Nglebur Dosa Kanggo Nggayuh Urip Mulya (6)
Diposting oleh : Administrator
Kategori: Agama Islam - Dibaca: 74 kali

Dhawuha sira Muhammad! “He para kawulanIngsun! Kang (tansah) padha lelumban  marang tingkahe (dosa), sira aja entek ing pangarep-arep  marang Rahmat Paringaning Allah. Sanyata Gusti Allah iku kepareng ngapura sekabehing dosa. Satemene Panjenengane iku  rena paring pangapura tur Maha Welas lan Maha Asih.” (Q.S. Az-Zumar (39):53)

 

(13). Njaga shalat sadurunge Srenge mlethek lan sadurunge Sre­ngenge Surup (ambles).

Njaga (ngudi) nindakake shalat sadu­runge srengenge njedhul lan sak durunge surup (angslub). Ing babagan iki Imarah bin Ruwaibah nerangake, manawa  Rasu­lullah s.a.w. paring dhawuh sing maksude mangkene:

“Ora mlebu Neraka tumraping pawongan kang nindaka­ke shalat sadurunge srengenge njedhul (mle­thek) lan sadurunge surup (ambles).” (HR. Ahmad, Muslim, Abu Dawud lan Nasai).

Al Munawi (Faydul Qadir 5/303) ne­rangake, manawa sing dimaksud  saduru­nge srengenge njedhul yaiku shalat Subuh. Dene shalat sing ditindakake sadurunge sre­ngenge surup (ambles) yaiku shalat Asar. Kadi dene sing diriwayatake dening Muslim. Hiya gene, sing kasebut ana ing Hadits iku mung shalat subuh lan shalat Asar? Bab iki bisa dipahami lan dima­ngerteni, krana

(a). Nalika wektu subuh (shalat Su­buh), iku mujudake swasana kang nikmat tumraping pawongan kang lagi turu, sa­engga yen arep tangi nindakake shalat subuh iku rinasa abot, katimbang saliyane wektu iku.

(b). Dene wektu Asar (shalat Asar), iku swasana ngunduri repot-repote, ing babagan bisnis (perniagaan). Mula saka iku mungguhing pawongan kang ora lali marang shalate Asar, ora ateges pawo­ngan iku sampurna agamane. Kajaba saka iku, kekarone shalat iku, yaiku shalat Subuh lan shalat Asar, iku mujudake wektu sing di­sekseni dening Malaikat Wengi lan Ma­laikat Rina. Hiya ing kekarone wektu mau (Subuh lan Asar) amal-amal tumindake manungsa diangkat dening Malaikat dila­pur­ake. Manawa kita bisa njaga ing keka­rone, wektu kasebut, sanajan ana ing swa­sana abot lan sibuk (repot), ateges kita luwih bisa njaga wektu shalat liyane. Lha saupama tledhor utawa lali  tumraping pa­wongaan mau, wus sak ukur yen pawo­ngan mau pikoleh pangapura, saengga pa­wongan mau ora nganti mlebu Neraka.

 

(14). Bledug (debu) jihad.

Sawijining wektu Abu Absi nerangake, manawa Rasulullah s.a.w.paring dhawuh:

“Sok sapa wonge sing loro-lorone sikile kebak bledug fi sabilillah, Allah kepareng ngaramake (mengharam­kan) tumraping pawongan mau saka (siksa) Neraka”. (HR. Bukhari, Ahmad, Turmudzy lan Nasai).

Mangeteni maksud kang kinandhut ana ing Hadits  kasebut, Ibnu Hajar nerangake, manawa siksa (sentuhan) Neraka mau ora tumama marang pawongan mau. Se­babe ing babagan iki dumunung isyarat marang sepira gedhene drajat (nilai) sawijining tumindak fi sabilillah.

Jlentrehe: Yen mung sak drema tu­mem­pleke bledug ana ing sikil bisa nga­ramake marang siksa Neraka, lha banjur kepriye werdine (dhodhok selehe) pawo­ngan kang bener-bener sarta pangurba­nan jiwa ragane? Kajaba saka iku, luwih cetha maneh keterangane Al-Munawi  ing Kitabe Faidul Qadir, manawa sok sapa wonge sing kekarone sikile  kena bledug jihad, iku maksude nuduhake laku fi sabi­lillah, yaiku krana ngudi (nyadhong) ridla­ning Allah. Kanthi mangkono babagan iki kalebu jihad fi sabilillah, ngupadi (mempe­lajari) ilmu, nindakake shalat jama’ah, iba­dah haji lan liya-liyane. Mung bae makna sing bisa dipahami secara langsung saka tembung fi sabiluillah, yaiku jihad utawa perang. Ana ing Hadits Ibnu Hibban ngri­wayatake, manawa dheweke nate melu (aktif) ing sawijining peperangan, dhewe­ke keprungu, manawa Rasulullah s.a.w. ngendikakake:

“Banjur wong (para sahabat) pa­dha mudhun saka tunggangane, lan dinulu ora akeh wong sing mlaku ing dina iku”.

Ana ing Hadits kasebut diterangake, manawa para sahabat padha mudhun sa­ka tungangane, iki ndarbeni makna supaya ampeyane utawa sikil-sikile bisoa kena (ketemplekan) bledug sabilillah. Tegese, para sahabat iku memahami dhawuhe Njeng Nabi Muhammad s.a.w. kasebut, mengkone kang bakal dadi pepalang mlebu Neraka. Ora mung sak drema jihad. Lha yen ora, apa perlune para sahabat mudhun saka tunggangane? Wallahu a’lam.

 

(15). Ngrasuk Agama Islam.

Tumraping wong-wong kafir, krana hi­dayahe Allah banjur ngrasuk (nggilut) agama Islam. Nuli ngamalake piwulang aga­ma Islam kanthi becik. Allah bakal paring pangapura marang dosa-dosane  kang wus kepungkur. Trep karo Hadits sing dite­rangake dening Abu Said, manawa Rasu­lullah s.a.w.paring dhawuh:

“Manawa sawijining pawongan ngrasuk (mlebu) utawa nggilut aga­ma Islam, banjur nindakake piwulang agama Islam kanthi bener lan pener, Allah bakal nyathet sekabehing ka­becikane sing wus kepungkur, sarta paring ngapura marang sekabehing kesalahane sing wus kepungkur. Sa­wise iku ana katamtuwan (qishash), saben siji kabecikan pinaringan gan­jaran tikel kaping sepuluhe nganti tekan tikel kaping pitungatus. Dene tumrap tumindak ala (maksiyat) di­wales sak ukur karo bobot enthenge tumindake, kajaba yen Allah paring pangapura.” (HR. Malik, Nasir lan Baihaqi).

Ing babagan iki Amru bin Ash nerang­ake, manawa Rasulullah s.a.w. uga paring dhawuh mangkene maksude:

“Sira padha mangertenana, ma­na­wa agama Islam iku nglebur dosa lan kesalahan-kesalahan sak duru­nge, hijrah uga nglebur dosa lan ke­salahan-kesalahan sak durunge. Lan  ibadah haji uga nglebur dosa lan kesalahan sadurunge.” (HR. Nasai).

Mangkono Keagungan lan Kautaman ampunan Allah kang Maha Agung lan Maha Ngapura. (Ana Candhake)

 

Berita Terkait

Samak Minggu Ini

img

img

Sumber Semangat

Wong kang akeh ngucapake kabecikan iku “luwih becik” katimbang wong kang seneng mbisu.

Klik

BALAPAN WEDHUS

Sawijining bocah cilik lagi melu tandhing ing sawijining lomba balapan nunggang wedhus utawa mutton busting. Acara kaya ngene iki cukup populer jroning pawai Fourth of July parade ing kutha Vale, Oregon, AS. (d/ist)***

Pethilan

Mendikbud ngajab, bayare guru honorer ndang diwenehke

Iki sing jenenge menteri zaman now!

Mendikbud ngajab, bayare guru honorer ndang diwenehke

Iki sing jenenge menteri zaman now!

Panglima TNI ditulak mlebu AS

Mengko gek merga, titttt…. (sensor!)