Petilasane Aji SakaDadi Papan Kumpule Kaum Indigo
Diposting oleh : Administrator
Kategori: Laporan - Dibaca: 67 kali

Tokoh legendaris, Aji Saka, minangka pangripta aksara (huruf) Jawa iki, saiki patilasane akeh ditekani wong minangka papan kanggo sapatemon lan lelaku ritual semadi, mligine para kaum indigo (wong kang duwe kabisan spesial/supranatural wiwit lair), kanggo ngasah kalantipane indra keenem, minangka bakat sing diduweni wiwit lair.

Sawijine papan bisa dipercaya sape­rangan wong minangka panggonan sing keramat mono, adate marga ana seja­rah utawa legenda tokoh leluhur sing ndu­weni kekuatan spiritual sing menjila. Kanthi mengkono panggonan kuwi ban­jur sinebut petilasan. “Ya papan kene iki, mbiyene minangka panggonan sing kang­go tapa Aji Saka, mula saiki banjur kanggo tapa utawa semedi, kanggo um­bul donga sing pinercaya gampang kina­bulke dening Gusti Kang Maha Wikan” ujare Suhardi, juru kunci patilasan perta­pan Aji Saka iku.

Aji saka minangka tokoh legendaries pangripta dumadine aksara Jawa. Kajaba saka kuwi uga nduweni kadigdayaan pilih tandhing. Dicritake, ing zaman panguwa­sa­ne Prabu Dewatacengkar ing Kerajaan Medhangkamulan sing kawentar mi­nang­ka raja sing kejem, nggrangsang sing seneng mangan daginge manungsa.

Aji Saka kasil ngalahake Dewata Ceng­­kar,  kang sabanjuri malih dadi baya putih. Wiwit kuwi Aji Saka disengkakake Nga­luhur dari raja kono.

Wiwit  Aji Saka dadi raja ing Kerajaan Medhangkamulan nyulihi Prabu Dewata Cengkar, kahananne dadi tata titi tentrem, gemah ripah loh jinawi. Ora let suwe, Aji Saka kelingan yen ninggal pusaka sing dikongkon njaga Sembada. Mula Aji Saka banjur utusan Dora supaya njupuk pusa­ka mau. Gegancangane rembug, Nalika Dora ketemu Sembada lan njaluk pusa­kane, karo Sembada ora diwenehke, awit ngunggemi welinge Aji Saka, yen sapa wae aja diwenehi pusaka iki, kajaba Aji Saka dhewe. Kamangka lelorone padha-padha dikongkon dening Aji Saka. Dora lan Sembada banjur gegeran, sing pung­-ka­sane padha padudon adu kasekten.

Utusan loro iki kasunyatane padha sek­tine, saengga ora ana sing kalah lan sing me­nang. Wusanane  sampyuh lan mati ing kono uga. Gandheng ditunggu ara pa­dha teka, mula Aji Saka banjur nyusul, nanging wong loro mau kebacut wis gu­mle­thak dadi bathang. Kanggo pepeling pesen lan prasetyane Dora lan Sembada iki, Aji Saka banjur ngripta aksara Jawa sing nganti saiki padha diuri-uri. Aksara Ja­wa mau unine mangkene:

 ‘Ha Na Ca Ra Ka (ana utusan), Da Ta Sa Wa La (dumadi pasulayan), Pa Dha Ja Ya Nya (padha-padha digda­yane), Ma Ga Ba Tha Nga (mati sam­pyuh dadi bathang). Manut pamawase Suhardi, pertapan Aji Saka sing mang­gon ing Dukuh Nayan, Desa Kalangan, Ke­camatan Pedan, Kabupaten Klaten, Jawa Tengah iki manggon ing sakdhu­wure lemah sing dubengi tembok saka watu item sing ing njerone kebak orna­men ukiran patung kanthi gaya ukiran khas Pulo Bali. Area pertapan Aji Saka iki sepisanan ditemoke dening sakwijine tokoh winasis, pemangku adat Bali, sing kinaran, Pandhita Mpu Nabe Raka Dar­mika Sandhi.

Suhardi njlentrehake, area petilasan per­tapan iki mbiyene mung wujud lemah ko­song tanpa ana sing nduweni, saeng­ga kahanane njembrung, wiwit suket nganti wit-wit gedhe padha thukul lan kahanane mosak-masik, tanpa kaurus. Ma­lah papan iku dikenal wong karangpa­desan kiwa tengen kono minangka pang­gonan sing angker lan malati. Wola-wali wis ana se­we­nehe kedadeyan sing kaya-kaya ora tinemu nalar, nanging kasunyatane gawe mirise wong kono. Dicritake, amaraga lemah kuwi ora ana sing nduweni, mula banjur ana sawenehe warga sing migu­nakake kanggo golek suket lan gegodho­ngan, minangka pakan kewan. 

Malah uga ana sing angon sato kewan ing kono barang, kayata angon truwelu, wedhus, kebo utawa sapi. Nanging apa kedadeyan sakwise kewan ingon-ingon mau saba mrono? Mung ngancik wektu se­wengi kewan-kewan mau ambegan long­gar. Sakbanjure padha pating glem­pang mati dadi bathang, tanpa ana sebab sing bisa dimangerteni. Gandheng pras­tawa mau dumadi terus-terusan, mula wong-wong kono banjur ora ana siji-sijia sing wani ngambus mrono. “Malah ora let suwe, para muda warga Dukuh Nayan banjur padha mbabati wiwit-witan, mi­nangka sarana gawe lapangan voli lan badminton,” panambahe Suhardi.

Banjur kepriye Kabul wusanane? pra­nyata saben para mudha padha olahlraga embuh apa sebabe, kok mesthi ana sing nandhang kacilakan, embuh sikil lan ta­ngane keslio, malah uga ana sing sikil lan tangane ceklek, nadyan wis diusadi kanthi cara medhis utawa non medhis, tetep  wae ora bisa pulih kaya wingi uni. Kanthi mengkono, banjur lemah kosong mau mung dienengke wae, tanpa ana sing ge­lem ngambah mrono. Saengga wit-witan sing maune wis dibabati, bali njembrung, sepi lan katon tambah angker. Kabar ang­kere lemah kosong kuwi nganti tekan nja­ban tlatah Dukuh Nayan, malah nganti ri­nungu tekan njaban Kabupaten Klaten.

 

Firasat Durung Kawiyak.

Krungu pawarta mau, pemangku Aga­ma Hindhu saka Bali, Pandhita Mpu Nabe Raka Darmika banjur nyoba nakyinake mrono, mung kepengin ritual lan olah spiritual ing panggonan kono, kanthi cara semedi, jumbuh karo kapercayane. Ing papan kono,Mpu Nabe oleh wangsit, na­nging ora bisa njlentrehke apa maknane. Mula saka kuwi, dhewke banjur njupuk sejumput lemah kono sing ambune wangi, kanggo digawa ana Pulo Dewata, Bali, kanggo dituduhke marang para supranatu­ralis ing kana. “Embuh apa sing bisa di­mak­nani, sing jelas firasat mau nganti saiki durung bisa kawiyak” panambahe Suhardi maneh.

Udakara 7 taun sakwise, lemah sing mau­ne kosong lan angker mau wis madeg sawijine bangunan sing coreke memper ornamen candhi ing Bali, malah digunake minangka sanggar pamujan, kebak per­nak-pernik ornamen reca gaya khas Bali. Ing tanggal 9 Desember 2007 digelar upa­cara ritual sesuci candhi pamujan sing  di­pimpin langsung dening Mpu Nabe beba­rengan karo para supranaturalis uga pe­mang­ku adat Bali. Banjur akeh wong sing percaya, yen papan kono minangka peti­lasan pertapan Aji Saka, awit ciri-ciri lan pralambang sing ditampa Suhardi saka asil semadine ing papan kono. Bab iki kaya sing tampa lan dibenerke sadhengah kaum indigo.

Malah sadhengah para supranatura­lis ing Jawa, uga mbenerake bab iki. Ing kene, ujare Suhardi, papan sapatemone para kaum indigo saka sadhengah tlatah. Para winasis lan kaum Indigo sing teka mrono akeh-akehe mung pengin mesu budi, lelaku ritual semedi kanggo ngasah landhepe pamikire utawa indra keene­me. Kanthi gilir gumanti, saben ndinane area pertapan Aji Saka iki kerep kebak dening wong, kanthi pangajab sing beda-beda. Sapatemone para kaum indigo lan wong-wong sing ana papan kono, rata-rata nduweni karep kanggo ngalap ber­kah, mbagi pangalaman lan konsultasi bab dina ngarep sing bakal ditemoni.

Gegandhengan area pertapan iku diu­bengi tembok kanthi watu item iku minangka panggonan sakral (suci) sing dikramatake, mula ora saben wong bisa tumindak sembrana lan sakkarepe dhe­we. Ana sawenehe syrat sing kudu diu­gemi dening para peritual ing papan ke­ne. Sepisanan, kudu sesuci luwih dhisik, kanthi raup, nelesi tangan lan sikil liwat banyu kran sing manggon ing sisih kiwa pertapan sing wis kasedhiyake. Banjur bebetan jarik nganti sakndhuwur dheng­kul. Klambi utawa kaos sing dienggo ku­du ditempeli kertas sing ana tulisan jenenge dhewe-dhewe. Banjur, nulis apa pangajabe mara ing papan kono.

Pranyata kekarepanne wong sing mro­no iku werna-werna, ana sing pe­ngin ditampa ing sawenehe pawiyatan agung, ana sing ngajab bisa lulus ujian kanthi biji apik, mligine padha akeh sing kepingin nggayuh drajat lan pangkat. Sakwise, banjur dituntun lan diarahke mlebu regol pertapan Aji Saka kanthi nyo­pot sandhal utawa sepatune, kanggo umbul donga keslametan luwih dhisik ing ngarep regol mau. Sakwise ing plataran ngarep pertapan, saben wong diwajibke nulis kekarepane ing selembar kertas sing wis sumadya. “Ing kono uga wis cu­mawis kembang setaman ing njero bokor, para tamu banjur lungguh sila kanthi tangan lan sirah ndhangak, kanggo ndonga” panjlentrehe

Donga sing kinucap jumbuh karo ke­krepane dhewe-dhewe. Cara ritual iki nduweni makna ngenalake rasa sila­turahmi marang sapadha-padha lan nguri-uri budaya jawa. Nah, sakwise ritual umbul donga rampung, banjur diidinke kanggo mlaku-mlaku lan ndeleng sawenehe oranamen reca lan ubaram­pe­ne ing pertapan Aji saka kono. Yen wis katok, banjur kumpul maneh ing pe­sanggrahan kanggo ngombe, omben-omben khas Dukuh Nayan, sing kinaran wedang cantor.”Wedang iki digawe saka gula Jawa, asem lan rempah-rempah. Pro­sesi ritual sing pungkasan, konsultasi utawa wawan rembug para kaum indigo sing teka saka sadhengah tlatah sing pas ana kono. (Kang Hong)

Berita Terkait

Samak Minggu Ini

img

img

Sumber Semangat

Nalika kita kesel lan gela, mula satemene nalika kuwi kita lagi sinau bab “kesabaran...”.

Klik

JAGO MOGE IBU WAWALI

Martha Catur Wurihandini, sisihane Wakil Wali Kota Depok Pradi Supriatna iki pranyata nduweni hobi kang cukup ekstrem. Yakuwi nin¬dakake freestyle nganggo motor gede Harley-Davidson. Aksi kang ngundang gawok ibu pejabat siji iki katon ing perayaan HUT Polwan ka 69, ing lapangan Polda Metro Jaya, mentas iki. Ya, saliyane minangka sisihane Wakil Wali Kota Depok, Martha pranyata sawijining perwira Polri kanthi pangkat Inspektur Satu. (d/ist)***

Pethilan

Rencana-rencana anggaran ASEAN Games kaco

Atlete ditarget oleh emas akeh!

Halimah Yacob, wanita lan mulsim pisanan dadi presiden Singgapur

Kabukten warung Padhang ana ing ngendi-endi …

Halimah Yacob, wanita lan mulsim pisanan dadi presiden Singgapur

Mangka ing Singgapur ora ana partai Islam