Undha Usuke Drajat Iman lan Kasampurnane (7)
Diposting oleh : Administrator
Kategori: Agama Islam - Dibaca: 71 kali

(He para wong Mukmin kabeh, sira padha wedia mring Allah kalawan sejatining wedi, lan sira aja padha tumekeng palastra (mati), kajaba mati nggilut Agama Islam) Q.S. Ali Imran (3) : 102

 

(6). Nur Iahi.

Temen Allah iku Maha ngudaneni ma­rang swasana kawulanE. Cahya iman su­munar (terpancar) ing sanjeroning ati ka­wulanE sing dikresakake. Mula berkat ilmu pengetahuan lan hikmahe, ati dadi sumu­nar (memancar) sawuse sadurunge pe­teng ndhedhet. Utawa bisa diaturake, ber­kat cahya iman mau, imane dadi tambah kukuh. Trep karo dhawuhe Allah mangke­ne maksude: “Lan apa wong kang maune mati (mati atine), tumuli Ingsun nguripake dheweke maneh, lan Ingsun banjur paring marang dheweke pepadhang, tumuli  wong mau lumaku kalawan pepadhang iku ana antarane para manungsa, iku pa­dha karo wong-wong kang ana ing pepe­teng, saengga dheweke ora padha  bisa metu saka kono? Kaya mangkono iku wong-wong kafir padha direngga-rengga lakune kabeh kang ala katon becik.” (Q.S. Al-An-Aam (6):122).

Kajaba saka iku, Allah uga wus kepa­reng paring pituduh marang cahyanE tum­rap wong kang dikersakake Panjennegane. Mangkene maksud dhawuhe Allah: “Allah bakal nuduhake sarana pepadhange mau marang wong kang dikeparengake. Lan ndamel pirang-pirang sanepa marang ma­nungsa. Dene Allah iku kang ngawuni­ngani marang sekabehing sawiji-wiji.” (Q.S. An-Nuur (24):35).

 

(V). PITUDUH IMAN MARANG ALLAH

Ngenal marang Allah bisa dinulu saka tandha-tandha kang gumelar ana ing Jagad Raya iki, sarta kang dumunung ana ing awake manungsa. Pituduh ing Al-Qur’an supaya kita ngenal marang Allah, yaiku pituduh sing bisa dinulu lan dirasakake. Genahe, Allah wus kepareng nyipta Jagad Raya sarta makhluk Allah kang karan manungsa. Supaya luwih cetha, ing baba­gan iki kita migunakake paugeran (prinsip) temu ing nalar, mangkene keterangane

1. Kapisan. Samubarang kang ora ana iku cetha ora bakal bisa nindakake apa-apa. Paugeran utawa prinsip mangkene iki wus disarujuki dening (umume) para manungsa (prinsip temu ing nalar). Tum­-rap­ing pawongan kang ora sarujuk, iku ateges wong-wong kang sombong tur kafir pisan. Conto kang samadya mangken.:

Saben pawongan kang ndarbeni akal (ulul albab), cetha ora percaya manawa sa­mubarang kang wujud, upamane jam ta­ngan, meja, kursi  lan liya-liyane iku diga­we dening pawongan kang ora ana. Prin­sip temu nalar kang katur ing ndhuwur wus sinarujukan dening sekabehing wong kang ndarbeni akal (ulul albab), trep karo dhawuhe Allah, mangkene maksude: “Wong-wong iku harak dititahake dening Allah tanpa conto (bakal). Apa dheweke bisa nggawe langit lan bumi. Satemene wong-wong iku padha ora yakin.” (Q.S. Ath-Thur (52):35,36). Lelandhesan karo dhawuhe Allah kasebut, bisa dimangerteni lan dipahami, yaiku: Tamtu sekabehing tumindak iku mesthi ana sing nindakake. Tamtu saben prodhuk iku ana sing ngga­we. Lan saben makhluk iku mesthi ana kang nyipta (Khaliq).

Coba ta yen kita ndulu marang awak (badan) kita dhewe iki, kita mangerteni ang­gota badan kita iki ana, sakdurunge ora ana. Dudu samubarang sing ora ana iku sing nganakake. Iki dadi pituduh, ma­nawa angota badan (awak kita) iki ana sing nganakake, ana sing nyipta, yaiku Dzat kang Maha Nyipta. Semono uga anggota awake kewan lan thethukulan, tetuwuhan. Kabeh awujud, sak durunge ora maujud (sak durunge ora ana). Kajaba saka iku, manawa kita ndulu samubarang kang ana ing salumahing bumi, kaya ta gunung-gu­nung, bengawan, segara, hawa lan liya -liyane kabeh mau maujud, miturut infor­masi saka para ahli Geologi. Kang mang­kono (kabeh mau) maujud (ana) sawuse sak durunge pancen ora ana. Lintang-lin­tang sarta planet-planet uga dianakake (diadakan), sing sak durunge iku mung awujud mendhuyng bae, arupa NABULA sing nyawiji. Lha manawa kita pitakon ma­rang para ahli Astronomi ing babagan mendhung (awan) sing arupa NABULA iku, kita kabeh pikoleh keterangan, manawa NABULA iku samubarang sing dianakake (yang diadakan), sing sadurunge ora ana. Malah para ahli Astronomi iku bisa netep­ake, manawa ing wektu tinamtu, awal cinip­tane Jagad Raya iki secara global (keseluruhan). Kanthi nyimak keterangan kang katur ing ndhuwur, nglengkara (mo­kal), manawa makhluk kang dumadi iki ora ana sing nyipta.

 

2. Makhluk iku mujudake tandha-tan­dha (jejak kongkrit) saka sebagian sipat Allah. Contone kang samadya: Antara liya ciniptane makhluk kang gumelar ana ing Jagad Raya iki, mujudake bukti sipate Allah. Trep karo dhawuhe Allah, mangkene maksude: “Lan sira padha nyatitekna (niteni) tilas-tilas Rahmating Allah, kepriye Panjenengane nguripake bumi sawuse mati. Sanyata Pangeran kang Maha Kuwa­sa nguripake bumi iku, Kuwasa nguripake wong-wong kang wus padha tumekeng palastra (mati). Lan Panjenengane iku Kuwasa ing ngatase kabeh barang.” (Q.S. Ar-Ruum (30):50).

Sipat-sipat af’al Allah kang Maha Wicak­sana, Maha Ngawuningani, Maha Suci, Maha Paring Rejeki lan liya-liyane, bisa kita mangerteni (mengenalnya), manawa kita gelem mikirake marang makhluk cip­taanE. Contone anggota badan kita iku tan­sah seimbang (simetris). Tangan tengen seimbang (simetris) karo tangan kiwa. Pan­dulu (paningal) tengen seimbang karo pandulu sisih kiwa. Mangkono sapiturute. Hiya mangkono iku, sok sapa wonge sing gelem mikirake ciptaaning Allah, dheweke bakal mangerteni, manawa makhluk iku minangka wujud tilas-tilas rahmating (pantulan kang nyata) saka sipat-sipate Allah. Gemblenge, dheweke bakal iman marang Allah, kanthi manteping ati. Prik­sanana makna kang kinanddhut ing Q.S. AR-Ruum (30):50 kasebut ndhuwur. Mula saka iku Al-Qur’an njurung (mendorong) marang kita, supaya aweh kawigaten mikirake marang tandha-tandha  kekuwasaaning Allah, trep karo dhawuhe Allah, mangkene maksude: “Sanyata ana ing tumitahe langit lan bumi iku dadi tandha-tandha yekti (kebesaran Allah) tumraping wong kang padha iman. Lan ana ing tumitahira sarta (kabeh) sarupaning gegremet kang gumelar ing lumahing bumi iku, dadi tandha yekti kaagunganing Allah mungguhing pawongan kang pada yakin temenan (iman kang mantep). Lan gilir gumantining wayah bengi kalayan rina, semono uga udan wus kepareng diturunake dening Alla, saka ing langit, minangka rejeki, banjur kanggo nguripi bumi kang sawuse mati. Lan maneh tumuruning angin kang bolak-balik, kabeh mau dadi tandha yekti tumraping wong kang padha kasinungan akal pikiran (ulul albab). Mangkono iku tandha yekti Kuwasaning Allah. Ingsun wacakake marang sira Muhammad, kalawan sabenere. Mula nalaren, endi ana crita kang luwih becik tur pinercaya, sawuse pangandikane Allah lan ayat-ayate.” (Q.S. Al-Jaa Siyah (45):3 s/d 6).

(Ana Candhake)

Berita Terkait

Samak Minggu Ini

img

img

Sumber Semangat

Wong kang akeh ngucapake kabecikan iku “luwih becik” katimbang wong kang seneng mbisu.

Klik

BALAPAN WEDHUS

Sawijining bocah cilik lagi melu tandhing ing sawijining lomba balapan nunggang wedhus utawa mutton busting. Acara kaya ngene iki cukup populer jroning pawai Fourth of July parade ing kutha Vale, Oregon, AS. (d/ist)***

Pethilan

Mendikbud ngajab, bayare guru honorer ndang diwenehke

Iki sing jenenge menteri zaman now!

Mendikbud ngajab, bayare guru honorer ndang diwenehke

Iki sing jenenge menteri zaman now!

Panglima TNI ditulak mlebu AS

Mengko gek merga, titttt…. (sensor!)