Parasara Krama (10)
Diposting oleh : Administrator
Kategori: Padhalangan - Dibaca: 124 kali

Kandheg sawetara, Sang Prabu Durmuka sigra mbacutake anggone paring pangandika.

“Heh Patih Surengkewuh. Wus sawe­tara iki narendra Ngastina Prabu Santa­nu lagi nandhang sungkawa, awit wiwit tinilar garwane saengga seprene du­rung darbe prameswari. Bab kuwi njalari Pra­bu Santanu  gerah puyeng, nandhang owah engetan amarga lagi kasmaran, nganti ora mikir kaprajan. Satemah ka­hanane Negara Ngastina ora karuwan.”

“Kawula nuwun, Sinuwun. Nadyan ing­kang abdi kepatihan ugi mireng pa­wartos ingkang kados mekaten punika. Lajeng kersa paduka kados pundi, Sinuwun?”

“Kanggone ingsun narendra ing Le­mahbang, prayoga banget lamun kalo­dhangan iku sun gunakake kanggo nge­lar jajahan. Mumpung  Ngastina ana ka­hanan ringkih, ya ing wektu iki ingsun ne­dya nggempur Negara Ngastina. Yen Prabu Santanu kasoran yuda,  Ngastina bakal dadi jajahane  Lemahbang. Mbe­dhah praja mboyong putri. Kepriye mung­guh panemumu, Tiih?”

“Kepareng matur prasaja, bilih ing­kang abdi kepatihan sarujuk dhateng le­kas paduka ingkang mekaten. Lajeng mbenjang punapa anggenipun bidhal mang­rurah prang dhateng Ngastina, Sinuwun?”

“Ora ketang sambung obor colok lin­tang bebasane, ayo kabudhalna ing dina iki uga, aja nganti kadaluwarsa, mum­pung Ngastina lagya abosah-basih kahanane.”

“Inggih dateng sendika, sumangga kula dherekaken. Langkung rumiyin kula tata siyaga kaprajuritan.”

Budhaling prajurit katon rantap-rantap  saka Negara Lemahbang tumuju menyang Negara Ngastina. Gantya kang cinarita, ing Praja Ngastina Prabu San­tanu lagi lenggah ana dhatulaya, ka­adhep dening putra kinasih Prabu Anom Dewabrata. Sang raja putra gya matur ngrerepa.

“Kaya ana pawongan kang nothog-nothog kori, jebul putraningsun Dewa­brata. Ana apa kulup  dene sira sowan ana ramamu ijen tanpa kantha lan kanthi?”

“Dhuh Kanjeng Rama jejimat pepun­dhen kula ing ngarcapada. Paduka teka benten kalawan adat saben. Nalika nem­be kondur saking anggenipun leledhang mirsani asrining kawontenan, teka pa­duka kanjeng rama manjing dhatulaya  ketingal kacuwan saha sungkawa. Pu­napa darunanipun, Kanjeng Rama?”

“Kulup, sejatine ora ana apa-apa. Ya mung puyeng sethithik.”

“Dhuh Kanjeng Rama, paduka mbo­ten walaka. Nanging nuwun sewu, estunipun kula sampung………………

Berita Terkait

Samak Minggu Ini

img

img

Sumber Semangat

Saben wong nduweni kalodhangan kang padha kanggo ganti dadi luwih apik.

Klik

HAMAORI ALIAS LARUNG SESAJI

Kayadene ing tanah air, ing Jepang pranyata uga ana upacara larung sesaji yakuwi kang diarani Hamaori ing segara kidul Chigasaki, sakulone Tokyo. Upacara iki ajeg dianakake saben taun. (d/ist)***

Pethilan

Setya Novanto dadi ‘tersangka’

Sapinter-pintere ‘papa’ mlumpat….

Blangko e-KTP wis ana maneh

Gek-gek dikorupsi maneh??

PPP padha PPP-ne rebutan kantor

Eling jaman orba