Wayang Cengblong, Wayang Kreasi Baru Sing Lucu
Diposting oleh : Administrator
Kategori: Watak Lan Wayang - Dibaca: 216 kali

Wayang Cengblong (Cenk Blonk) mujudake jinis wayang kreasi baru ang­gitane I Wayang Nardayana dhalang ke­lairan Banjar Belayu, Kecamatan Marga, Tabanan, Bali. Pakeliran wayang Ceng­blong iku mujudake gabungan saka sa­wer­nane unsur-unsur estetika kang tu­manduk ing kesenian wayang Rama­yana, wayang Cupak, lan uga wayang Tan­tri. Wayang Cengblong uga ngga­bungake antarane kesenian tradhisional karo seni baru sing diperbawani dening teknologi modern.

Kaya ing wayang kulit tradhisional, wayang Cengblong uga migunakake modhel adegan Petangkilan (Jejer) na­nging ing suwasana lumaku. Dene wa­yang tradhisional Bali migunakake ade­gan Petangkilan (jejer) ing suwasana mandheg. Nalika Wayang Cengblong sapi­sanan ginelar, njumput lakon sesirah Gugurnya Dalem Bungkut. Lakon iki nyri­takake sawijining panguwasa ing Nusa Penida (sing kebawah panguwasane Kra­jan Gelgel) kan gugur ing paprangan nalika paprangan mungsuh I Gusti Ngurah Jelantik (utusane Sri Aji Dalem Di Made).

Ing Bali pagelaran wayang kulit Ceng­blong racake tansah dikebaki dening wong kang padha nonton. Kajaba critane akeh ngandhut wewarah, wayang Ceng­blong uga mujudake seni hiburan sing kebak dening lelucon kang mahanani penontone padha gumyak lan ngguyu nyekakak kepingkel-pingkel. Apamaneh I Wayan Nardayana akeh nlesepake unsur-unsur pop ing pagelaran wayang Cengblong iku.

Satemene pakeliran wayang Ceng­blong gagrag Wayan Nardayana iku mu­judake pakeliran kanthi bentuk tradhisi. Mung sing mbedakake yaiku jinis game­lan pengiringe kang mujudake gabungan antarane gamelan konvensional (kayata gamelan batel suling) dicarub karo ga­melan gender rambat (unsur palego­ngan), cengceng kopyak (unsur belegan­jur), rebab (unsur gamelan gambuh), lan kulkul bambu (unsur thekthekan/kenthongan).

Kanggo ngasilake keharmonisan iri­ngan, Wayan Nardayana uga ajak-ajak marang para seniman akademis ing Bali cikben padha bebarengan melu nggarap komposisi karawitan cara anyar kasebut. Ing pangajab bisa kecekel dumadine pa­gelaran kang gumyak lan semarak. Wa­yan Nardayana uga ora mung cukup mi­kirake bab suwara gamelan, nanging uga nglebokake unsur gerong lan wa­rang­gana (vokal) kang ditembangake dening wanita (sindhen) cacah papat minangka fungsi narasi. Becik nalika wiwit pakeliran (pategak, talu), utawa ing adegan petakilan (sidhang, jejer), rebong (klompok emban, dhayang), tangis/mesem (sedhih/seneng), engga pagelaran rampung (ending, tancep kayon).

Nardayana uga ngusung isu sosial aktual jaman saiki kang nguwasani ma­rang gaya pakeliran Wayang Cengblong, liwat tokoh rakyat salumrah sing aran nang Klenceng lan Pan Keblong. Tokoh kasebut mujudake paraga punakawan tambahan (sisipan) kaya kang dumadi ing pewayangan gaya Tabanan. Narda­yana banget ceples anggone maragak­ake tokoh pelawak loro kang praupan, cengkok suwara lan watak-watune ba­nget lugu lan lucu kanthi logat (aksen) Bali Tabanan kang kenthel.

Wayang Cengblong sing lucu tur “beda” iku mahanani Nardayana dadi populer lan disebut minangka dhalang “cengblong” (cekakan saka “Nang Klen­ceng” lan “Pan Keblong”). Nalika Wayang Cengblong kagelar, ing ndhuwur kelir ana gambare tokoh panakawan setengah badan sing padha adhep-adhepan sarta ditulis “Cenk Blonk”.

Ing awale dhisik, Nardayana akeh mupangatake (mengekspolitasi) humor-humor porno kaya Dhalang Wakul (dhalang kang luwih senior) ing Tabanan, saengga wektu kuwi penontone mung tansah ngantu-antu marang jumedhule tokoh lawak kang bakal nyuguhake humor-humor saru (dhagelan lekoh), kayata ngomongake bab seks lan seling­kuh. Nanging sawise kondhang, tetela Naryadana wiwit ngurangi unsur porno­grafi kanthi cara mbungkus humor-humor isu sosial politik kang lagi “nge­tren” ing masyarakat.

 

Wayang Wali, Wayang Bebalai, lan Wayang Balih-balihan

 

Samak Minggu Ini

img

img

Sumber Semangat

Wong kang akeh ngucapake kabecikan iku “luwih becik” katimbang wong kang seneng mbisu.

Klik

BALAPAN WEDHUS

Sawijining bocah cilik lagi melu tandhing ing sawijining lomba balapan nunggang wedhus utawa mutton busting. Acara kaya ngene iki cukup populer jroning pawai Fourth of July parade ing kutha Vale, Oregon, AS. (d/ist)***

Pethilan

Mendikbud ngajab, bayare guru honorer ndang diwenehke

Iki sing jenenge menteri zaman now!

Mendikbud ngajab, bayare guru honorer ndang diwenehke

Iki sing jenenge menteri zaman now!

Panglima TNI ditulak mlebu AS

Mengko gek merga, titttt…. (sensor!)