Mangerteni Werdine Islam Nusantara
Diposting oleh : Administrator
Kategori: Agama Islam - Dibaca: 371 kali

Para Ulama Nusantara (Nuswantara) wus netepake sawatara bageyan istihsan iku (ing panguripan masyarakat) becik ing babagan Agama, sosial, politik kabeh mau mujudake (pangetrepan) Islam Nusantara, beda banget karo kasunyatan (uruf, tradhisi) keislaman ing Timur Tengah. Lha ing ngisor iki bakal diaturake werdine Uruf (tradhisi kang lumaku) ing tengahing masyarakat.

Yen ditllusuri, istihsan kaya kang wus  katur ing ndhuwur, antara liya akeh sing netepake hukum khusus (mengkususkan). Dene Uruf iku nyakup (mengakomodasi) tradhisi lokal. Ing babagan iki ana sing perlu dadi kawigaten kita, yaiku kaidah Fiqih sing nerangake, manawa,

Samubarang kang ditetepake lelandhesan karo tradhisi iku ndarbeni maqam (kedudukan) kang padha (setimbang) karo samubarang sing ditetepake dening Al-Qur’an lan Hadits. Uga ana kaidah fiqih liyane, sing nerangake, manawa tradhisi iku bisa dadi sumber hukum.

Hiya krana Uruf (tradhisi) iku ndarbeni maqam (status)  kang mirunggan.

Wusanane Usul Fiqih netepake (memberi mandhat) marang tradhisi supaya nakhsis (mengkususkan) lafal umum sing durung ana pituduh teknis saka Al-Qur’an lan Hadits. Hiya  karana takhsis bil Urfi (netepake hukum lelandhesan  tradhisi/urfi)  iki, Islam ndarbeni kawigaten (pakurmatan) marang tradhisi masyarakat, kanthi syarat tradhisi mau ora nyalahi  marang kemaslahatan masyarakat (prinsip  kemanusiaan). Hiya swasana kang mangkene iki, tradhisi bisa dilestarekake. Suwalike manawa tradhisi kang lumaku ana ing tengahing masyarakat iku  lelawanan (mencederai kemaslahatan umat), tradhisi kang kaya mangkono iku ora perlu  dilestarekake. Kanthi mangkono, Islam  Nusantara iku ora nuruti marang tradhisi, nanging krana tradhisi dhewe sing ndarbeni kawigaten marang  kemaslahatan masyarakat, sing perlu kita lestarekake. Hiya mangkono iku Islam Nusantara ing dalem nyikepi tradhisi-budaya masyarakat. Krana iku para wali migunakake strategi budaya (tradhisi) nalika nyiarake Agama Islam, antara liya kaya sing diamalake dening Sunan  Kalijaga, migunakake wayang kulit, minangka piranti dakwah. Kalimah Syahadat ditrepake  ana ing lakon wayang (jimat kalima sada). Donga-donga, mantra-mantra, jampi-jampi sing biasa  nganggo basa Jawa ditutup mawa kalimah syahadat.

Kajaba saka iku, para Ulama uga ngakomodhasi tradhisi masyarakat, kang arupa sesaji (sesajen) diwenehi pangerten anyar, ora kanggo menehi (nyajeni) marang dewa-dewa, nanging ndarbeni makna kawigaten marang sak padha padhaning titah. Semono uga tradhisi nyadran, ora darbe pangereten nyembah marang dewa, nanging minangka rasa syukur marang Allah. Asil bumi ora dibuwang menyang segara, nanging diedum marang para warga (pendhudhuk). Saliyane iku, Sunan Kudus nalika mbangun Masjid Jepara (Jawa Tengah), mawa menara sing ciplek (menyerupai) candhi utawa pura (baca pure). Sunan Kalijaga mbangun payon (atap) Masjid kanthi telung sap (susun).

Babagan iki miturut Gus Dur (Abdurrahman Wahid), iku nglambangake telung tataran nggilut Agama tumrtaping pawongan Muslim, yaiku iman, Islam lan ihsan. Patrap kang kaya mangkono iku mujudake kawicaksananing para Ulama ing ndalem mangeja wantahake utawa manifestisekake Islam, saengga umat Islam tetep bisa nggilut Agama tanpa ninggalake tradhisi, sauger ora nganti ngowahi (ngrubah) pokok-pokok piwulang (ajaran) Islam. Mangkene genahe (contone), Tradhisi kang lumaku  ana ing tengahing masyarakat, iku ana bandha gana-gini, yaiku bandha sing diasilake dening pawongan kekarone (suami istri). Cara ngetrepake hukum Islam mau (hukum waris), yaiku kanthi cara misahake bandha gana-gini dhisik, banjur lagi ngtrepake hukum waris miturut hukum Islam.  Kanthi eguh sarta pratikel kang maton, yaiku migunakake piranti (metodologi) kaidah Usul Fiqih upamane, tradhisi (uruf) kang lumaku ana ing tengahing masyarakat iku ora dadi masalah (tidak perlu dipertentangkan).

Sebabe kekarone antara tradhisi lan hukum Islam iku padha-padha ndarbeni syarat kaya kang katur ing ndhuwur.

Wusana, sawuse kita nyimak keterangan-keterangan kang wus katur ing  ndhuwur, bisa dimangerteni, manawa ngetrepake Islam Nusantara,  iku perlu  piranti kang mirunggan (metodologis praktis), kaya ta kaidah-kaidah Usul Fiqih, lan ilmu ilmu liyane sing ana ganddheng cenenge karo tradhisi-tradhisi  kang lumaku ing tengahing masyarakat, yaiku ilmu-ilmu antropologi,  sosiologi, politik, ekonomi lan liya-liyane. Ngetrepake Islam Nusantara iku ora kok bakal ngowahi  piwulang (ajaran) pokok-pokok Agama Islam, nanging kanthi ngrangkul lan ngrengkuh tradhisi sing tumuju  marang kemaslahataning masyarakat. Nuwun. Nyumanggakaken.

(Maneka werna sumber lan rujukan)

Berita Terkait

img

Samak Minggu Ini

img

img

Sumber Semangat

Aja gumedhe mung merga ayu-ne rupa, amarga kuwi bakal luntur dening wektu. Nanging elinga, ayune kridha ora bakal luntur senajan digawa mati pisan...

Klik

NGANTUK

Ora kober ndlosor, semendhe ing tembok uga ora apa-apa. Mangkono mbokmenawa ujare si meong iki. (d/sit)***

Pethilan

Trilyunan rupiah dhuwit negara mili menyang desa

Koruptore aja nganti katut keli

Lumantar gerakan #2019Pilpres Ceria, Mahfud MD ngajak publik milih kanthi cerdas

Amarga kecerdasan kita wis saya ilang akibat memusuhan

Golkar ngukuhi caleg mantan koruptor

Ngajab para pemilihe padha pikun!