Undha Usuke Drajat Iman lan Kasampurnane
Diposting oleh : Administrator
Kategori: Agama Islam - Dibaca: 54 kali

Isih ngrembug babagan banyu, ma­na­wa kerapetan zat air (banyu) kang pa­ling dhuwur, yaiku nalika banyu owah da­di padhet. Mung bae banyu iku beda karo werna cairan  liyane. Banyu bakal ngga­yuh (mencapai) derajat kepadhetan paling dhuwur ana ing suhu 40 derajat cel­sius. Lan banyu bakal owah dadi padhet lan beku ana ing suhu nol derajat (dadi es). Hiya swasana kang mangkono iku sing njalari es bisa ngambang ana ing se­gara, samodra lan kali (bengawan), kang mangka banyu kang dumunung ana ing ngisore tetep cuwer (cair). Iwak lan makhluq urip liyane tetep bisa urip ing kono. Lha, saupama banyu iku padha karo cairan liyane, sing ndarbeni kerape­tan luwih dhuwur nalika beku, wus mesthi es bakal kerem (tenggelam) menyang dhasaring segara, telaga, kali.

Sing kudu kita mangerteni lan pa­hami, sapa ta sing nemtokake manawa banyu iku ndarbeni karakteristik, sing beda karo karakteristik kabeh barang cair liyane? Hiya Panjenengane Allah kang Maha Wicaksana, Maha Kuwasa, Maha Welas lan Maha Asih. Coba ta yen kita na­lar, temen-temen banyu iku ndarbeni manfa’at kang mirunggan (utama) tum­raping makhluq Allah. Dhawuhe Allah mangkene maksude:

“Lan Pangeran kang wus kepareng ngutus angin dadi bebungah kang ana ing sangareping sihe (udan). Lan Ingsun wus kepareng nurunake banyu kang suci saka langit. Perlu Sun anggo nguripake negara (palemahan) kang mati. Lan Sun anggo ngombeni barang kang wus Ing­sun titahake, yaiku raja kaya sapirang-pirang lan manungsa kang akeh banget. Lan sayata Ingsun uga wus kepareng ngla­kokake (ngubengake) mangsane udan mau ana ing antarane para ma­nung­sa, supaya padha eling (syukur) marang nikmat peparing Ingsun, nanging kang akeh para manungsa iku, kajaba nampik malah padha kafir.” (Q. S.Al-Furqan (25):48-50).

 

(8). Banyu udan lan banyu tawa (tawar)

(a). Sunnatullah ing penguwapan.

Allah wus kepareng ndadekake pana­sing srengenge lan angin sing njalari mum­bule (terangkatnya) uwap banyu saka segara kanthi dhuwure (ketinggian) tinamtu ing ndhuwure gunung. Iki darbe makna supaya gunung ora ngalang-ala­ngi pindhahe uwap banyu saka lumahing segara menyang tengahing jagad raya (akasa). Iki maksude supaya partikel sing nggawe (membentuk) mendhung mau dadi luwih kandel. Uwap banyu mau nuli ditahan lan ora terus mumbul, ora ninggalake bumi. Trep karo dhawuhe Allah, mangkene maksude: “Lan Inggsun wus kepareng nurunake banyu saka la­ngit kalawan kadhar sacukupe (kang mu­rakabi). Nuli Ingsun ngenggonake ana ing bumi kasimpen. Lan satemene Ingsun kuwasa nyirnakake banyu iki.” (Q.S. Al-Mukmin (21):18).

Allah uga wus kepareng ngangkat banyu segara arupa uwap banyu. Dene uyah kang nyawiji karo banyu segra iku ora katut nguwap bebarengan karo uwap banyu mau. Yen dinalar, iki ndar­beni makna, supaya kadhare uyah iku ora mbebayani marang manungsa, ke­wan lan tetuwuhan. Lha saupama kita ngobe banyu udan sing isih ana rasa asin, utawa banyu asin iku kanggo nyira­mi tetuwuhan temtu kita bakal sirna (bi­nasa) bebarengan karo kewan lan tetu­wuhan iku. Trep karo dhawuhe Allah manggkene maksude:

“Apa sira wus nggatekake marang banyu kang padha sira ombe?Apa sira kang nurunake banyu iku saka ndhuwur mendhung, utawa apa Ingsun kang nu­run­ake? Samungguha ana kepareng karsanIngsun nggawe banyu mau asin, mesthi kelakon asin. Geneya sira ora padha syukur. (marang Allah, Dzat kang Maha Wicaksana, Maha Murah lan Maha Asih).” (Q.S. Al-Waqi’ah(56):68-70).

(b). Sunnatullah pangumpulan uwap banyu.

Saka keparenging Allah (sunnatullah) uwap banyu iku entheng banget, sarta gampang nguwap mumbul, nanging ora bisa dinulu dening pandulu, sadurunge uwap mau dadi kandel lan ngumpul akeh. Wusana Allah kepareng dhawuh marang angin (samirana) sing ngandhut bibit-bibit mendhung, bledug (debu), serbuk gelembung sarta sawenehing zat liya sing dadi underaning (inti)  kondensasi (pengembunan). Nuli saka karsaning Allah nuli dumadi penyerbukan (nyawiji­ne) partikel banyu. Hiya ing kene iki, uwap banyu ngumpul ing sakiwa tengene par­tikel kasebut. Nuli wujud (membentuk) pindha tutup (selubung) uwap banyu, banjur owah dadi titik-titik banyu sing bisa kita ndulu lan kita sekseni arupa mendhung. Nah, titik-titik banyu mau banjur ngrembaka. Wusanane nuli owah dadi titik-ttitik banyu sing luwih abot, saengga tumurun udan. Trep karo dha­wuhe Allah mangkene maksude:

“Allah, Dzat Maha Kuwasa wus kepa­reng ngutus marang angin (samirana), banjur ngobahake mega. PanjenenanE banjur njereng mega mau, ana ing la­ngit, miturut kang dadi keparenging kar­sanE. Lan Panjenengane ndamel me­ga mau pisah-pisah, sira banjur sumu­rup udan metu saka sela-selane. Banjur, ma­nawa Allah nibakake udan mau ma­rang kang dadi kepareng karasanE saka para kawulanE, dumadakan wong-wong mau padha bungah-bunga,” (Q.S. AR-Ruum (30) : 68).

(c). Sunnatulah ngobahake men­dhung.

Sunnatullah kang kaping telu yaiku min­dhahake banyu saka ndhuwure lu­mahing segara menyang tengahing aka­sa (angkasa). Iki kabeh bisa dumadi kra­na binantu (dibantu) dening angin sing ngirim lan ngeterake mendhung tanpa ngrepoti manungsa. Iki dumadi krana  dha­wuhe Allah, mangkene maksude:

“PanjenenganE, Allah iku kang wus ke­pareng ngutus angin, minangka dadi bebungah ndhisiki ing sangareping Rah­mate, nganti ing nalika angin mau wus nggawa mega abot, banjur Ingsun si­ram­ake ing salumahing bumi kang mati  (cengkar). Ingsun nurunake udan sarana mendhung, tumuli kalawan banyu mau ngetokake sawarnaning woh-wohan. Hiya kaya mangkono mau Ingsun arsa nguripake wong mati, supaya sira kabeh padha eling.” (Q.S. Al-A’raf (7):57).

Ayat kasebut asung pituduh marang kita, manawa angin iku sing nggerakake mendhung. Dadine mendhung mau digi­ring klawan dhawuhing Allah, (Ingsun nggi­ring marang salumahing bumi kang cengkar). Wus dadi kasunyatan, manawa ana lemah kang maune cengkar, ora pro­dhuktif banjur dadi tanah pertanian kang subur. Allah wus kepareng ndadekake  lemah kang cegkar dadi tanah kang su­bur (loh). Hiya kaya mangkono mau Allah kepareng bakal nangekake (mem­bang­kitkan) wong mati saka kubure, kan­thi cara nurunake udan, saengga badan (awak) manungsa tuwuh (bangkit) saka njeroning lemah. Priksanana maksud kang kinandhut ana ing Q.S. Al-A’raf (7) : 57) ing ndhuwur. 

(Ana Candhake)

 

Berita Terkait

Samak Minggu Ini

img

img

Sumber Semangat

Wong kang akeh ngucapake kabecikan iku “luwih becik” katimbang wong kang seneng mbisu.

Klik

BALAPAN WEDHUS

Sawijining bocah cilik lagi melu tandhing ing sawijining lomba balapan nunggang wedhus utawa mutton busting. Acara kaya ngene iki cukup populer jroning pawai Fourth of July parade ing kutha Vale, Oregon, AS. (d/ist)***

Pethilan

Mendikbud ngajab, bayare guru honorer ndang diwenehke

Iki sing jenenge menteri zaman now!

Mendikbud ngajab, bayare guru honorer ndang diwenehke

Iki sing jenenge menteri zaman now!

Panglima TNI ditulak mlebu AS

Mengko gek merga, titttt…. (sensor!)