Bala-bala Darani Kalamangga
Diposting oleh : Administrator
Kategori: Apa Tumon - Dibaca: 73 kali

Bala-bala Darani Kalamangga

 

Wektu Dewi lulus SMU, Dewi banjur melu sedulure  neng Tangerang. Dewi neng Tangerang kerja neng pabrik. Wektu Dewi lagi mlebu kerja, kancane akeh saka dhaerah ngendi-endi, dadi basane uga campur-campur. Nah pas Dewi wayahe leren amarga wis jam rolas awan, Dewi krasa luwe, Sakwise sholat dzuhur Dewi banjur menyang warung sing ana ing ngarep pabrik. Wektu kuwi kancane Dewi ana sing nitip gorengan, kon nukokne bala-bala (bakwan_Basa Jawa)”. Dewi sakbenere bingung bala-bala kuwi apa. Ananging amarga Dewi isin arep takon, ya uwis Dewi terus neng warung. Warunge katon rame, akeh sing mangan neng warung kuwi. Dewi banjur ngantri, sing enek pikirane Dewi yen “bala-bala” darani “laba-laba (kalamangga_Basa Jawa)”. Dewi ki bingung clingak clinguk ndeleng gorengan, kok ora ana sing gorengan kalamagga. Kebeneran ana kancane sing nembung nyang bakule yen arep tuku bala-bala. O….Dewi banjur ngguyu dhewe. Ora ngertiya yen bala-bala kuwi bakwan, dudu kalamangga. (Tri Wahyuni - Selorejo, Girimarto,  Wonogiri)

 

 

 

Kok Ana Loro?

 

Iki kedadeyan temenan, jian ora ngapusi. Dadi crita rame ing ngendi-endi nganti saiki, kaya neng film-film. Nek neng film ana crita kaya ngene, ateges dijupuk saka kedadeyan nyata. Genre film-e komedi horor.

Prastawa iki dumadi ing wulan Agustus 2016 ing desa Pucungbedhug, Banjarnegara. Nalika iku ana wong kang tilar donya bar Isya. Manut karo dhawuhe Kanjeng Nabi, yen ana wong tilar donya, kudu enggal-enggal disarekake.

Nalika iku udan riwis-riwis, sanajan ora pati kerep, ning amarga kuburane rada adoh, tur mlakune alon-alonan, ya mesthi klumud. Durung nek ndonganine kesuwen, mula sing melu ngeterake menyang kuburan, gur wong sethithik, udakara wong sepuluhan.

Wektu iku dalan kang diliwati tekan dalan aspalan, dalane munggah rada dawa udakara rong puluhan meter. Kerandha kang dienggo, kerandha kang kayune wis ora pati kuwat. Ndilalah ora ana kang ngiringi saka mburi, padha neng samping karo ngarep lan karo ndonga lirih-lirihan lan bebarengan.

Ditambah nganggo mantel plastik sing kresek-kresek neng kuping sadawane mlaku, njlari wong-wong ora pati migatekake swara-swara liyane saliyane swarane awake dhewe. Lha ing dalan tanjakan kuwi, jisime mlorot lan tiba. Mak brug,…. astaghfirulloh, jisime ngglindhing ngono wae ing dalan.

Ndilalah saka mburi ana pak J karo bojone, liwat numpak pit montor. Saka kadohan, Pak J bengok-bengok ning wong-wong padha ora krungu. Akhire pak J duwe panemu, bojone kon nunggoni jisime, dheweke ngebut ngoyak wong-wong mau. Tekan cedhake wong-wong mau, Pak J alok.

“Pak, jisime tiba, kae lho!”

Wong-wong padha kaget njur noleh, ya Allah Gusti…sakala wonge padha mbalik. Age-age marani tibane jisime mau. Bareng tekan ngenggon, wong-wong padha kaget.

“Lho, kok jisime malih ana loro?”

Ing kono wis gumlethak wong loro nganggo klambi putih-putih kabeh. Oalah jebul sing siji bojone Pak J kang semaput amarga pucet keweden nunggoni jisim mbengi-mbengi.

Aloke wong-wong, “Oalah pak, pak. Wong wadon kok kon ninggoni mayit mbengi-mbengi, ya ora tahan no, aku wae wong lanang durung karuwan wani.”

Pak J wangsulan, “Lha nek kula tilar, bilih diparani segawon.”

Apa tumon? (Arul Sugiarti-Karangkobar, Banjarnegara)

 

 

Wong Edan Jujur

 

Crita iki pancen isih ana sambungane karo crita wong edan sing wis tau kapacak ing apa tumon PS no. 36/2015. Yaiku wong edane padha karo wong edan sing dhisik, sawijining dina Minggu, aku mulih senam karo ibu-ibu liyane, mundhut sarapan sega tumpang pecel sing murah meriah. Warunge ya tanggane Gamisri wong edan iku mau, lagi grudug-grudug arep mlebu warung dadak Gamisri ngathung karo muni “njaluk dhuwite limang atus ae” lan ing jejere wis akeh dhuwit limang atusan akeh. Aku ora duwe dhuwit limang atusan, terus tak wenehi rong ewu (sak lembar rong ewon) lakok karo gamisri disusuki limang atusan telu. Tak wenehne meneh ora gelem, jare “aku njaluk limang atus, ya limang atus. Kok rong ewu”. Terus tak wangsuli “Ya tak wenehi iki gak njaluk”. Jawabe “emoh dhuwitku wis akeh kok, ki lo! (karo nduduhne dhuwit klithik limang atusan sing neng sandhinge lungguh). Apa tumon wong edan jujur, emoh ngluwihi sing dijaluk? (Umi Harini-Bandar-Jombang)

 

 

 

Berita Terkait

Samak Minggu Ini

img

img

Sumber Semangat

Ora perlu njlentrehake bab kita marang sapa wae, merga sing seneng karo kita ora butuh bab iku lan kang benci marang kita ora percaya iku.

Klik

SWASANA TIMUR TENGAH

Ngarepake Romadon akeh restoran ing Indonesia kang nawakake panggonan kanggo buka. Ora luput, dekorasine uga nylarasake karo suwasane. Kaya ing salah sijine restoran ing Jakarta iki nyuguhake dekorasi nuansa Timur Tengah, utamane Maroko, kanthi kelambu werna werni lan lungguhe lesehan. Mesthi wae panganan kang disuguhake uga ala Timur Tengah. (d/ist)

Pethilan

Bursa cagub Jabar saya rame

Wiwit pepaes

Sasuwene pasa, PNS mulihe luwih cepet

Luwih seneng maneh yen THR-e cair luwih cepet

Miskinke wae calo TKI ilegal

La yen wis miskin piye?