Nglebur Dosa Kanggo Nggayuh Urip Mulya(8/tamat)
Diposting oleh : Administrator
Kategori: Agama Islam - Dibaca: 219 kali

Dhawuha sira Muhammad! “He para kawulanIngsun! Kang (tansah) padha lelumban  marang tingkahe (dosa), sira aja entek ing pangarep-arep  marang Rahmat Paringaning Allah. Sanyata Gusti Allah iku kepareng ngapura sekabehing dosa. Satemene Panjenengane iku  rena paring pangapura tur Maha Welas lan Maha Asih.” (Q.S. Az-Zumar (39):53)

 

(20). Gampang pangucape, abot tim­bangane, dingapura dosane.

Apa kang bakal diaturake ing ngisor iki, mujudake dhawuhe Njeng Rasulullah s.a.w. gampang pangucape, nanging ndar­beni makna kang agung (abot timbang­ane). Antara liya, yaiku kalimat thoyybah, tasbih, tahmid lan takbir. Ing babagan iki Ibnu Amru wus nerangake, manawa Rasu­lullah  ngendika, mangkene maksude:

Ora ana sawijining pawongan ana ing lumahing bumi iki, sing ngu­capake; Ora ana sesembahan kang pantes sinembah (yang berhak di­sem­bah), kajaba Allah Kang Maha Agung, ora ana daya sarta kekuwa­tan kajaba kanthi pitulunganing Allah, kajaba bakal dingapura kesala­han-keslahane, dosa-dosane, sana­jan ta (kesalahan-kesalahan iku) pindha unthuking segara.”  (HR. Ah­mad lan Turmudzy, sarta shaheh miturut Al-Abani, fi shahihil Jami’).

 

(a). Ngucap Subhanallah Wabi­ham­diih.

Abu Hurairah nerangake, manawa Ra­su­lullah s.a.w, paring pangandikan, mang­kene maksude: “Sok sapa wonge ngucap Subhanallah Wabihamdihi (Maha Suci Allah lan sekabehing pa­ngalembana kagem Allah) kaping 100, Allah bakal kepareng pangapura ma­rang dosane pawongan mau, sanajan ta dosane iku pindha unthuking segara.” (HR. Bukhari lan Muslim).

Ana ing sawijining riwayat nerangake, sok sapa wonge sing ngucapake becik ing wektu sore lan ing wektu esuk. Ing ba­bagan iki Ibnu Hajar nerangake (saka Ibnu Baththal), saperangan Ulama ndarbeni pa­nemu, manawa kautaman Hadits kasebut mungguhing pawongan kang darbe kau­taman keagamaan (alim) sarta suci saka dosa-dosa gedhe. Lha tumrapng wong kang ngumbar hawa nepsune, lelumban ing donyane maksiyat ora padha karo wong-wong ndarbeni kesucian lan kauta­man kasebut. Iki kabeh lelandhesan karo dhawuhe Allah kang  maksude mangkene: “Apata wong-wong kang padha tu­min­dak ala (wong kafir) nduweni pa­ngira yen dheweke Ingsun anggep kaya dene wong kang tumindak becik (wong-wong Mukmin), ing sajeroning uripe utawa sawuse matine? Ala te­men wong-wong mau anggone padha ngukumi.” (Q.S. Al’Jaasiyah(45):21).

(b).          Ngucap: La ilaha illallah Wah­dahu La Syarikalahu, Lahul Mulku wa Lahul Hamdu Wahuwa ‘ala Kulli Syai’in Qadir:

Ing babagan iki, Abu Hurairah nerang­ake, manawa Rasulullah ngendika, mang­kene maksude: “Sok sapa wonge ngu­cap; “Ora ana sesembahan kang pan­tes sinembah (darbe hak disembah), Kajaba Allah Pribadi (piyambak), ora ana sekutu tumraping Allah, Kang ka­gungan  Kerajaan (Arsy), sarta se­ka­be­hing pangalembana kagem Allah, sarta Maha Kuwasa marang sa­mubarang (diwaos kaping 100 sedi­na), tumrap pawongann iku pikantuk ganjaran (pahala) pindha merdikak­ake (budak, abdi), cinathet tumrap­ing dheweke 10 kabecikan, dingapura kesalahane (100 panggawe ala) sar­ta dadi benteng tumrap dheweke sa­ka syetan ing dina iku, nganti wektu sore. Sarta ora ana pawongan kang tumeka nggawa apa kang luwih uta­ma katimbang kang digawa dening dheweke, kajaba sawijining wong lanang kang nindakake amal luwih saka iku”. (HR.Bukhari, Musli,Turmudzy lan Ibnu Majah).

(c). Ngucap Subhanallh, Walham­-du­lillah wa La Ilaha illallah Wallahu Akbar.

Anas bin Malik nerangake, manawa Rasulullah ngendika, mangkene maksude: “Sak temene, kalimat Subhanallah, Alhamdulillah, La Ilaha Illallah lan Allahu Akbar, bisa ngresiki kesalahan-kesalahan, pindha sawijining wit-witan sing nggogrogake godhonge.”  (HR. Ahmad lan Turmudya). Al-Munawi (Ula­ma) nerangake, manawa ngucap kali­mat kaya sing cinathet ana ing Hadits ka­sebut, diucapake kanthi ati kang khusyu, pikiran lan atine nyawiji sarta nyadhong ri­dlaning Allah. Dene dosa-dosane sing di­ngapura iku tumraping dosa dosa cilik, dudu dosa kang gedhe. (Faidul Qadir/2/452).

Wusana, sawuse kita nyimak amalan-amalan kang katur ing ndhuwur, sing lelan­dhesan karo syar’i, becik Al-Qur’anul Karim lan Hadits-hadits shaheh, bisa kita ma­nger­teni, mumpung isih pinaringan kalo­dhangan, kita ngudi kanthi temen-temen ngamalake pituduh-pituduhe Rasulullah s.a.w. kasebut, kudu kinanthen ati kang suci, yaiku nyawijekake pikiran lan ati kang tulus ikhlas, meper hawa nepsune, ora le­lumban ing donyane maksiyat, nindakake amal shaleh sarta nyadhong ridlaning Allah, nggayuh urip mulya mbesuk ing Akhi­rat. Begja kemayangan tumrap pawongan kang tansah eling marang Allah, kapan bae lan ana ing ngedi bae, kabeh mau krana nyadhong ridlaning Allah, Dzat Kang Maha Agung lan Maha Paring Pangapura.

Nuwun! 

(maneka werna sumber, rujukan)

Berita Terkait

img

Samak Minggu Ini

img

img

Sumber Semangat

Yen kowe weruh semut kepleset lan ceblok ing banyu, mula angkaten lan tulungana dheweke...  Sapa ngerti kuwi dadi sebab anane ampunan tumrapmu ing akherat mengko.

Klik

FESTIVAL CAGANARES

Caganers yakuwi sawijining festival kang dianakake saben wulan Desember ing daerah Catalunya utawa Barcelona, Spanyol. Festival iki bakal ndadekake sapa wae gedheg-gedheg. Kepriye ora, merga masyarakat ing kono ngumpulake maneka figur tokoh dunia kang lagi mbukak kathoke lan (ngapunten) bebuwang. Tokoh duniane macem-macem, kaya Ronaldinho, Albert Einstein, Michael Jackson, Donald Trump, Barrack Obama, lsp. Festival iki ngemu teges yen sapa wae satemene padha tanpa ndeleng trah utawa jabatane nalika bebuwang. (d/ist)***

Pethilan

LP Banda Aceh ribut, 113 napi kabur

Sapa sing betah nang pakunjaran?

Cawe-cawene guru ora bisa digenteni

Apamaneh sing jenenge Pak Google

600 dina kasus penyerangan Novel durung kawiyak

Aparat lagi asyik ngetung dina mbok­menawa