Undha Usuke Drajat Iman lan Kasampurnane (8)
Diposting oleh : Administrator
Kategori: Agama Islam - Dibaca: 57 kali

(He para wong Mukmin kabeh, sira padha wedia mring Allah kalawan sejatining wedi, lan sira aja padha tumekeng palastra (mati), kajaba mati nggilut Agama Islam)Q.S. Ali Imran (3) : 102

 

3. Sing ora ndarbeni samubarang, nglengkara (tidak mungkin) weweh. Co­ba yen kita nalar, sok sapa wong sing ora ndarbeni kabisan (kemapuan) tumin­dak, cetha yen dheweke dudu sing tu­min­dak. Contone mangkene: Reca lan alam iku ora ndarbeni kabisan nyipta. Kita nyekseni, manawa kawicaksanan kang ngedab-edabi ana ing Jagad Raya iki. Kamangka ana ing wektu kang beba­rengan (bersama) Reca lan alam iku ora ndarbeni kawicaksanan. Trep karo dha­wuhe Allah, mangkene maksude: “He pa­ra manungsa! (Sira kabeh), mara pa­dha ngrungokna sanepa (kahanan) kang arep diterangake. Sanyata barang-ba­rang kang padha sira sesuwuni (pepun­dhi) saliyaning Allah, ora bakal bisa ngga­we laler siji bae, lan sanajan padha kekumpulan perlu arep nggawe laler mau. Lan manawa laler mau nuthul (ni­thil) barang kang ana ing dheweke, dhe­weke ora padha bisa nylametake (nggon­dheli) barang mau saka panithile (panuthule) laler. Dadi sing padha nye­nyuwun lan kang disuwuni, padha apes kabeh.” (Q.S. Al-Hajj (22):73).

Lelandhesan karo maksud kang ki­nan­dhut ana ing ayat kasebut, pranyata kawicaksanan, ilmu sarta akal kang tan­sah mikir iku dudu karakteristik Reca sar­ta Alam. Iku kabeh nuduhake, manawa ba­bagan kasebut mujudake karakteris­tike Sang Maha Nyipta, hiya Pangeran Maha Wicaksana, Maha Ngawuningani, lan Maha Kuwasa. Bisa dimangerteni lan dipahami, manawa pranatan kang rapi lan njlimet, sinartan kawicaksanan, ilmu sarta akal kang tansah mikirake  makh­luk iku, kabeh dudu karakteristike Reca lan Alam. Iku cetha mujudake Karakteris­tike Allah, Pangeran kang Maha Ngawu­ni­ngani,Maha Kuwasa lan Wicaksana.

Supaya luwih gamblang, ing ngisor iki diaturaken wawan rembug (debat) kanthi gegebengan, pawadan kang temu ing nalar antara Syeh Abdul Majid Az-Zandani, kang ngripta buku “ILMUL IMAN” (Tarjim H.Hafidz Muhammad Amin ,M.A). kang asesirah Insiklopedi Iman”. Lelawanan ka ro Prof.Robert, Direktur

Pengamat Astronomi sing ngrengkuh 57 Universitas ing Amerika.

Wawan rembug iku dumadi sawuse adicara Konferensi Internasional sing ma­gepokan karo Mukjizat Ilmu Pengeta­huan dalam Islam ana ing Istambul.

Secara samadya, wawan rembug (dhebat) antara kekarone bisa diaturake kaya katur ing ngisor iki :

(1). Syeh Abdul Majid asung pitako­nan marang Prof. Robert, manawa ilmu geologi wus bisa miyak (menyingkap­kan), ing wektu kang suwe banget, du­mu­nung ana ing salumahing bumi iku ora ana thethukulan, tetuwuhan, ora ana sato iwen, kewan, gunung-gunung, kali sarta segara. Ing babagan iki Prof. Robert nyarujuki.

(2). Syeh Abdul Majid nerusake pi­takone: Malah ana ing sawijining wektu, planet bumi ora ana wujude. Planet bumi isih dadi bagian saka materi langit. Trep karo dhawuhe Allah, mangkene mak­sude: “Apa wong-wong kafir iku ora pa­dha sumurup yen satemene langit-langit lan bumi iku asale dhempet, gembel dadi siji (nyawiji), nuli Ingsun pisahake! Lan Ingsun nitahake kabeh barang kang urip iku saka banyu. Apa dheweke padha ora gelem iman?” (Q.S.Al-Anbiyaa (21):30). Ing babagan iki Prof. Robert gumun (ter­te­gun) ngrungu makna kang kinadhut ana ing ayat Al-Quran mau.

(3). Syeh Abdul Majid nerusake pita­kone: Srengenge, rembulan lan lintang-lintang, nalika iku durung ana wujude. Planet-planet mau isih awujud kukus (asep). Babagan iki dikukuhake dening ahli astromomi jaman saiki. Trep karo dha­wuhe Allah, mangkene maksude: “PanjenenanE nuli nedya nitahake langit-langit mau sakawit isih wujud kukus.  Pan­jenenganE muli paring dhawuh ma­rang langit lan bumi. Sira sekarone pa­dha ngestokna sarana manut utawa se­ca­ra kepeksa. Sakarone nuli padha ma­tur: “Kula ngestokake dhawuh Paduka kalayan  tha’at (manut).” (Q.S. Fush-shi­lat (41):11). Ing babagan iki Prof.Robert sarujuk apa kang wus diterangake de­ning Al-Qur’an mau.

(4). Syeh Abdul Majid nerusake pi­takone marang Prof. Robert: Ilmu cos­mologi saiki nerangake, manawa materi cosmos kang dumadi saka kukus (kabut), iku sadurunge uga ora ana. Anane NE­BULA sawuse dumadine bledhosan (le­dagan) kang ngedab-edabe (dahsyat), sing karan BIG-BANG, sadurunge. Sadu­runge iku alam (Jagad Raya) uga durung ana babar pisan. Ing babagan iki Prof. Robert uga nyarujuki keterangan mau.

(5). Syeh Abdul Majid nerusake pa­ngandikane: Dadi yen pancen mangko­no, tamtu ana Sang Maha Pencipta. Hiya Allah iku, Pangeran kang wus kepareng nyipta makhluk sadurunge ana. Kanthi keterangan mangkono iku, Prof. Robert hiya sarujuk (setuju), wis mesthi seka­behing jagad Raya iku ana kang nyipta. Nuli Syeh Abdul Majid  pitakon maneh, banjur sapa  sing nyipta?. Prof. Robert aweh wangsulan hiya iku Alam.

(6). Syeh Abdul Majid nerusake pita­kone: Aku ndarbeni pawadan liya sing bisa asung pikukuh njalari mangertine sapa ta satemene sing nyipta cosmos  iku? Kita bisa ngaweruhi sipat-sipatE. Prof. Robert pitakon, apa iku?

(7). Syeh Abdul Majid nerangake: Coba delengen lampu kang ana ing ru­wangan iku! Syeh Abdl Majid nerusake pangandikane. Apa sing bisa kok deleng? Sing nggawe lampu iku apa nduweni kaca? Hiya genah, lha yen ora duwe kaca, saka ngendi asale kaca iku?

(8). Syeh Abdul majid nerusake pa­ngandikane. Apa sing nggawe lampu iku ndarbeni kabisan (kemaampuan) ma­ngun kaca, dadi wangun silinder sing ra­pi? Prof. Robert  sarujuk, apa sing dadi pitakone Syeh Abdul majid.

(9). Syeh Abdul Majid nuli pitakon maneh marang Prof.Robert: Apa sing ndarbeni lampu iku duwe tambang aluminium (sing ana ing sisih kiwa lan te­ngen lampu)?. Dialog antara kekarone, wusana tumapak ing pungkasan, mana­wa wong sing nggawe lampu mau ndar­beni karakteristik mangkene:

(a). Dheweke ndarbeni kaca.

(b). Dheweke ndarbeni kabisan ma­ngun kaca dadi wangun silinder.

(c). Dheweke ndarbeni kabisan ngu­bungake ana ing antarane bolongan tu­tup aluminium karo bolongan silinder kaca.

(d). Dheweke ndarbei ilmu pengeta­huan babagan listrik. Prof Robert mang­suli sarujuk apa sing wus di terangake ing ndhuwur. 

(Ana Candhake)

 

Berita Terkait

Samak Minggu Ini

img

img

Sumber Semangat

Wong kang akeh ngucapake kabecikan iku “luwih becik” katimbang wong kang seneng mbisu.

Klik

BALAPAN WEDHUS

Sawijining bocah cilik lagi melu tandhing ing sawijining lomba balapan nunggang wedhus utawa mutton busting. Acara kaya ngene iki cukup populer jroning pawai Fourth of July parade ing kutha Vale, Oregon, AS. (d/ist)***

Pethilan

Mendikbud ngajab, bayare guru honorer ndang diwenehke

Iki sing jenenge menteri zaman now!

Mendikbud ngajab, bayare guru honorer ndang diwenehke

Iki sing jenenge menteri zaman now!

Panglima TNI ditulak mlebu AS

Mengko gek merga, titttt…. (sensor!)