Undha Usuke Drajat Iman lan Kasampurnane (13)
Diposting oleh : Administrator
Kategori: Agama Islam - Dibaca: 77 kali

(He para wong Mukmin kabeh, sira padha wedia mring Allah kalawan sejatining wedi, lan sira aja padha tumekeng palastra (mati), kajaba mati nggilut Agama Islam) Q.S. Ali Imran (3) : 102

 

(d). Sunnatullah tumurune udan

Kita ndulu, manawa mendhung mau lumaku (bergerak) antarane langit lan bumi. Swasana mangkono mau ndarbeni makna kanggo nyeimbangake antarane kekuwatan gravitasi (daya tarik bumi) sing narik mengisor sarta data kekuwatan sing ngangkat samubarang mau mendhuwur. Lha yen swasana sing mangkono mau lumaku terus-terusan, dak kira sengara ora bakal tumurun udan, sanajan mung sak tetes banyu udan bae menyang bumi. Eloke, ing swasana kang mangkono iku, Allah kepareng ngutus angin kanggo ngga­wa mendhung mau tumuju marang (zone) papan kang luwih dhuwur, sing luwih adhem, saengga dadi tambah volume titik-titik kasebut, saya tambah abote. Kanthi mangkono gaya (daya) gravitasi luwih bawera (dominan) katimbang daya angkat mendhuwur. Tumuli tumurun udan kanthi ukuran tinamtu,wus kepareng katetepake dening Allah. Dhawuhe Allah, mangkene maksude:

“Panjenengane iku kang wus kepareng ngutus marang angin, minangka dadi be­bungah ndhisiki  ing sangareping rahmatE, nganti nalikane angin mau wus nggawa mega abot, banjur Ingsun siramake ana ing salumahing bumi kang mati (cengkar). Ingsun nurunake banyu udan sarana men­dhung, nuli kalawan banyu mau Ingsun nge­tokake sawarnaning woh-wohan. Hiya kaya mangkono iku anggon Ingsun arsa nguripake wong-wong kang wus mati, supaya sira kabe padha eling.” (Q.S. Al-A’raf (7):57).

Hiya krana keparenging Allah tumu­rune udan mau ora mujudake blog, bongkahan kang bunder sak gredegan (sekaligus). Allah kepareng nyipta saringan khusus ana ing titik-titik banyu, sing njalari banyu udan tumurun arupa butiran cilik-cilik. Kanthi mangkono ora njalari kerusakan ing bumi.

(e). Sunnatullah miline lan sumebare banyu udan ing bumi.

Allah wus kepareng ndadekake kali (bengawan) minangka piranti (terusan) sing ngilekake banyu udan sarta ngra­takake (menyebarake) marang lumahing bumi sing luwih piguna (manfa’at) kang mirunggan. Banyu mau banjur mili me­nyang kali, menyang alas sarta tuwuh sa­luran banyu rata ing bumi, pindha sume­bare iline getih ana ing awake manungsa. Dhawuhe Allah, mangkene maksude:

a). Panjenengane kang wus kepareng nurunake banyu udan saka langit, nuli ju­rang-jurang mili banyu miturut ukurane.” (Q.S. AR-Ra’d (13):17).  

b). “Allah kang wus kepareng nitahake pirang-pirang langit lan bumi, sarta Panje­nengane nurunake banyu udan saka la­ngit, nuli ngetokake sawernaning woh-wohan. Kalawan banyu iku minangka dadi rejeki tumraping sira kabeh.” (Q.S. Ibrahim (14):32).

Kajaba saka iku, banyu uga mili ing wetenge bumi arupa kali (terusan) kang mapan ana ing ngisore lemah. Swasana iki biyasane dumadi ana ing lingkungan gurun (segara wedhi). Terusan utawa kali-kali iku mujudake pipa-pipa. Lha yen ba­gian terusan utawa pipa-pipa pecah, banyu mau banjur macur lan dadi sumber, saeng­ga manfa’ate banyu kang kasimpen mau bisa mili menyang papan kang luwih adoh. Barokahe pecahan terusan lan kali-kali mau nuli dumadi OASE-OASE ing segara wedhi lan liyane.

(f). Sunnatullah, banyu udan diserot dening lemah.

Lha saupama banyu udan mau mam­beg ana ing lumahing bumi, ing papan udan mau tumurun, tamtu bakal dumadi telaga lan rawa-rawa amba sing bakal ngru­sak panguripane maungsa. Kanthi mangkono papan mau ora bisa diliwati lan ora bisa ditanduri, uga ora bisa didegake gedhong dumunung ana ing sadhuwure papan banyu mau. Nanging Allah wus ke­pareng ndadekake bumi ndarbeni karak­teristik khusus, sarta banyu bisa ngrembes, lan diserot (diserap) dening lapisan bagian ngisor lemah sing isih cedhak karo luma­hing bumi. Wusana banyu udan mau ban­jur mili menyang terusan-terusan lan pipa-pipa sarta sinimpen ing kanthong-kanthong banyu sanjeroning lemah, adoh saka bak­teri sarta bibit-bibit penyakit sing mbe­bayani. Trep karo dawuhe Allah mangke­ne maksude:

Lan Ingsun wus kepareng nurunake banyu udan saka langit kalawan ukuran (kadar) sacukupe, kang murakabi. Nuli Ingsung ngenggonake ana ing bumi lan kasimpen. Lan satemene Ingsun iku Kuwa­sa nyirnakake banyu iku.” (Q.S. Al-Mukmi­nun (23):18).

Kajaba iku saka rahmating Allah, banyu kasebut kasimpen ana ing sanjeroning lemah. Lha, saupama banyu iku terus ngrem­bes lan mili terus menyang wetenge bumi sing banget jerone, tamtu banyu mau bakal ambles nganti tumapak ing pera­ngane bumi sing jero banget sarta ora bisa dimanfa’atake. Mula saka iku Allah wus kepareng nyedhiyakake kanthong-kanthong banyu kang dumadi saka watu lan lemah ing wetenge bumi kang cedhak. Kanthong-kanthong banyu mau ndarbeni piguna lan manfa’at kanggo njaga rem­bese (perembesan) menyang wetenge bumi, sarta nyedhakake banyu mau karo manungsa. Supaya luwih cetha, ing ngisor iki diaturake maksud dhawuhe Allah: “Muhammad sira dhawuha! Kepriye pane­munira, manawa banyu kang padha sira angsoni (sira ngangsu banyu) mau asat? Sapa kang bisa nekakake banyu kang lu­mintu mili (manfa’at) kanggo sira kabeh? (Q.S. Al-Mulk (67) : 30).

 

(VII). TANDHA TANDHA KEKUWASA­NING ALLAH:

(2). Tandha-tandha kang kinan­dhut ing awake manungsa.

Manawa kita nalar, ndulu marang awak kita iki, kita bakal mangerteni tandha-tandha kekuwasaning Allah ing samuba­rang kang dumunung ana ing awak kita, wiwit sel-sel nganti saben organe awak sing mawerna-werna iku. Coba yen kita taliti antara sel siji lan sijine, diklumpukake dening keparenging Allah, kanthi jejibahan ngrajut, nyimpen lan ngumpulake nganti telu utawa patang sel. Kanthi keparenge mangun (membentuk) organ awak kita. Kajaba saka iku Allah uga wus kepareng ndadekake sel kanggo mangun jaringan spesifik (khusus), kanthi materi sing khusus sarta papan kang khusus. Kabeh mau padha ndarbeni

Jejibahan kang wus ketepake dening Allah. Wusana dumadi manungsa kang sampurna ana ing lumahing bumi. Coba kita ndulu marang Kuldi, tataran sinusune balung-balunge kang wus remuk. Trep karo dhawuhe Allah, mangkene maksude: “Lan mara delengen kuldinira (kadi dene jaran) kang wus remuk, lan Ingsun bakal ndadekake sira palupi tumrap para ma­nung­sa. Lan delengen balung-balung iku, kepriye anggon Ingsun nguripake dhewe­ke, tumuli Ingsun kepareng mbuntel da­ging. Mangka bareng wus terang kahanan mau kabeh tumrap dheweke nuli cela­thu:”Kula sampun pitados, manawi Allah punika Maha Kuwaos ing samubarang kawontenan.” (Q.S. Al-Baqarah (2) : 259). 

(Ana Candhake)

 

Berita Terkait

Samak Minggu Ini

img

img

Sumber Semangat

Wong kang akeh ngucapake kabecikan iku “luwih becik” katimbang wong kang seneng mbisu.

Klik

BALAPAN WEDHUS

Sawijining bocah cilik lagi melu tandhing ing sawijining lomba balapan nunggang wedhus utawa mutton busting. Acara kaya ngene iki cukup populer jroning pawai Fourth of July parade ing kutha Vale, Oregon, AS. (d/ist)***

Pethilan

Mendikbud ngajab, bayare guru honorer ndang diwenehke

Iki sing jenenge menteri zaman now!

Mendikbud ngajab, bayare guru honorer ndang diwenehke

Iki sing jenenge menteri zaman now!

Panglima TNI ditulak mlebu AS

Mengko gek merga, titttt…. (sensor!)