Undha Usuke Drajat Iman lan Kasampurnane
Diposting oleh : Administrator
Kategori: Agama Islam - Dibaca: 75 kali

(He para wong Mukmin kabeh, sira padha wedia mring Allah kalawan sejatining wedi, lan sira aja padha tumekeng palastra (mati), kajaba mati nggilut Agama Islam) Q.S. Ali Imran (3) : 102

 

(l). PANGERTEN:

Sawijining riwayat  Imam Bukhari lan Imam Muslim saka Abu Hurairah nerang­ake, manawa Rasulullah saw. disuwuni priksa dening Malaikat: Apa amal kang pa­ling utama? Rasulullah paring wangsulan: Iman marang Allah sarta iman marang UtusanE. Wusana Njeng Nabi saw. disu­wuni priksa maneh, banjur apa maneh? Rasulullah paring wangsulan, yaiku jihad fi sabilillah. (HR. Bukhari lan Muslim).

Lelandhesan karo makna hadits kang katur ing ndhuwur, iman  mono mujudake pondhasi kang kukuh lan bakuh, sing ngiked antarane kawula lan Dzat Kang Maha Kuwasa (Allah). Kanthi gegebengan ma­rang iman, pawongan Mukmin bisa ngun­dhuh wohing pakartine, kamulyan urip ing donya lan akhirat.  Supaya luwih gamblang (cetha) ing ngisor iki diaturake undha usuking drajat (tataran) iman sawijining pawongan marang Allah lan kasampurna­ning imane, antara liya mangkene kete­rangane:

1. Undha usuke drajat (tataran) iman tumraping pawongan, kang kapisan, yaiku para Nabi lan para Rasul Allah. Iku ndarbeni iman kang kukuh, bakuh, ora gampang nglokro lan luntur, nalika ngalami musibah utawa pacoban, kaya sing dingendikakake Nabi Musa nalika diburu dening Fir’aun dalah wadyabalane (prajurite). Trep karo dha­wuhe Allah, mangkene maksude: “Ora pisan-pisan bakal kasusul, jalaran sate­mene Pangeranku ngenteni aku, bakal pa­ring pituduh marang aku.” (Q.S. Asy’Syura (26);62). Semono uga Njeng Nabi Mu­hammad saw, nalika diburu dening kaum kafir Quraisy nalik hijrah, Njeng Nabi ngen­dika, trep karo dhawuhe Allah, mangkene maksude: “Sira aja susah-susah, jalaran satemene Allah anartani marang aku lan sira. Mangka Allah banjur nurunake katen­treman lan paring kekuwatan marang dhe­weke sarana wadyabalane sing ora sira sumurupi. PanjenenganE ndadekake ing tembunge wong-wong kafir dadi asor, dene kalimate Allah dadi luhur. Allah iku Maha Gagah lan Maha Wicakcana.” (Q.S. At’Taubah (9):40).

Para Nabi lan Rasul iku kawula kang paling sampurna pangandikane sarta tu­mindake. Para utusan Allah kasebut wus ngajak marang manungsa (dakwah) ma­nembah marang Allah kang Sawiji (Esa), Dzat kang Maha Murah, sarta Maha Wicak­sana. Hiya para utusaning Allah iku, pawo­ngan kang paling kukuh imane, sarta sabar ngadhepi musibah (pacoban) lan teges ngadhepi samubarang  kang bathil (kang ora bener lan ora pener).

2. Undha usuke drajat iman kang ka­pin­dho, yaiku para sahabat lan Tabiin. Allah Maha Wicaksana. Allah wus kepareng paring eguh lan pratikel, yaiku mapanake (nyiapake) para pawongan kang bakal asung pitulungan sarta para Sahabat. Wong-wong kang setia satuhu lan para Sahabat mau tansah takdzim, anut nges­tokake pituduhe Rasulullah sarta nindak­ake sunnah-sunnahe Rasulullah. Trep karo dhawuhe Rasulullah, mangkene maksude: “Saben Nabi sing diutus dening Allah ma­rang sawijining umat sak durunge, mesthi ndarbeni (kagungan) pawongan kang tetulung kang setia lan satuhu sarta Saha­bat-sahabat saka umate. Wong-wong mau tansah setia satuhu narima sunnah-sunnah sarta nindakake dhawuh-dha­wuhe. Wusana nuli tuwuh generasi sa­te­ru­se sing beda karo wong-wong mau. Yaiku generasi sing nindakake samubarang sing ora ditindakake dening para wong-wong kang setia satuhu sarta para Saha­bat, sarta nindakake apa sing ora dipren­tahake. Mula saka iku, sok sapa wonge sing lelawanan (merangi) wong-wong iku (generasi sawuse kasebut) kanthi migu­nak­ake kekuwasane, iku ateges dheweke iman. Lha yen dheweke lelawanan sarta ngudi merangi mawa lisane iku, ateges dhe­weke iku iman. Dene pawongan kang lelawanan marang generasi mau mawa atine, ateges dheweke iku uga iman. Lan ora ana iman sawuse iku, sanajan mung sak bobote godhong sawi.” (HR. Imam Muslim, Ibnu Hibban, lan Ahmad, Abu Awamah sarta Tabrani).

Nyimak makna kang kinandhut ing Hadits kasebut, bisa dimangerteni manawa sawuse pawongan kang setia satuhu ma­rang Njeng Rasul dalah para Sahabat, tu­wuh generasi sateruse sing ndarbeni beda kapitayan, ora narima sunnah Rasulullah sar­ta ora gelem nindakake apa sing didha­wuhake dening Njeng Rasulullah, iku wajib diperangi. Trep karo swasana lan kekuwa­tane. Sing mbrastha mawa kekuwasane, lisane utawa atine, wong-wong iku ateges kalebu ewoning wong kang iman (Muk­min).

Kanggo nyengkuyung marang dhak­wahe Rasulullah kasebut, para Sahabat mau pinaringan pituduh sing maksude pitaya, iman marang Rasulullah sarta apa kang dadi pituduh (Agama Islam). Para sahabat mau ndarbeni jejibahan njejeg­ake Agamaning Allah sarta asung piwulang marang Tabi’in (pengikut-pengikut), mi­nangka generasi penerus sarta ngrenggani sipat-sipate wong Mukmin, yaiku akhlaq kang mulya (bebuden kang luhur). Gem­ble­nge, para Sahabat iku mujudake gene­rasi kang kapisan sing pitaya apa kang diwulangake (risalah) Rasulullah. Sahabat-sahabat iku sing mujudake generasi kang kapisan, sing narima langsung (bersentu­han) risalah-risalah Rasulullah. Trep karo dhawuhe Allah, mangkene maksude:

a).”Sira iku dadi sak becik-beciking umat kang tinitah ing donya, tumrap para  ma­nungsa, sira padha diprentah nindakake penggawe becik, lan padha nyegah saka laku ala, apa dene sira padha iman mring Allah. Saupama wong ahli kitab iku padha gelem iman, yekti bakal nemu becik tum­rap dheweke. Sawenehe wong mau ana kang iman, nanging akeh kang padha du­raka. (Q.S. Ali-Imran (3)110).

b). Kanjeng Nabi  lan para wong Muk­min padha ngestokake ing barang kang diturunake saka ngarsaning PangeranE. Marang panjenenganE kabeh mau uga padha ngestokake marang Allah, para Ma­laikate, lan Kitab-kitabe, lan para UtusanE. Ature: Kita mboten mbedakake antawisi­pun satunggal kemawon saking para Utusaning Allah. Lan padha ngucap: “Dhuh Gusti Allah sesembahaning  para kawula, kula sedaya sampun sami mireng tuwin sami ngestokaken. Dhuh Gusti Allah Pa­nge­ran kula, mugi Paduka kepareng karsa ngapunten dhumateng kula sedaya, lan dhumateng ngarsa Paduka kula sedaya badhe sami sowan.” (Q.S. Al’Baqarah (2):285).

c).”Sayekti Allah maringake KaridlanE, marang para wong Mukmin, anggone wus padha janji prasetya marang sira Mu­hammad! Ana ing sangisore wit-witan. Allah ngudaneni apa kang ana ing atine, arep padha netepi ing janji. Allah banjur nurunake katentremaning jiwane marang wong iku kabeh, lan PanjenenganE paring ganjaran, bisa mbedhah Negara sarana perang (perang khaibar), menang kalawan wektu sedhela.” (Q.S. Al-Fatah (48):18). Mangkono janji prasetyane para sahabat kang wus kadhawuhan dening Allah, sing ndarbeni jejibahan nyengkuyung marang misi Njeng Rasulullah nggiyarake Agama Islam.

(Ana Candhake)

Berita Terkait

Samak Minggu Ini

img

img

Sumber Semangat

Wong kang akeh ngucapake kabecikan iku “luwih becik” katimbang wong kang seneng mbisu.

Klik

BALAPAN WEDHUS

Sawijining bocah cilik lagi melu tandhing ing sawijining lomba balapan nunggang wedhus utawa mutton busting. Acara kaya ngene iki cukup populer jroning pawai Fourth of July parade ing kutha Vale, Oregon, AS. (d/ist)***

Pethilan

Mendikbud ngajab, bayare guru honorer ndang diwenehke

Iki sing jenenge menteri zaman now!

Mendikbud ngajab, bayare guru honorer ndang diwenehke

Iki sing jenenge menteri zaman now!

Panglima TNI ditulak mlebu AS

Mengko gek merga, titttt…. (sensor!)