Nglebur Dosa Kanggo Nggayuh Urip Mulya (5)
Diposting oleh : Administrator
Kategori: Agama Islam - Dibaca: 111 kali

Dhawuha sira Muhammad! “He para kawulanIngsun! Kang (tansah) padha lelumban  marang tingkahe (dosa), sira aja entek ing pangarep-arep  marang Rahmat Paringaning Allah. Sanyata Gusti Allah iku kepareng ngapura sekabehing dosa. Satemene Panjenengane iku  rena paring pangapura tur Maha Welas lan Maha Asih.” (Q.S. Az-Zumar (39):53)

 

(10).  Tulus lan ikhlas.

Samubarang sing ditindakake (kabeci­kan) krana nyadhong ridlaning Pangeran, Allah sesembahaning para kawula, ora kra­na sapa-sapa, ora krana ngudi panga­lembana saka sapa-sapa, iku kalebu tata­ran drajat kang ikhlas. Mangkene contone: “Sok sapa wonge sing (niyat) nin­dakake ibadah pasa Ramadhan krana iman lan nyadhong ridlaning Allah, bakal dingapura dosane kang wus kepungkur lan kang bakal dilakoni (ma taqaddama wa maa ta’akhkhar). Iku pratandha apa sing ditindakake iku kanthi ikhlasing ati.”

Itban bin Malik Al-Anshari nerangake, manawa Rasulullah s.a.w. paring dhawuh, mangkene maksude:

“Tumraping pawongan kang tilar donya lan dheweke ngucap kalimah thayyibah La ilaaha illallah, krana nyadhong ridlaning Allah, Allah nga­ramake (menharamkan) Neraka suk ing dina Qiyamat.” (Bukhari, lan Ahad).

Ana ing sawijining riwayat, matan (redaksi) Hadits mau nerangake:

Sok sapa wonge sing ngucap kalimat thayyibah La ilaaha illallah ing akhir utawa pungkasaning uripe, bakal pinaringan kanugrahan mlebu Suwarga.” (Al-Hadits).

Kanthi  mangkono tataran utawa drajat ati kang iklas iku, ikhlas lair lan batine. Ana ati kang ikhlas nanging mangro tingal, tegese isih sok gelem nindakakake maksi­yat. Lha ikhlas kang hakiki, yaiku ikhlas kang nunjem ana ing telenging atine. Atine tansah kebak rasa dhemen (mahabbah) marang Allah, saengga anggane njurung nindakake amal shaleh sarta ninggalake laku maksiyat.

 

(11). Nangis krana wedi marang Allah.

Ora gampang nangis krana wedi ma­rang siksaning Allah. Sekabehing tumindak becik mesthi kudu ditindakake kanthi latihan. Bab iki wus diaturake ana ketera­ngan ing ndhuwur, yaiku sing dingendikak­ake dening Aisyah r.a., yaiku Abu Bakar Shiddiq manawa dadi imam shalat, swa­ra­ne dirungu kurang cetha, sebab akeh nangise. Krana apa kang dilafalake (nalika dadi imam shalat), dihayati sarta ana rasa wedi marang Allah. Rasa ati kang wedi mau banjur tumus marang anggane (mri­pate), ora rinasa banjur tumetes banyu wening saka pojok mripate, sing nelesi papan sujude. Mangkono Aisyah nerang­ake babagan ati kang wedi marang Allah.

Abu Hurairah uga nerangake, manawa Rasulullah s.a.w. ngendika, mangkene maksude:

“Ora bakal mlebu Neraka tumrap­ing sawijining pawongan kang nangis krana wedi marang (siksa) Allah, sa­engga banyu susu bali marang kan­thong kelenjar (susu) lan awu (debu) fi sabilillah ora bakal nyawiji karo asep (kebul) Neraka Jahannam.” (HR. Amad, Turmudzy, Nasai lan Hakim).Miturut Al-Albani, kalebu Hadits shaheh).

Gegayutan karo Hadits kasebut ing ndhuwur,  Al-Mubarakfuri (ing kitabe sya­rah Jami’ At’Tirmidzi (6/600) nerangake, manawa sawijining pawongan kang na­ngis krana wedi marang (siksa) Allah,  biasa­ne rasa wedi iku njedhul utawa tu­wuh niyat kang kuwat (njurung) kanggo nindakake amal shaleh sarta ngedohi tumindak maksiyat. Begja kemayangan tumraping wong kang ndarbeni satetes luh sing tulus krana nangis amarga wedi ma­rang siksane Allah. Ing babagan iki bisa dimangerteni, dipahami apa sing  diucap­ake dening Sofyan Ats ‘Tsauri, sing njurung marang pawongan supaya ngakehake nangis sing tulus krana  wedi (siksa) Allah. Manawa ana tangis sepisan, krana wedi marang siksane Allah ing dalem se­taun, iku ndarbeni makna tangisan sing akeh. Hiya, demi Allah, saupama selawase urip mung sepisan bae nangis, amarga we­di marang siksane Allah, tumraping pa­wongan iku ora bakal mlebu Neraka sarta dingapura dosane sing wus kepungkur lan kang bakal kelakon.

 

(12). Shalat jama’ah.

Sing dimaksud shalat jama’ah ing kene, yaiku shalat jama’ah sasuwene 40 dina, iku kalebu ora nate ketinggalan takbir kang kapisanan. Tumraping jama’ah haji sak du­runge wuquf ana ing arafah utawa sa­wuse wuquf ing Arafah, disunatake shalat Arba’in (shalat wajib kanthi jama’ah kaping patang puluh, sasuwene 8 dina) ana ing Masjid Madinah. Dadi gemblenge, karan shalat sunnat Arba’in, yaiku shalat fardlu kanthi jama’ah sasuwene 8 dina ing Masjid Madinah. Becik tumrap jama’ah haji sa­durunge wuquf utawa tumrap jama’ah haji kang wus wuquf ing Arafah. Ing babagan iki Anas Ibnu Malik nerangake, manawa Rasulullah s.a.w. ngendika:

“Sok sapa wonge nindakake sha­lat (fardlu) jama’ah, krana nyadhong ridlaning Allah sak suwene 40 dina, sarta bisa nindakake takbir kang kawitan tumraping pawongan mau dicathet (pikoleh) rong kebebasan, yaiku uwal (bebas) saka siksa Neraka lan uwal saka sifat munafiq.” (HR.Turmudzy).

 

(Ana Candhake)

 

Berita Terkait

Samak Minggu Ini

img

img

Sumber Semangat

Wong kang akeh ngucapake kabecikan iku “luwih becik” katimbang wong kang seneng mbisu.

Klik

BALAPAN WEDHUS

Sawijining bocah cilik lagi melu tandhing ing sawijining lomba balapan nunggang wedhus utawa mutton busting. Acara kaya ngene iki cukup populer jroning pawai Fourth of July parade ing kutha Vale, Oregon, AS. (d/ist)***

Pethilan

Mendikbud ngajab, bayare guru honorer ndang diwenehke

Iki sing jenenge menteri zaman now!

Mendikbud ngajab, bayare guru honorer ndang diwenehke

Iki sing jenenge menteri zaman now!

Panglima TNI ditulak mlebu AS

Mengko gek merga, titttt…. (sensor!)