Undha Usuke Drajat Iman lan Kasampurnane (2)
Diposting oleh : Administrator
Kategori: Agama Islam - Dibaca: 98 kali

(He para wong Mukmin kabeh, sira padha wedia mring Allah kalawan sejatining wedi, lan sira aja padha tumekeng palastra (mati), kajaba mati nggilut Agama Islam) Q.S. Ali Imran (3) : 102

3. Undha usuke drajat iman kang ka­ping telu, yaiku para Ulama kang setya tuhu ngamalake ilmune. Para Ulama iku mujudake pewarise para Nabi. Yaiku, Wa­ratsatul Anbiyaa wal Mursaliin. Trep karo dhawuhe Rasulullah mangkene maksude:

Sok sapa wonge sing ngupadi ilmu, Allah bakal nggampangake lakune tumuju marang Suwarga. Lan temen Malaikat ma­panake suwiwine krana dhemen ma­rang pawongan kang ngudi (menuntut) ilmu. Satemene wong kang alim (Ulama), para makhluk langit lan bumi nyuwunake pangapura marang wong alim (Ulama) mau. Malah iwak lodan (iwak paus) ing segara uga nyuwunake pangapura ma­rang dheweke (Ulama). Kautamaning wong alim tumraping wong kang bodho, iku pindha kautamaning Rembulan ma­rang Lintang-lintang. Satemene Ulama iku mujudake ahli warise para Nabi. Sate­mene para Nabi iku ora marisake dinar uta­wa dirham, kajaba marisake ilmu. Sok sapa wonge sing nampa dheweke iku, pi­kantuk manfa’at (kauntungan) kang gedhe”. (HR. Turmudzy, Ibnu Hibban, Ad’Dzarimi, Ahmad).

Para Ulama iku wus marisi iman kanthi kebak kapitayan utawa keyakinan, becik pocapane utawa tumindake. Para Ulama mau uga padha ngamalake apa kang di­ma­ngerteni sarta ngajak marang ma­syarakat marang apa sing diyakini. Mula saka iku, Allah nuli kepareng ngangkat dra­jate. Babagan iki bisa dimangerteni lan dipahami, krana jejibahane para Ula­ma kang ngemban amanah saka ngar­sane Njeng Rasul, mula Allah banjur ngang­kat drajate para Ulama, wong-wong kang pinaringan ilmu. Hiya para Ulama iku sing kalebu ewoning para kawula kang wedi marang Allah. Dhawuhe Allah mang­kene maksude:

“Lan mangkono uga saweneh ma­nung­sa, gegremetan ing bumi lan raja kaya, werna-werna jinise (rupane). Sa­nyata kang padha wedi marang Allah iku mung para Ulama, yaiku wong kang ndarbeni ilmu saka kawulaning Allah. Satemene Allah iku Maha Gagah tur Maha Ngapura.” (Q.S. Fathit (35):28).

4. Undha usuke drajat iman kang ka­papat, yaiku umume kaum Mukmin. Lum­rahe wong Mukmin iku mangerti babagan Agama, krana pikoleh piwulang saka para Ulama. Wong Mukmin iku padha pitaya (yakin) marang bebener, babagan kang bener lan pener. Para Ulama asung pitu­duh kang bener sarta ditindakake kanthi bener lan pener. Pituduh-pituduh ngamal­ake Al-Qur’an lan Sunnah Rasulullah. Ce­tha undha usuke kwalitas imane wong Muk­min ora padha, iku gumantung ma­rang kapitayan (keyakinan), pocapan lan laku tindake. Trep karo dhawuhe Allah, mangkene maksude:

Lan tumrap siji-sijining awak iku pa­dha kaparingan pangkat dhewe-dhewe, miturut amal kang wus padha ditindak­ake. Dene Pangeran (Allah) sesembahan iku ora kesupen ing barang kang padha ditindakake.” (Q.S. Al-An’Aam (6):132).

 

(ll). KASAMPURNANING IMAN.

Iman iku bisa mulur lan mungkret. Bisa mulur utawa tambah iku krana jinurung (didorong) dening amal shaleh. Sarta bi­sa mungkret, iku krana jinurung nindak­ake laku maksiyat. Iman kang mulur utawa tambah iku bisa tumuju marang kasam­pur­naning iman. Dhawuhe Allah, mang­kene maksude:

a). “Dene kang diarani wong kang padha Mukmin, yaiku wong-wong kang manawa Asmaning Allah sinebut, atine padha krasa wedi. Lan manawa diwacak­ake ayat-ayating Allah, bisa nambah pian­dele wong-wong mau. Lan dheweke ma­rang Allah Pangerane, sesembahane pa­dha pasrah (sumarah). (Q.S. Al’Anfal (8):2.

b). “Mesthine wong kang Mukmin iku, wong kang setya tuhu marang Allah lan UtusanE, banjur ora padha mamang atine lan padha gelem jihad mbelani (ambiy­antu) Agamaning Allah, kalawan bandha, jiwa lan ragane. Wong-wong kang mang­kono iku, yaiku wong kang padha temen (kukuh bakuh) imane.” (Q.S. Al-Hujurat (49):15)

Lelandhesan karo ayat kang katur ing ndhuwur, kasampurnaning iman sawiji­ning pawongan, iku gumantung marang sensitipe (kepekaan) atine. Lha manawa keprungu Asmane Allah sinebut, atine pa­wongan iku dadi gemeter. Dene manawa ayat-ayat Al-Qur’an iku diwaca, saya tam­bah kukuh imane. Wusana atine ora mamang utawa ragu-ragu nindakake ji­had, ngurbanake  bandha lan jiwa raga­ne, binarung nindakake amal shaleh, amar makruf nahi mungkar. Kajaba saka iku, kasampurnaning iman sawijining pa­wongan, iku bisa dinulu saka laku tindake utawa akhlake kang mulya (akhlaqul kari­mah) sarta patrape (sikepe) marang ku­la­wargane (istrinya). Trep karo dhawuhe Njeng Rasulullah, mangkene maksude:

a). “Pawongan Mukmin kang sampur­na imane, yaiku sing ndarbeni budi pe­kerti kang luhur (akhlaqul karimah) sarta ndarbeni wigati (kawigaten, nindakake kebecikan) marang kulawargane (istri­nya).” Alhadits, priksanana Hadits kang wus katur ing dhuwur).

b). “Sok sapa wong kang ndulu (we­ruh) marang tumindak maksiyat (mung­kar), prayoga bisa mbrastha mawa pa­ngu­wasane (kekuwasaane). Dene yen ora bisa, prayoga ngudi mbrastha mawa lisane. Lha yen karo kekarone ora bisa, pra­yoga nyegah mawa atine. Kang mang­kono iku mujudake sikep kang ringkih (lemah) imane. (HR. Imam Muslim, Ibnu Hibban, Turmudzy, Abu Dawud, Nasai, lan Ibnu Majah).

Kanthi magkono miturut dhawuhe Njeng Rasul, sampurnaning iman sawiji­ning pawongan, iku bisa dipriksani marang budi pekertine kang luhur (akhlaqul kari­mah) sinartan ndarbeni jiwa kang kukuh nindakake amar makruf nahi mungkar. Trep karo ilmu lan tataran (undha usuke) drajat imane sawijining pawongan iku.

(Ana Candhake)

Berita Terkait

Samak Minggu Ini

img

img

Sumber Semangat

Wong kang akeh ngucapake kabecikan iku “luwih becik” katimbang wong kang seneng mbisu.

Klik

BALAPAN WEDHUS

Sawijining bocah cilik lagi melu tandhing ing sawijining lomba balapan nunggang wedhus utawa mutton busting. Acara kaya ngene iki cukup populer jroning pawai Fourth of July parade ing kutha Vale, Oregon, AS. (d/ist)***

Pethilan

Mendikbud ngajab, bayare guru honorer ndang diwenehke

Iki sing jenenge menteri zaman now!

Mendikbud ngajab, bayare guru honorer ndang diwenehke

Iki sing jenenge menteri zaman now!

Panglima TNI ditulak mlebu AS

Mengko gek merga, titttt…. (sensor!)