Undha Usuke Drajat Iman lan Kasampurnane (6)
Diposting oleh : Administrator
Kategori: Agama Islam - Dibaca: 54 kali

(He para wong Mukmin kabeh, sira padha wedia mring Allah kalawan sejatining wedi, lan sira aja padha tumekeng palastra (mati), kajaba mati nggilut Agama Islam) Q.S. Ali Imran (3) : 102

Bisa dimangerteni, manawa disyari’at­ake ndonga iku, nuduhake minangka ngu­kuhake sipat-sipate Allah, yaiku Maha Su­gih lan Maha Midhanget, Maha Murah, Ma­ha paring Rahmat, Maha Welas lan Maha Asih sarta Maha Kuwasa. Ana ing  baba­gan iki Ibnu Aqil ngendikakake, manawa Allah iku nunggu-nunggu dongane para kawulanE, iku ndarbeni makna mangkene:

(a). Allah iku Maha Wujud, sebabe ma­nawa ora ana, cetha nglengkara (tidak mung­kin) disuwuni pitulungan.

(b). Allah iku asipat Gonny (Maha ka­ya), Maha Sugih. Sebabe yen Allah iku mis­kin, nglengkara (tidak mungkin) disu­wuni pambiyantu.

(c). Allah iku Maha Midhanget. Sebabe, manawa Allah iku ora Midhanget, ngleng­kara disuwune kanggo Midhangetake.

(d). Allah iku Maha Murah. Sebab yen asipat medhit (bakhil), nglengkara disuwuni pambiyantu.

(e). Allah iku Maha Rahman. Sebab yen penggalihe keras, nglengkara disu­wuni welas asih.

(f). Allah iku asipat Maha Kuwasa. Sebab yen Allah iku ringkih (lemah), ngleng­kara dipurih kekuwasaane. Gem­blenge, sipat-sipat Allah kaya kang katur ing ndhuwur, nuduhake manawa kinabul­ake donga mau, iku mujudake pangeja wantahan sipat-sipate Allah. Mula saka iku donga mono dadi landhesan (dhasar) se­kabehing kegiatan kang nyata lan cetha tumraping iman kita marang Allah.

 

(5). Fitrahe manungsa.

Saben manungsa tamtu ndrbeni pe­ra­sa­an (rasa) fitrah sing nunjem ana ing ati nuranine manawa Allah iku ndarbeni Dzat kang Nyipta. Perasaan mau bakal tu­wuh (thukul) nalika manungsa ngadhepi lan ngrasakake bebaya. Trep karo dha­wuhe Allah, mangkene maksude:

(a). “Lan manawa wong-wong mau ka­tutupan dening ombak (gelombang) sing sak gunung-gunung gedhene, dheweke nuli padha nenuwun marang Allah kalawan ngeklasake Agamane marang Allah. Bareng Allah, wus kepareng paring kesela­matan, wong-wong mau bisa tumekan dharatan maneh, saweneh wong mau ana sing tetep ing dalan kang jejeg, yaiku tau­hid, lan ora ana kang wani ngangasi (meng­ingkari) marang ayat-ayat  Ingsun, kajaba wong-wong kang padha cidra sarta  banget kafire.” (Q.S. Luqman (31) : 32).

Kanthi mangkono fitrah saben makhluk mau ndarbeni pangerten kang tumuju (ke­cenderungan) marang existensi-ne Dzat kang (wus) Maha Hanyipta makhluk-makh­luk, marang samubarang kang bisa asung pambiyantu marang makhluk-makhluk, nalika ngadhepi swasana kang banget mu­tawtiri (mbebayani). Mula iman marang Allah iku mujudake sipat kang dumunung ana ing telenging ati nuranine manungsa kang jujur (lurus, resik). Iman mau ana ing pikiran kang suci sarta mujudake ilmu kang cumondhok ana ing jiwaning ma­nungsa. Trep karo dhawuhe Allah, mang­kene maksude:

(b). “Sira Muhammad ngadhepna wa­jah­­ira marang Agamane Allah, kalawan ikhlasing ati, fitrahe Allah kang Panje­ne­ngane wus ndamel para manungsa iku ora bakal ganti maneh pranatane Allah tum­rap titahE. Kang mangkono iku agama kang bener, nanging akeh-akehe manung­sa ora padha mangerti.” (Q.S. AR-Ruum (30) : 30).

Lelandhesan karo apa kang wus katur ing ndhuwur, bisa dimangerteni lan dipaha­mi, manawa ngenal marang Allah iku ate­ges (wus) dadi fitrahe manungsa kang du­munung ana ing awake manungsa, kang wus katetepake dening Allah. Sarta ma­nungsa bisa nekseni babagan kasebut ana ing awake manungsa iku dhewe. Da­dine pi­wulang tauhid (iman) iku mujudake fitrah­ing manungsa. Dhawuhe Allah, mang­kene maksude: “Lan nalika Pangeran (Allah) se­sembahanira ngetokake tedhak turune Adam, saka gegere wong tuwane, lan Pan­jenengane neksekake marang jiwa-jiwane wong-wong mau, sarana dhawuhe Allah:

“Apa Ingsun iku dudu Allah Pangeranira (sesembahanira)? Dheweke padha munjuk atur:”Inggih kula (estu) nekseni, ma­na­wi Paduka punika Pangeran kita! Kang mang­kono mau mbesuk ing dina Qiyamat, aja nganti sira padha ngucap:”Sayekti bab puni­ka kawula sami kesupen.” (Q.S. Al-A’raf (7) 172).

Kanthi nyimak keterangan kasebut, bisa dimangerteni lan dipahami, manawa jiwa kita iku tansah sinartan fitrah (sebagai ma­nusia) itu mujudake piranti (papan) kang­go ngukuhake (menguwatkan) ati kita tum­rap ke-Esaan-e Allah. Hiya krana iku sing njalari kita dhemen (cinta) sarta ma­habbah marang Allah, uga njalari kita ora mangro tingal, nyekuthokake Allah marang samubarang. Nanging perlu dimangerteni, manawa syetan iku sing ngrusak fitrahe manungsa sarta ngudi nyimpangake. Dha­wuhe Rasulullah saw.mangkene maksude: “Allah wus paring dhawuh, satemene Ing­sun Hanyipta sekabehing kawulanIngsun pener (lurus), lan satemene syetan tume­ka marang sira kabeh, wusana sira kabeh nulak saka Agamane sarta ngaramlah tum­rap sira kabeh apa kang wus Ingsun kalalake tumraping sira kabeh.” (HR. Imam Muslim, Ibn Hibba, Nasai, Ahmad, Tabrani lan Ath-Thayalisi).

Lelandhesan karo Hadits kasebut ndhu­wur (Hadits Quqtsi), kita kudu prayitna lan ngati-ati, nyuwun pangayoman marang Allah saka kridhune syetan kang rinanjam. Syetan iku tansah nggodha manungsa, sa­ka ngarep, saka mburi, saka kiwa lan saka tengen. Fitrah sawijining wong uga bisa owah gingsir, krana pengaruh tumindak ala (maksiyat) saka wong tuwane kang wus sasar (nyimpang) saka fitrah kang bener. Supaya luwih cetha, coba kita simak dha­wuhe Rasulullah, mangkene maksude: “Sa­ben bayi iku dilairake ing kahanan fi­trah. Hiya bapak lan ibune sing njalari bayi mau dadi Yahudi utawa Nasrani utawa Ma­jusi. (keterangan sak durunge, al Hadits). Mula saka iku, fitrah sing kudu dadi salah sijining sumber ilmu pengetahuan ing da­lem ngenal tumraping Allah.   (Ana Candhake)

 

Berita Terkait

Samak Minggu Ini

img

img

Sumber Semangat

Wong kang akeh ngucapake kabecikan iku “luwih becik” katimbang wong kang seneng mbisu.

Klik

BALAPAN WEDHUS

Sawijining bocah cilik lagi melu tandhing ing sawijining lomba balapan nunggang wedhus utawa mutton busting. Acara kaya ngene iki cukup populer jroning pawai Fourth of July parade ing kutha Vale, Oregon, AS. (d/ist)***

Pethilan

Mendikbud ngajab, bayare guru honorer ndang diwenehke

Iki sing jenenge menteri zaman now!

Mendikbud ngajab, bayare guru honorer ndang diwenehke

Iki sing jenenge menteri zaman now!

Panglima TNI ditulak mlebu AS

Mengko gek merga, titttt…. (sensor!)