Undha Usuke Drajat Iman lan Kasampurnane (5)
Diposting oleh : Administrator
Kategori: Agama Islam - Dibaca: 479 kali

(He para wong Mukmin kabeh, sira padha wedia mring Allah kalawan sejatining wedi, lan sira aja padha tumekeng palastra (mati), kajaba mati nggilut Agama Islam) Q.S. Ali Imran (3) : 102

 

Wujuding mukjizat Nabi lan Rasul iku werna-werna. Rasulullah saw. dhawuh, mangkene maksude:

Saben Nabi mes­thi pinaringan muk­ji­zat, ing pangangkah supaya manungsa iman marang panje­nengane (Nabi). Mung bae Panjenenga­ne pinaringan wahyu dening Allah. Mula panjenengane tansah nenuwun marang ngar­saning Allh, jejer dadi Nabi sing ndarbeni umat sing paling akeh.” (HR. Bukhari, Muslim, Ahmad, Bahehaqi, Nasai).

Mukjizat mono ndarbeni jejibahan (fungsi) kanggo nguwatake sarta fungsi ngukuhake bebenere para Rasul sarta negesake, manawa para Rasul iku diutus dening Allah, Dzat kang Maha Kuwasa lan Wicaksana. Mula saka iku kita bisa ma­ngerteni lan mahami, manawa mukji­zat iku mujudake salah sawijining sum­ber kanggo ngenal marang anane (exis­tensi-ne) Allah. Dadine mukjizat iku ce­tha dumadi saka karsaning Allah srta ndar­beni makna kanggo nguwatake Ri­salahe. Gemblenge, Risalah iku bebare­ngan karo Rasulullah dadi sumber kita (underan kita) ngenal marang Allah dalah sipat-sipating Allah. Kajaba saka iku uga kanggo mangerteni samubarang sing ora kita mangerteni ing Allah.

 

(3). Pikukuh Ing Nalar (Rasio):

Supaya dimangerteni, manawa akal manungsa iku mujudake piranti pituduh sing mesthi, sing bisa dadi marga (solu­si) tumraping samubarang kang kita adhepi. Gemblenge, Allah wus kepareng paring akal marang manungsa, sing mu­judake kemampuan (energy) kanggo nim­bang-nimbang, nganalisa, sarta nem­tok­ake apa bae sing pantes (layak) kanggo nguwatake iman kita, sing bisa nulak marang samubarang kang bathil. Trep karo Dhawuhe Allah, mangkene mak­sude:

a). “Wong-wong iku harak dititahake dening Allah tanpa conto (bakal, asal usul). Lha dheweke apa bisa gegaweyan tanpa conto? Apa dheweke bisa nggawe langit lan bumi. Satemene wong iku pa­dha ora yakin.” (Q.S. Ath-Thur (52) : 35,36).

b). “Dikirak-kirakake ana ing Bumi lan Langit ana Pangeran saliyane Allah, mesthi rusak Bumi lan Langit iku. Mangka Maha Suci Allah Pangeraning ‘Arasy saka   sesebutan kang sinebutake dening wong-wong musyrik mau.” (Q.S. Al-Anbiyaa (21)22).

c). “Apa padha Pangeran kang ni­tahake makhluk, karo kang ora bisa ni­tahake makhluk? Apa sira ora padha nga­ngen-angen (ngalap piwulang).” (Q.S. An-Nahl (16) : 17). Pikukuh utawa paugeran (dalili) Al-Qur’an akeh banget, antara liya yaiku dalil ‘aqliyah (apa sira kabeh padha ora mikir, apa sira kabeh pa­dha ora migunakake akal (afala tata­fak­karun, afala ta’qilun) sing mujudake salah sijining sumber tumrap kita kanggo ngenal utawa mangerteni Allah sarta dadi hujjah (pikukuh) mungguhing ma­nungsa.

 

(4). Donga lan ijabahe.

Donga iku mujudake intine ibadah (Addu’aa-u mukhkhul ibadah). Dongane wong Mukmin lan dongane pawongan sing didzalimi (tertindas) bakal ndarbeni  makna (pengaruh) kinabulake dongane dening Allah. Trep karo dhawuhe Allah, mangkene maksude: “Lan manawa ka­wulan Ingsun padha pitakon menyang sira Muhammad! saka SariranIngsun, mangka jawaben (paringana weruh) Ingsun iku cerek (cedhak) banget. Ingsun minangkani panuwune wong-wong kang padha nenuwun marang Ingsun. Mangka supaya padha ngendikanana netepi dhawuh Ingsun lan padha imana marang Ingsun, muga-muga dheweke padha tetep ana ing bebener.” (Q.S. Al-Baqarah (2):186).

Makna kang kinadhut ing ayat kase­but, manawa Allah iku kepareng nga­bulake (ngijabahi) dongane pawongan kang nenuwun marang PanjenenganE sarta negesake, manawa Allah iku cerek (cedhak) marang para kawulanE. Donga kang dikonjukake marang ngarsaning Allah iku kinanthen ati kang ikhlas sarta swara kang lembut linambaran rada we­di lan takdzim dalah keyakinan kang man­tep, manawa dongane iku bakal kina­bulake, enggal, suwe utawa mengko ing dina qiyamat. Sawijining wektu, na­lika Rasulullah lagi ameng-ameng mi­dhanget sahabate ngonjukake donga kanthi swara kang seru (banter). Nuli Ra­sulullah ngendika, mangkene maksude:

“Sira kabeh padha nenuwuna (ndo­nga) marang ngarsaning Allah kanthi swara kang santun, kang lembut (sama­dya). Satemene sira ndonga ora marang Dzat kang ora Midhanget sarta marang Dzat kang ora hadlir, nanging sira iku ndonga marang Dzat kang Maha Midha­nget, Maha Mriksani sarta Allah iku cerek (cedak).” (HR. Bukhari lan Muslim). Ing ndhuwur wus diaturake, manawa donga iku mujudake intine ibadah. Nanging Rasulullah ora matesi, manawa ibadah iku ora mung kanthi donga bae, manawa kita ndonga mesthi Allah kepareng nga­bulake. Kanthi donga tinamtu, donga kita kinabulake dening Allah. Kanthi munjuk­ake donga, kita uga mangerteni (ngenal) hak Allah kang wajib sinembah sarta ngukuhake tauhid kita, manawa Allah iku Maha Esa, sarta ngijabahi (ngabulake) do­nga kita. Dhawuhe Rasulullah, mang­kene maksude:

“Allah Pangeranira kabeh, wus paring dhawuh sira padha nenuwuna (nyu­wuna) marang Ingsun, Ingsun kepareng nyembadani marang sira kabeh. Sa­nyata wong-wong kang padha gumedhe (takabur) suthik ibadah marang Ingsun, iku bakal lumebu ing Neraka Jahanam, tur padha ina.” (Q.S. Al-Mukmin (40):60). 

 

(Ana Candhake)

 

Berita Terkait

img

Samak Minggu Ini

img

img

Sumber Semangat

Aja gumedhe mung merga ayu-ne rupa, amarga kuwi bakal luntur dening wektu. Nanging elinga, ayune kridha ora bakal luntur senajan digawa mati pisan...

Klik

NGANTUK

Ora kober ndlosor, semendhe ing tembok uga ora apa-apa. Mangkono mbokmenawa ujare si meong iki. (d/sit)***

Pethilan

Trilyunan rupiah dhuwit negara mili menyang desa

Koruptore aja nganti katut keli

Lumantar gerakan #2019Pilpres Ceria, Mahfud MD ngajak publik milih kanthi cerdas

Amarga kecerdasan kita wis saya ilang akibat memusuhan

Golkar ngukuhi caleg mantan koruptor

Ngajab para pemilihe padha pikun!