen­dhapane dadi suwung (kosong). Si dha­lang banjur ne­moni sing nanggap utawa sing duwe omah. Piye oleh-olehane anggo ndhalang? Yen anggone ndhalang apik, dheweke mesthi entuk bebungah kang murakabi. Suwalike, yen anggone ndha­lang kurang becik, bisa uga sing duwe omah utawa sing nanggap malah ndukani si dhalang amarga ora cocog karo sing dikarepake.

 

* (Penulis budayawan, penulis buku, Tulungagung)

Berita Terkait

Samak Minggu Ini

img

img

Sumber Semangat

Saben wong nduweni kalodhangan kang padha kanggo ganti dadi luwih apik.

Klik

HAMAORI ALIAS LARUNG SESAJI

Kayadene ing tanah air, ing Jepang pranyata uga ana upacara larung sesaji yakuwi kang diarani Hamaori ing segara kidul Chigasaki, sakulone Tokyo. Upacara iki ajeg dianakake saben taun. (d/ist)***

Pethilan

Setya Novanto dadi ‘tersangka’

Sapinter-pintere ‘papa’ mlumpat….

Blangko e-KTP wis ana maneh

Gek-gek dikorupsi maneh??

PPP padha PPP-ne rebutan kantor

Eling jaman orba