Undha Usuke Drajat Iman lan Kasampurnane (9)
Diposting oleh : Administrator
Kategori: Agama Islam - Dibaca: 54 kali

(He para wong Mukmin kabeh, sira padha wedia mring Allah kalawan sejatining wedi, lan sira aja padha tumekeng palastra (mati), kajaba mati nggilut Agama Islam) Q.S. Ali Imran (3) : 102

 

Wusana Syeh Abdul Majid ngendika kanthi nyitir dhawuhe Allah, maksude mangkene: “Apa sira kabeh ora migunak­ake pikiranmu, akalmu (ulul albab). Allah wus kepareng Hanyipta Jagad Raya, iku tandha sing bisa nuduhake sipat-sipat Allah.” Semono uga jejak (labet) sing bisa kita sekseni kanggo ngenal marang sipat-sipate Allah kasebut. Allah wus kepareng paring paningal (pandulu) marang kita, su­paya kita bisa ndulu marang labet-labet  ka­sebut. Uga akal bisa asung pituduh  ma­rang  sipat-sipate Allah, sing kinandhut ana ing labet-labet sing bisa kita sekseni. Mula saya kukuh bakuh kapitayan (keyakinan) akal, nalika kita ndulu, manawa samuba­rang iku mesthi ana sing nyiptakake. Dene makhluk nglengkara (mokal) diciptakake dening samubarang kang ora ana.

Akal kang sehat bisa nemokake sipat ka­wi­caksanan, manawa kita ndulu labet-labet kawicaksananing makhlukE. Akal uga bisa nemokake ilmu pengetahuan kang rin­ci, nalika kita ndulu sawijining kasam­pur­nan. Akal uga ndulu labet-labet ilmu ing makhlukE, uga nemokake sipat paring rejeki, nalika kita ndulu proses wujude pangan. Uga nemokake sipat kasih sayang (welas lan asih), nalika kita ndulu jejak ka­sih sayang Allah ing makhluke. Uga kita ndulu sipat keesaane Allah, nalika kita ndulu ciniptane Jagad Rraya kang lengkap linengkapi, kukuh. Kanthi mangkono seka­behing makhluk kang dumunung ana ing antarane langit lan bumi iku, sing bisa kita sekseni, kabeh mau mujudake af’al Allah, Dzat kang Maha Nyipta. Dadi sekabehing sipat Allah sing bisa kita sekseni ing Jagad Raya iki, becik sing arupa sipat ilmu, kawi­caksanaan, pengetahuan, Keesaan lan liya-liyane, kabeh mau bakal awujud krana af’al Allah, Dzat kang Hamurbeng dumadi. Iku kabeh dudu pokale Reca, Brahala lan Alam, sing sarwa kebeneran. Mula akal kang sehat mesthekake, manawa sipat-sipat kasebut, iku mujudake sipat-sipate Allah kang Maha Nyipta, Maha Agung, Dzat kang Kagungan Asmaa’ul Husna.

 

(VI). TANDHA TANDHA PANGU­WA­SA­NE ALLAH:

Sing dimaksud tandha-tandha pangu­-wa­sane Allah ing Akasa, kang arupa hawa (oxigen), Banyu lan Udan. Udan lan banyu tawa sarta tandha-tandha panguwasane Allah kang dumunung ana ing awake ma­nungsa:

(1) Oxigen (hawa).

Allah sesembahaning para kawula, iku Maha Wicaksana, Maha Welas lan Maha Asih. Atmosfer sing mayungi (menyelubu­ngi) bumi, iku manungsa bisa urip, krana pinayungan dening atmosfer, sinartan pa­ngu­wasane Allah. Iku pindha makhluk liya, mahluk kang urip ana ing sajeroning segara utawa samodra. Ana pitakonan apa ta sing karan atmosfer iku? Sing di­maksud  atmosfer, yaiku mujudake onggo­kan (gumpalan) gas sing dumunung ana ing salumahing (mengitari) bumi. Dhuwure (kandle) watara 18 mil saka lumahing (per­mukaan) segara. Nanging watara 99% saka onggokan (gumpalan) gas iku, du­munung ana ing papan 50 mil saka bumi. Lha, sing ndadekake kita gumun, yaiku bobote hawa kang mayungi bumi iku, udakara 5 ewu trilyu ton. Bobot sing sak mono akehe iku ngungkungi sirah kita kanthi bobot watara 15 pon saben kubike. Lha eloke maneh, kita iki ora rumangsa kena beban (tekanan). Iki kabeh krana qudrat lan iradate Allah, Dzat Kang Hanyip­ta, kang Maha Wicaksana, sarta Maha Welas lan Maha Asih, kang wus kepareng ngatur (kanthi taliti) dalah tekanan cuwe­ran (cairan) awak kita iku, padha karo te­kanan hawa sing dumunung ana ing njaba kanthi mirunggan (tepat, imbang).

Coba ta yen kita nalar, para pilot sing ngemudhi pesawat ana ing tataran dhuwur (ketinggian) tinamtu, bakal ngalami teka­nan udhara kang endhek, kadi dene sing dialami dening pesawat terbang mau. Lha kanggo ngimbangi (menyesuaikan) swa­sana mau, awak (badan) bakal ngurangi tekanan hawa marang dhiri pilot mau. Lha yen ora mangkono, sel-sel getih ing awak bakal mbledhos, lan pawongan mau tume­keng palastra. Lha kok bisa mangkono apa sebabe? Sababe, amarga ora ana keseim­bangan tekanan mau. Dadine kanthi mang­kono kita bisa mangerteni lan memahami antara tekanan hawa marang awake pilot sarta tekanan cairan ing sanjeroning awak, iku kabeh yen kita nalar (afala tatafakkarun, afala ta’qilun) sing kepareng Nyipta, yaiku Allah Dzat Kang Maha Kuwas sarta Maha Welas lan Maha Asih marang kawulanE.

Sing perlu dimangerteni (afala ta’la­muun), yaiku Allah kang wus kepareng Nyipta hawa ing atmosfer, ana ing tataran kang beda-beda, ing swasana kang tipis (transparan), sing bisa diliwati sarta dipe­ngaruhi dening cahya. Genahe hawa mau bakal mecahake sebagian sinar cahya sre­ngenge, saengga swasana dadi rina (siang). Iki mono ndarbeni makna nggam­pangake thethukulan lan utawa tetuwuhan nggawe pangan (makanan). Dene tumrap­ing manungsa lan kewan, iki ateges ma­kar­ya lan budi daya ing wektu rina. Yen dinulu cahya mau ngebaki (mengisi) langit wernane biru, endah dinulu ing pandulu (Subhanallah).

Kajaba saka iku, hawa iku mujudake medhia (piranti) kanggo bisa keprungune rambatan suwara. Lha yen ora ana hawa, manungsa sengara (nglengkara) bisa wa­wan rembug karo sapadha-padhane uta­wa ngrungokake pocapaning liyan. 

Nyimak keterangan kang wus katur ing ndhuwur, coba ta yen kita nalar, kabeh mau mujudake tandha kekuwasaning Allah. Kabeh mau nuduhake labet (jejak) sipat-sipat Sang Maha Hanyipta, Maha Wicak­sana, Maha Taliti. Gemblenge, iku kabeh dadi seksi, manawa Gusti Allah iku Dzat Kang Maha Hanyipta, yaiku Allah Kang Maha Welas lan Maha Asih sarta Maha Sawiji.

Uwal karo apa kang wus katur ing ndhu­wur, Allah wus kepareng nyipta sarta ndadekake hawa arupa gas kang bisa nyukupi saben ruang kang diliwati. Iki mau bisa nggampangake makhluk kang urip bisa ambegan sarta pindhah saka sawiji­ning papan menyang papan liyane. Hawa uga nggampangake ing proses penguwa­pan uwap banyu, nggerakake mendhung sarta tumurune banyu udan. Hiya krana tumurune banyu udan iku, Allah kepareng nguripake bumi sing maune cengkar lan mati. Kajaba bisa gerak cepet saka papan siji tumuju marang papan liyane, hawa uga bisa nguwap (terbang menguwap) ninggalake bumi. Apa sebabe kok mang­kono? Iku krana Allah wus kepareng  nda­dekake bumi iku ndarbeni daya tarik (gaya grafitasi) sing ngiket hawa ana ing atmos­fer. Mula saka iku hawa ora bakal bisa uwal ninggalake bumi.

Sing perlu kita mangerteni maneh yaiku, manawa atmosfer iku ora mung dumadi saka unsure werna siji bae, na­nging mujudake campuran sawernaning gas, sanajan ta saben gas iku tetep njaga sipat sarta karakteristike, nanging gas-gas iku ora ndarbeni tingkah (bereaksi) siji lan sijine. Lha hiya, saupama gas-gas itu ndar­beni reaksi siji lan sijine, dak kira hawa wus owah dadi senyawa (campuran gas) liya, saengga kita ora bisa nikmati seka­behing ciptane Allah sing dumunung ana ing akasa (hawa iki). Dadine 50% gas sing dibutuhake, sing kinungkung (diselubungi) atmosfer iku cumondhok (berpusat) ing papan  kang dhuwure 6 km kapisan. Persis ana ing papan panggonane manungsa sarta makhluk urip sing banget mbutuhake hawa (oxigen). Maha Suci Allah sarta  Ma­ha Wicaksana, Maha Ngawuningani sarta Maha Welas lan Asih marang kawulanE.

(Ana Candhake)

 

Berita Terkait

Samak Minggu Ini

img

img

Sumber Semangat

Wong kang akeh ngucapake kabecikan iku “luwih becik” katimbang wong kang seneng mbisu.

Klik

BALAPAN WEDHUS

Sawijining bocah cilik lagi melu tandhing ing sawijining lomba balapan nunggang wedhus utawa mutton busting. Acara kaya ngene iki cukup populer jroning pawai Fourth of July parade ing kutha Vale, Oregon, AS. (d/ist)***

Pethilan

Mendikbud ngajab, bayare guru honorer ndang diwenehke

Iki sing jenenge menteri zaman now!

Mendikbud ngajab, bayare guru honorer ndang diwenehke

Iki sing jenenge menteri zaman now!

Panglima TNI ditulak mlebu AS

Mengko gek merga, titttt…. (sensor!)