Undha Usuke Drajat Iman lan Kasampurnane (4)
Diposting oleh : Administrator
Kategori: Agama Islam - Dibaca: 65 kali

(He para wong Mukmin kabeh, sira padha wedia mring Allah kalawan sejatining wedi, lan sira aja padha tumekeng palastra (mati), kajaba mati nggilut Agama Islam) Q.S. Ali Imran (3) : 102

 

Paringe pepenget dening Allah kaya kang katur ing ndhuwur, iku ngandhut mak­na, supaya wong-wong padha migu­nak­ake pikirane, ngupadi ilmu pengeta­huan liwat pangrungune, pandulune sarta ati nuranine. Iku kabeh krana iman marang Allah, lelandhesan karo pauge­ran (dalil-dalil) kang kukuh (haq) sinartan bukti-bukti kang nyata, kang mujudake tandha-tandha existensi-E(ayat-ayat) Allah kang gumelar ana ing  Alam (Jagad Raya) iki. Kajaba saka iku uga kanthi ilmu pengetahuan kang maton (rasio­nal). Kanthi mangkono iman kita marang Allah ora bakal mamang (ragu-ragu), ora bakal mangro tingal. Padha dadi ka­wigaten kita, manawa indra-indra kang katur ing ndhuwur bakal dhadha han­dhadha (dimintai pertanggung jawa­ban). Trep karo dhawuhe Allah, mangkene maksude:

a). “Lan sira aja pisan-pisan manut marang apa bae kang durung sira su­murupi ilmune, jalaran satemene pang­rungu, pandulu lan ati nurani iku kabeh dipriksa tanggung jawab kahanane.” (Q.S.Al-Isra (17):36).

b). “Mesthine wong kang Mukmin iku, yaiku wong-wong kang setya- satuhu ma­rang Allah lan UtusanE, banjur ora padha ragu-ragu lan ora mangro tingal atine, lan padha gelem jihad mbelani (ambiyantu) Agamaning Allah, kalawan bandha, jiwa lan ragane. Wong-wong kang mangkono mau, yaiku wong-wong kang padha iman.” (Q.S.Al-Hujurat (49):P15).

Supaya luwih cetha ing ngisor iki diaturake conto werdine cinipatane indra pandulu,mangkene keterangane: Sate­mene Allah, PanjenenganE wus kepa­reng Hanyipta indra pandulune manung­sa, nalika manungsa isih tapa ana ing gu­wa garbane Ibu, ing pangangkah su­paya mnungsa  bisa ndulu. Lha saupama Allah kepareng ngersakake (berkendak), tamtu manungsa bisa dadi wuta, ma­nungsa ora bisa ndulu apa-apa. Dene yen kepareng dikersakake dening Allah, yaiku supaya manungsa bisa ndulu kanthi pandulune, labet-labet (jejak-jejak) kekuwasaanE, sipat-sipatE, rah­mat-rahmatE, anugerah nikmatE, kaa­gunganE, sarta mukjizat para UtusanE. Trep karo dhawuhe Allah, mangkene mak­sude: “Apa wong-wong mau durung padha ndulu (ndeleng), nggatekake  ma­rang keratoning Langit (malakutis sama­waati) lan Bumi sarta samubarang tita­hing Allah, al ayat… (Q.S. Al-A’raf (7):185).

 

(lV). UNDERANING/SUMBERING ILMU

Allah wus kepareng majibake ma­rang kita mangerteni (ngenal) marang Allah. Ing babagan iki Allah wus kepa­reng nyipta piranti ilmu, supaya kita bisa miyak (menyingkap, dapat belajar). Uga wus kepareng nyedhiyakake sumber-sumber ilmu pengetahuan, hidayah tu­muju marang iman sinartan bukti-bukti­ne, antara liya:

(1). Tandha-tandha kekuwasaaning Allah kang gumelar ana ing Jagad Raya sarta kang dumunung ana ing awake ma­nungsa. Gambaran sipat-sipating Allah sarta tandha-tandha ciptaaning Allah iku wus gumelar ana ing Jagad Raya iki. Sekabehing makhluk kang dumunung an ing Jagad Raya (Alam) iki, dadi tan­dha yekti sarta seksi, manawa Allah kang Maha Nyipta iku wus kepareng Nyipta, nemtokake sarta mujudake (mengada­kan) samubarang fenomena iki, sing bisa nuntun tumraping wong kang ndarbeni akal (ulul albab), mangerteni bebener kang haqiqi. Trep karo dhawuhe Allah, mangkene maksude:

a). “Sanyata ana ing lumahing Bumi lan Langit sarta beda-bedaning rina lan wengi, iki dadi tandha yekti tumraping pa­wongan kang padha ndarbeni akal (ulul albab), yaiku wong-wong kang padha tan­sah eling marang Allah, nalik ngadeg, lungguh lan turon. Lan dheweke padha mikir marang tumitahing Langit lan Bu­mi.”  Ature : “Dhuh Gusti Allah, Pangeran sesembahan kita, Paduka karsa nitaha­ken ing sedaya punika, mboten sarana bebatalan (tanpa piguna). Maha Suci Pa­duka, mugi Paduka karsaa ngreksa mring kita saking siksaning Neraka Jaha­nam.” (Q.S. Ali-Imran (3):190-191).

Kajaba saka iku, Allah uga wus kepa­reng mitontonake (memperlihatkan) tan­dha kaagunaganE, sarta tandha-tandha kekuwasaaning Allah, kang ana ing awak­e manungsa. Trep aro dhawuhe Allah, mangkene maksude :

b). “Ingsun bakal meruhake (miton­tonake) tandha yektinIngsun ana ing endi-endi jajahan (setiap penjuru jagad Raya), pinggir-pinggir Langit lan ana ing awaking manungsa, saengga bisa te­rang, yen Al-Qur’an iku nyata bener-be­ner diturunake  saka ngarsang Allah. Apa kanggo wong-wong iku kurang cukup marang Pangeranira, ing bab bebenere Muhammad! Satemene Allah, iku tansah nekseni ing sekabehing barang.” (Q.S. Fushshilat (41):53).

c). “Lan ana ing awake manungsa iku dhewe dadi tandha yekti, apa sira ora su­murup?” (Q.S. Adz-Dzariyyat (51):21). Conto kang samadya ing bab existensi (keberadan) Allah antara liya mangkene: Imam Abu Hanifah ing sawjining kalo­dha­ngan, migunakake alam semesta (Ja­gad Raya) sarta apa kang dumunung ana ing awake manungsa dhewe. Nalika iku Imam Abu Hanifah wawan rembug (ber­diskusi) karo sawijining pawongan zindig, sing pitakon marang babagan existensi-ne (keberadaan) Allah. Mangkene ge­nahe:

a). Imam Abu Hanifah ngendikan ma­nawa ana sawijining pawongan kang aweh weruh marang dheweke, sing ne­rangake, manawa ana ing tengahing se­gara ana kapal sing kebak barang-barng dagangan. Nanging ana ing kapal iku ora ana sawiji-wiji pawongan sing njaga sar­ta ora ana nakodhane. Dene kapal mau bisa layar lan bisa bali dhewe ngliwati segara sing ombake nggulung gedhe banget, lan mulih kanthi slamet.

b). Pawongan Zindig mau nyela atur, manawa crita sing mangkono iku ora trep (pantes) dicritakake dening pawo­ngan kang ndarbeni  akal.

a). Imam Abu Hanifah banjur nerus­ake pangandikane. Hiya nanging ana wong sing pitaya marang crita iki. Yaiku pawongan sing nganggep, manawa se­kabehing makhluk ing bumi iki, sekabeh­ing makhluk kang ana ing langit sarta kang dumunung ana  ing antara bumi lan langit ora ana sing nyiptakake.

b). Wong Zindig mau gumune sete­ngah mati (tercengang) keprungu cri­tane Abu Hanifah mau, nuli bali marang bebener. Wiwit kuwi pawongan Zindig mau banjur nggilut Agama Islam kang dituntun (bimbing) dening Imam Abu Hanifah.

Kajaba saka iku, ana maneh crita, sa­wijining pawongan (Arab) pendhudhuk kam­pung ditakoni bukti bab anane (exis­tensi-ne) Allah. Pawongan kang sama­dya iku aweh pituduh kanthi ngucap mang­kene: Tlethong kewan iku nuduh­ake anane kewan. Tapak sikil iku nuduh­ake anane pawongan kang lumaku. La­ngit ndarbeni gugusan utawa rasi Lin­tang-lintang. Bumi uga ndarabeni arah lan jalur. Segara ndarbeni ombak (ge­lombang). Kabeh mau nuduhake anane Allah, Dzat kang wus kepareng Nyipta Jagad Raya dalah sak isine iki. Allah iku Maha Lembut tur Maha Suci. (Syeh Ha­fidz bin Ahmad, fil Kitab Al Tauhid hl. 57-58).

 

(2). Mukjizat Para Rasul.

Sing karan Mukjizat, yaiku bukti be­benere Nabi lan para Rasul  sarta ketete­pan Risalah para Rasul, manawa para Rasul iku diutus saka karsaning Allah. Pikantuk ilmu uga saka ngarsaning Allah sarta netepake sawijining keputusan uga saka keparenging Allah. Sing cetha tandha-tandha kenabian lan mukjizat iku uwal (diluar) saka kemampuan manung­sa. Para Nabi lan Rasul pinaringan muk­jizat, pinaringan keajaiban sing bisa ma­lik­ake paningal sarta nentremake ati nurani, mujudake sawijining swasana kang ngukuhake jejibahane minangka Nabi lan Rasul Allah.  (Ana Candhake)

 

Berita Terkait

Samak Minggu Ini

img

img

Sumber Semangat

Wong kang akeh ngucapake kabecikan iku “luwih becik” katimbang wong kang seneng mbisu.

Klik

BALAPAN WEDHUS

Sawijining bocah cilik lagi melu tandhing ing sawijining lomba balapan nunggang wedhus utawa mutton busting. Acara kaya ngene iki cukup populer jroning pawai Fourth of July parade ing kutha Vale, Oregon, AS. (d/ist)***

Pethilan

Mendikbud ngajab, bayare guru honorer ndang diwenehke

Iki sing jenenge menteri zaman now!

Mendikbud ngajab, bayare guru honorer ndang diwenehke

Iki sing jenenge menteri zaman now!

Panglima TNI ditulak mlebu AS

Mengko gek merga, titttt…. (sensor!)