Nglebur Dosa Kanggo Nggayuh Urip Mulya (7)
Diposting oleh : Administrator
Kategori: Agama Islam - Dibaca: 94 kali

Dhawuha sira Muhammad! “He para kawulanIngsun! Kang (tansah) padha lelumban  marang tingkahe (dosa), sira aja entek ing pangarep-arep  marang Rahmat Paringaning Allah. Sanyata Gusti Allah iku kepareng ngapura sekabehing dosa. Satemene Panjenengane iku  rena paring pangapura tur Maha Welas lan Maha Asih.” (Q.S. Az-Zumar (39):53)

 

(16). Lumaku tumuju menyang Masjid.

Sing dimaksud lumaku tumuju me­nyang masjid, yaiku arep nindakake ibadah shalat jama,ah. Ing babagan ini Abu Hurairah nerangake, manawa Raslullah s.a.w. ngendika, mangkene maksude:

“Amal-amal ibadah sing bisa nglebur dosa (kesalahan-kesalahan) antara liya, yaiku nyampurnakake wu­dlu ana ing wektu kang ora dise­nengi. Mlangkahe sikil tumuju me­nyang Masjid, krana arep nindakake shalat jama’ah. Uga nalika ngenteni wektu shalat sateruse (sawuse sha­lat maghrib ngenteni manjinge shalat Isa’).” (HR. Ibnu Majah, Hadist  shaheh, miturut Al-Abani diyakini shaheh, ing kitabe Shaheh Al-Jami/4489).

Jlentrehe miturut Hadits kasebut ing ndhuwur, ana telung perkara (bab) sing bisa nglebur dosa, yaiku:

(a). Nyampurnakake wudlu. Aja nganti nana bagian anggota badan kang kudu disuceni ora kataman banyu (upamane sela selaning driji tangan lan driji sikil).

(b). Dene wektu kang ora disenengi, yaiku nalika swasana hawa adhem njekut.

(c). Tujuwane mlangkah mlaku me­nyang masjid amarga arep nindakake sha­lat jama’ah.

(d). Nunggu wektu shalat ing masjid. Iki maknane sawuse nindakake shalat upa­mane shalat maghrib. Sawuse shalat ban­jur nunggu tumapake wektu manjing shalat Isa’, banjur melu shalat jama’ah.

 

(17). Waosan (wacan) Aamiin.

Sing dimaksud waosan (wacan) aamiin ing kene, yaiku waosan aamiin para Malai­kat. Ana sawatra Hadit sing diriwayatake dening Abu Hurairah, manawa Rasulullah s.a.w, ngendikake, sing maksude mang­kene:

(a).“Manawa Imam shalat ngu­cap­ake Aamiin, nuli-nuli ngucap aamiin. Sebabe, sok sapa wonge sing pangucape aamiin iku mbeneri karo ucape (pangucape) aamiin para Ma­laikat, Allah kepareng paring panga­pura marang dosane sing wus ke­pung­kur.” (HR. Bukhari, Muslim, Malik, Ahmad).

(b). Abu Hurairah uga ngriwayatake ma­neh, manawa Rasulullah wus kepareng dhawuh: “Manawa Qari’ (sing dadi Imam shalat) maca “ghairil maghdlubi ‘alaihim waladldlaliin…, nuli-nuli sira ngu­capna aamiin. Sebabe sok sapa wonge sing ngucapake aamiin mbe­neri bebarengan karo ucapan aamiin Malaikat, Allah kepareng paring panga­pura marang dosane wong mau, dosa sing wus kepungkur.” (HR. Imam Bukhari).

Sing baku kudu kita mangerteni, mak­sud Hadits kasebut, yaiku ucapan aamiin ing dalem swasana shalat jama’ah, dudu shalat munfaridan (shalat dhewe-dhewe, ijen).

 

(18). Shalat Subuh jama’ah.

Sing dimaksud shalat subuh jama’ah ing kene, yaiku shalat subuh jama’ah sinar­tan dzikir sawuse shalat. Dzikir iku katin­dak­ake nganti  wektu mletheke (terbit) sre­ngenge, diterusake shalat rong rekangat. Ing babagan iki Anas bin Malik nerangake, manawa Rasulullah ngendika: “Sok sapa wonge sing nindakake shalat subuh kanthi jama’ah, wusana nuli lungguh lan (nindakake) dzikir marang Allah nganti wektu mletheke srengenge, banjur shalat sunat rong rekangat, tumraping pawongan iku pikoleh gan­jaran (pahala) sak ukur karo ganjaran ibadah  lan umrah, sing ditindakake kan­thi sampurna.” (HR. Turmudzy, Hadits shaheh miturut A-Albani ana ing Shaheh Al-Jami).

Miturut Imam Bukhari lan Imam Muslim, saka Abu Hurairah, “Saupama wong-wong iku padha mangerteni ganjara­ne shalat jama’ah Subuh lan shalat jama’ah Isa’, tamtu wong-wong mau bakal nekani shalat jama’ah Subuh lan Isa, senajan (ora ketang) direwa­ngi mbrangkang.” (HR. Bukhari, Muslim). Malah ana ing riwayat liya, diterang­ake pahalane (ganjarane) shalat jama’ah Subuh iku padha karo ganjarane shalat Tahajjud sawengi methethet (semalam sun­tuk). Dene jama’ah shalat Isa, ganjara­ne padha karo shalat Tahajjud separo we­ngi. (Al’Hadits).

 

(19). Shalat rong rekangat lan takhalli.

Sing dimaksud shalat rong rekangat lan takhalli (ngosongakle atine, tansah eling marang Allah), ing kene trep karo apa sing diriwayatake dening Anas bin Malik, ma­nawa Rasulullah s.a.w. ngendika, mang­ke­ne makssude:

“Ora ana pawongan saka sira ka­beh sing nyedhiakake banyu wudlune, nuli kemu (berkumur), banjur mbuang banyu kemu mau, nuli istinsyaq (nye­rot banyu menyang irung), banjur istintsar (ngetokake banyu saka iru­nge), kajaba bakal ngucur (bercucu­ran), kesalahan-kesalahan pasurya­ne, sarta tutuke (mulutnya) uga saka irunge. Wusana manawa dheweke masuh pasuryane kaya dene sing diperintahake dening Allah, kesala­han-kesalahan pasuryane bakal ngu­cur saka pucuk jenggote, bebarengan karo miline banyu. Wusana dheweke masuh kekaro tangane nganti sikut, kesalahan-kesalahan kekaro tanga­ne ngucur saka pucuk drijine beba­rengan karo banyu. Lha yen ngusap sirahe, kesalahan-kesalahan sirahe ngucur saka pucuking rambut be­ba­re­ngan karo miline banyu. Nuli masuh kekaro sikile nganti polok (mata kaki), kesalahan-kesalahan kekaro sikile ngucur saka pucuk driji sikile bebarengan karo banyu. Lha yen dheweke ngadeg nuli nindkakake ibadah shalat rong rekangat sarta memuji lan ngalembanalan ngagung­ake Allah cara kang pantes tumrap­ing Allah, kajaba tamtu bakal uwal saka kesalahan-kesalahan (dosa-do­sane) pindha swasane nalika wektu dheweke dilairake dening ibune.”  (HR. Muslim lan Ahmad).

(Ana Candhake)

Berita Terkait

Samak Minggu Ini

img

img

Sumber Semangat

Wong kang akeh ngucapake kabecikan iku “luwih becik” katimbang wong kang seneng mbisu.

Klik

BALAPAN WEDHUS

Sawijining bocah cilik lagi melu tandhing ing sawijining lomba balapan nunggang wedhus utawa mutton busting. Acara kaya ngene iki cukup populer jroning pawai Fourth of July parade ing kutha Vale, Oregon, AS. (d/ist)***

Pethilan

Mendikbud ngajab, bayare guru honorer ndang diwenehke

Iki sing jenenge menteri zaman now!

Mendikbud ngajab, bayare guru honorer ndang diwenehke

Iki sing jenenge menteri zaman now!

Panglima TNI ditulak mlebu AS

Mengko gek merga, titttt…. (sensor!)