Dununge Aksara Jawa Ing Pribadhi lan Pakartine Manungsa
Diposting oleh : Administrator
Kategori: Kebatinan - Dibaca: 177 kali

Ing kéné tak aturaké dunungé aksara Jawa ing pakarti lan pribadiné manung­sa, minangka cathetan saka manéka sum­ber. Muga-muga ana paédahé :

H A – Atimu tatanen. Ati-ati, ati kuwi ra­tuning badan. Atiné apik, badan saku­jur dadi apik. Atiné ala, badan sakujur dadi ala.

N A – Napsu lan naluri kang tanpa kendhali kalamun ngrebda dadi rubéda. Nalar lan nurani nenuntun amrih basuki. Nupus, napas, tanapas dumadi saka ana­sir angin kang ana ing badan wadhagé manungsa.

C A – Cangkem, cancang karebèn mingkem. Cemer, cidra, catur-cinatur ala, cacat-cinacat iku singkirana. Cang­kem uga diarani tutuk. Tutuk kuwi tutup­ing ati, menawa tutuk menga, atiné kang katon. Manungsa tumitah kanthi kuping loro lan cangkem mung siji. Mula diakèh ngrungokaké, aja kakèhan omong.

R A – Rasa kang dumunung ing ilat, rasa kang dumunung ing kulit, rasa kang dumunung ing ati, rasa kang dumunung ing pikir lan rasa sejati kuwi bédané ing endi? Raga aja mung dirogoh, diperes da­ya kekuwatané nganti mung wujud ra­gangan. Nanging raga kudu diragadi nganggo pangan, sandhang, papan sar­ta kuwarasan lan raga aja diregedi mun­dhak tanpa aji. Awit ajining dhiri saka pa­karti, ajining awak saka tumindak.

K A – Kuku-wulu, daging-kulit, balung-sungsum kuwi dumadi saka anasir bumi kang ana ing badan wadhagé manungsa. Kuping, aja digawé kaku lan njepiping amarga muring-muring. Sing sabar lan diagung ing aksama.

D A – Dlamakan ninggal tapak apik tandhané wong kang lakuné becik. Dla­makan ninggal tapak ala tandhané wong sing lakuné ala. Élinga, becik katitik ala ketara.

T A – Talingan, ditali karebèn tansah kèlingan. Mula telingna omongan kang becik. Éling, pracaya lan mituhu marang Kang Maha Kuwasa kuwi dadi dhasar tum­rap wong kang ngudi kautaman. Utamané, tumindak kang tanpa pamrih, iya sing diarani agawé kang tan agawé utawa iklas.

S A – Suku, supaya lelaku. Lelaku sa­rana tapa brata, tapa ngramé. Tapa bra­ta kanthi nutupi babahan hawa sanga kang dadi tuk sumbering napsu. Tapa ngramé, tapa ing satengahé karaméyan (bebrayan agung) sarana memayu ha­yuning bawana, memulya uripé titah madya pada.

W A – Watak watu, wewatekan wi­witané saka pakulinan. Weteng, marahi ruwet uga marahi anteng. Marahi ruwet lamun wetengé luwé mangka atiné bu­teng lan mripat peteng satemah tumin­dak dudu. Marahi anteng menawa we­tengé wareg lan gelem nyukuri peparing-é Kang Murbèng Gesang. Ora ngangsa-angsa jalaran ora narima ing pandum.

L A – Lahir kuwi utusaning batin. Laku jantraning urip iku nyakra manggilingan, mubeng. Dumadi- ana- sirna. Éwadéné lelakon, adilé kudu dilakoni. Sebab urip iku reroncèning lelakon lan lelakon kuwi ribet. Dadi urip mula ribet. Ribet karana kasrimpet utawa kagubet ing laku awit ora ubet lan tanpa pangiket (kendhali).

P A – Puser, dipupus diserahné ma­rang Kang Maha Kuwasa. Punukmu pa­nakna supaya teka pana raga. Punuk iku jithok, pujiné mathok datan kendhat. Pa­rané pratitis awit wus pana, sumurup marang dhiri pribadhiné dhéwé. Saéng­ga weruh marang dhiri pribadhiné yekti weruh marang pangèrané lan sapa we­ruh marang Pangèrané yekti ngrumang­sani marang bodhoné.

D H A – Dhiri, digladhi rina wengi. Dhi­ri pribadhi kari-kari, sesama luwih utama. Dhengkul, kalamaun mudheng malah tumungkul. Ngèlmuné, ngèlmu pari. Sangsaya mentes isiné, saya tu­mungkul, ndhiluk (ndhingkluk). Ora su­mo­ngah sesongaran.

J A – Jaja, jajagana sajero-jeroné, jupukana jejemberé lan jèrènga sajem­bar-jembaré. Jaja, jatining jaya iya me­nang sejati. Menang lumawan napsu ya­iku kang diarani menang jroning perang gedhé.

Y A – Yatma, ayaté utama tandhané manungsa. Mula diarani tandha amarga kalamun yatmané lunga wis ora aran manungsa nanging mayit. Mayit menawa diwalik muni yitma iya yatma. Yatma uga sinebut kang anguripi, minangka pepa­ring saka Sang Urip.

N Y A – Nyawa, nyangga wadhag iya nyawiji ing wadhag. Kang kadunungan nyenyandhang dawa. Nanging nyatané tetep dadi wewadi kekaraning dumadi. Nyawa iku tandhaning urip iya sipating urip. Banjur sapa sing ngajak urip lan sapa sing ngajak mati? Apa padha karo kang ngajak turu lan kang ngajak tangi?

M A – Mata, momota kang tata. Nge­mataké kang ditonton, mbok menawa kena kanggo tuntunan. Melèka, sing ateges weruh ing tata. Aja merem, kang ateges ati buteng mripat peteng. Wong kang duwé mélik kudu melèk temahan lagi bisa muluk. Aja mélik barang kang melok nanging kesusu kaselak muluk.

G A – Gulu, nggegulang lelungidan. Ngelalatih perkara-perkara kang luhur. Aja gawé gela golèka kanca, aja golèk mungsuh. Jalaran kanca sèwu isih ku­rang, mungsuh siji wis kakèhan. Mula yèn kebat aja nglancangi, yèn pinter aja ngguroni, yèn landhep aja natoni lan yèn sekti aja matèni. Grana, ugerana. Ngang­goa pepathok, lantiping graita landheping pamikir digegulang sarana nutupi babahan hawa sanga, mandeng pucaking grana lan manunggalaké budi, cipta, rasa lan karsa. Sawiji kang ka­èsthi, rahayu. Rahayu jroning urip ndo­nya akiraté.

B A – Bathuk, batinen kang mathuk-mathuk. awit batin kuwi wedharing suk­ma lan sukma iku peparing saka Hyang Suksma Kawekas. Badan, dibangun di­dandani karebèn dadi apik. Jalaran tu­min­dak apik mula gampang nanging dadi apik kuwi angèl.

T H A – Theleng aja kanggo men­theleng jalaran nepsu. Élinga yèn sage­bragan waé wong dadi nepsu iya ing wektu kuwi uga kabagyané ilang musna. Theleng uga diarani meleng. Meleng ate­ges manunggalé pikir. Mula theleng aja kanggo mentheleng nanging kanggo meleng puja samadi.

N G A – Ngimpi lan lali kuwi nyata lan bener kelakoné nanging ora bisa dibuk­tèkaké. Ngimpi lan lali uga ora bisa diran­cang lan diowahi. Banjur sapa kang ga­wé? Ngèlmu tanpa ngamal iku kaya wit-witan kang ora metokake uwoh lan nga­mal tanpa ngèlmu kuwi kaya wong tuwa kang kesasar-sasar lakuné.

n (Sri Adi Harjono)

 

Berita Terkait

Samak Minggu Ini

img

img

Sumber Semangat

Wong kang mbisu iku “luwih becik” katimbang wong kang guneman ala.

Klik

DOLANAN JAMAN KAWURI

Isih kelingan dolanan kaya ngene iki? Mesthine ing antarane para maos kang wis ‘yuswa’ isih padha kelingan ya. Balapan ban bekas mujudake dolanan jaman kawuri. Seru, murah lan nyenengake. Yuk nostalgia kanthi dolanan nyenengake ing jaman biyen iki yuk… (d/ist)***

Pethilan

E-dagang rame, ritel konvensional rontok

Blanja mung kari klik

Pelajar perlu diajak lunga menyang museum

Aja menyang mal wae…

Sumpah Pemuda dipengeti

Indonesia siji, dudu sing liyane