Kénging Punapa Kita Ngawontenaken Ruwatan
Diposting oleh : Administrator
Kategori: Kebatinan - Dibaca: 163 kali

A. Purwaka

Sampun wiwit jaman kina-makina, ti­yang Jawi sami pitados, menawi wonten tiyang damel kalepatan, langkung-lang­kung ing bab wontenipun manungsa sa­sampunipun dipun lahiraken dening ibuni­pun, laré atuwi tiyang kalawau, dipun ang­gap “wonten ing salebetipun bebaya”, mila tiyang Jawi paring piwucal, tiyang kalawau kedah dipun ruwat.

Ruwat, saking tembung “rumuwat” utawi “mangruwat”, ingkang mawi werdi “boten gadhah kekiyatan”, kedah dipun bu­sak “bab sukertanipun” utawi sisah­ipun.

Wonten ing Kitab Kunjarakarna, pi­nang­gih ukara: “pamalaku rinuwat mala nyanten I nghulun” ingkang tegesipun nyu­wun kabusak mamala adhi kula”.

Sapérangan ageng tiyang Jawi pita­dos, ruwatan punaka tataran miwah pra­natan ingkang kedah kalampahan, amargi menawi dèrèng kalampahan kados ru­maos dèrèng ical sukerta ingkang sinan­dhang.

Sawenèh tiyang Jawi, hanganggep ruwatan punika bab ingkang “gawat”, amar­gi menawi boten dipun lampahi, ka­sangsaraning gesang badhé tansah su­mandhang. Ruwat ugi wonten ing kala­ngan agami, lingkungan istana, lajeng su­mebar ing tengahing bebrayan kathah. Wondéné babon ingkang dipun nut, puni­ka nalika jaman Mataram, dhalang Pan­jang Mas, naté ndhalang ruwatan kanthi limpahan “Murwaka”, ingkang ngantos sa­priki dipun tuladha dhalang-dhalang sa­mangké (Subalidinata, dkk, 1985).

Wonten gesang samangké, lampah­ipun ruwatan boten sami, kadosta ing Jem­ber, lampahanipun Prabu Watu Gu­nung. Menawi lampahan Bathara Kala, ka­gem upacara nyuwun jawah, amarga ke­tiga ngerak. Carios Bathara Kala taksih dipun lam­pahaken ing laladan: Kedhiri, Madiun, Ba­nyuwangi, Pasuruhan, Besuki, Sragen Pe­malang, Tegal, Batang, Kendal, Temang­gung, Surakarta, Yogyakarta, Ka­rangjati, saha tlatah Jawi Tengah sa­nèsipun.

 

B. Bab Ruwatan

Tembung: “ruwat” ugi woten pinten-pinten pigunanipun, kadosta:

a.   Amrih ruwatan ing papa = murih           luwaring sengsara

b.   Ko Gana mangruwaté iryaku =               paduka Bathara Gana badhé                  mbéngkas kasangsaran kula.

c. Rumuwat sapapa ning rama rena              = mbéngkas kasangsaranipun                bapa biyung.

 

Dados, ingkang rinuwat inggih punika “kasangsaran, memala, sukerta, ugi kasi­sahan, kalepatan dosa, kadurjanan, nan­dhang wirang, nandhang bingung, nan­dhang kasisahan, ingkang tansah tumiba ing manungsa.

Wonten cariyos serat Hariwangsa, Su­manasantaka, Korawasrama, Calwanrang, Nawaruci, lan Sudamala, pinanggih tem­bung “lukat” ingkang tegesipun “ngicali, mbucal, ngresiki.”

Wonten basa Jawi Kina, pinanggih ugi tembung “sukrta =sukerta. Mila ing adat Jawi lajeng wonten tembung: “Bocah sukreta, sokreta, sukerta.”

Wonten ing kakawin Gathotkaca Sra­ya, pinanggih tetembungan: “Ngkan Dur­ga kita Bhairawa paramasuksmatara pi­nakajiwa ning praja, mawak sukrta dus­krtanemahaken hala hayu sukha ing dadi = Ing mriki Durga, Bhairawa, langkung migatosaken dadosa tuking gesangipun tiyang kathah, sabab pribadi saé lan awon ingkang mahanani watak awon lan sae, miwah sisah lan bingah kanggé gesanging bebrayan.

Amargi wonten tembung “Sukrta” (ba­hasa Jawa Kina), ing samangké dados tembung “sukerta” (Jawa), lajeng wonten ukara “Bocah sukerta, wong sukerta lan sanes-sanesipun. Lajeng wonten pa­nganggep laré “sukerta” dados mangsa­nipun Bathara Kala lan Durga, amargi wonten palilah saking Bathara Guru.

Mila ing pranatan gesang Jawi, laré “sukerta” punika dados “bocah panga­yam-ayaming utawi dipun padosi Bathara Kala, utawi ingkang tansah dados pa­ngincenging Bathara Kala. Mila kedah dipun sranani, supados kalis dados te­dhanipun Bathara Kala. Kanggé mbéngkas mamala punika lajeng wonten pranatan “Upacara Ruwatan, ingkang cethanipun cecampuran kapitadosan Jawi lan Hindu.”

 

C. Ruwatan Samangké

Ing jaman samangké, ruwatan boten namung kagem laré-laré sukerta kema­won, sabab ingkang nandhang “sukerta” boten namung tiyang. Sanadyan nagari, dhusun, kawontenan ingkang gangsul, ugi wujud sukerta. Kathah gunung mble­dhos, lemah jugrug, banjir bandhang, su­nami, kasangsaran, korupsi, DPR Pecah, partai pecah, rambut gimbal, kedadosan ing Mina (Mekah), sedaya wujud “su­kerta”, mila lajeng pados srana, supados ical sukertanipun. Caranipun maneka war­ni, gumantung kapitadosanipun. Ingkang nyata “sukerta” kedah dipun icali.

 

D. Wasana

Ing jaman modern, amargi wragad cupet ati karep, mila ing samangké pi­nang­gih ruwatan masal, kagem suker­tanipun laré-laré. Nanging menawi nagari, dhusun, ngawontenaken, boten saged ruwatan masal, kedah “ruwatan mligi”, amargi watakipun mligi. Mugi ndadosa pemirsa. Nuwun-nuwun, nuwun. (*)

Berita Terkait

Samak Minggu Ini

img

img

Sumber Semangat

Wong kang mbisu iku “luwih becik” katimbang wong kang guneman ala.

Klik

DOLANAN JAMAN KAWURI

Isih kelingan dolanan kaya ngene iki? Mesthine ing antarane para maos kang wis ‘yuswa’ isih padha kelingan ya. Balapan ban bekas mujudake dolanan jaman kawuri. Seru, murah lan nyenengake. Yuk nostalgia kanthi dolanan nyenengake ing jaman biyen iki yuk… (d/ist)***

Pethilan

E-dagang rame, ritel konvensional rontok

Blanja mung kari klik

Pelajar perlu diajak lunga menyang museum

Aja menyang mal wae…

Sumpah Pemuda dipengeti

Indonesia siji, dudu sing liyane