Wayang Gambuh Lakone Njumput Saka Babad Panji (3)
Diposting oleh : Administrator
Kategori: Watak Lan Wayang - Dibaca: 152 kali

Wayang Gambuh mujudake saweneh jinis wayang Bali sing uga kegolong lang­ka. Lakon-lakon ing crita wayang Gambuh iku njumput saka Babad Panji kang ing Bali disebut Crita Malat. Mungguh blegere wayang Gambuh mujudake Gambuh mujudake transisi antarane wayang Bali karo wayang Jawa (mligine wayang Madya). Wayang Gambuh uga minangka ganeping upacara Dewayadnya lan  Manusayadnya ing upacara ritual keagamaan ing Bali. Dene iringane game­lan kaya kang ana ing Wayang Wong Gam­buh (Dramatari Gambuh) yaiku: instru­ment suling gedhe 3 apa 4, kendhang cilik 2, kajar, klenang, klenong, kemanak, kangsi, gentora, lan kempul (kabeh 1).

Wayang kulit Gambuh iku asale saka Blambangan (Jawa Timur). Nalika Raja Mengwi (Bali) kasil nelukake panguwasa Blambangan (aran Mas Sepuh lan Mas Sedah) ing taun 1634, wayang Gambuh sak dhalange (aran Arya Tega) banjur diangkut menyang Blabatuh (Bali) kang kaprentah dening Gusti Ngurah Jelantik (andhahane Raja Mengwi). Wayang Gambuh banjur sumebar tekan Sukawati lan Badung, terus diblat dening Cokorde Gede Agung Sukawati saka Puri kaleran Sukawati lan disimpen ing Pura Penataran Agung Sukawati.

Dene Arya Tega (dhalang Wayang Gambuh sing sapisanan) sawise pancal donya diganteni putrane sing aran Gusti Kabor (taun 1905). Nanging wiwit taun 1915, tetela wis ora ana maneh dhalang Wayang Gambuh ing Blahbatuh. Sabanjure udakara taun 1943, mangku dhalang Bali aran I Ketut Rinda duweni kupiya ngurip­ake maneh Wayang Gambuh, lan duweni murid aran Made Sidja lan Wayang Narta kang minangka sawenehing pewaris dhalang Wayang Gambuh saka generasi mudha.

 

Wayang kulit Bali Kreasi Baru (Wayang Arja)

Kajaba maneka jinis-jinis wayang kulit Bali kaya kang wis katur ing dhuwur, uga ana golongan wayang kulit Bali gagrag anyar (kreasi baru) sing wiwit mencungul ing Pulo Bali saka taun 1970-an. Kayata sing diarani Wayang Arja, wayang Tantri, wayang Babad lan Wayang Cengblong.

Wayang Arja mujudake tranformasi saka dramatari (wayang wong) Arja sing kabentuk ing pagelaran wayang kulit. Wayang wong Arja wektu kuwi kahanane banget mrihatinake jalaran kedheseg dening Drama Gong sing populer banget . Wayang kulit Arja kuwi anggitane I Made Sidja saka desa Bona ing taun 1975 kang disuhi dening dhalang Bali senior I Ketut Rindha. Pagelaran Wayang kulit Arja diadani ing Puri Agung Gianyar, Taman Budaya, sarta desa-desa ing sakiwa tengene kutha Gianyar.

Senadyan mujudake wayang gagrag anyar, nanging wayang Arja isih nggegegi marang pola totonan wayang kulit tra­dhisional Bali. Ing wayang Arja lakon-lakone uga njupuk saka Babad Panji (Ma­lat) kang minangka sumbere. Mungguh pigunane pagelaran wayang Arja iku mung minangka panglipur ati. Iringane gamelan disebut gamelan geguntungan, kanthi suling minangka melodi sing paling baku.

Ing pagelaran wayang kulit Arja, para tokoh utama (raja-raja) disimping ing debog sisih kiwa lan tengen, kaya ing sim­pingan wayang kulit ing Tanah Jawa. Para raja golongan tengen disimping ing debog sisih tengen, kayata raja Dhaha, Koripan, Singasari, lan Gegelang. Dene para raja golongan “kiwa” disimping ing debog sisih kiwa, kayata raja Lasem, Metaun, Pajang Mataram, Cemaran, Pajarakan. Pagelaran wayang kasebut ditandangi dening seniman cacah 12. Dumadi saka dhalang 1, pembantu dhalang 2, lan penabuh ga­melan Gaguntangan laras pelog/slendro cacah wong 9. Lakon-lakon sing lumrah kagelar ing antarane yaiku: Waringin Kencana, Klimun Ilang Srepet Teka, Pakang Raras, Banda Kencana, lsp.

Ciri mirunggan ing pagelaran Wayang Arja bisa dirasakake ing lelagone kang mawa tembang-tembang macapat kang biasane digunakake ing pagelaran dra­matari Arja. Uga wujude wayang kulit kang nirokake marang tokoh-tokoh utama kaya ing Wayang Wong Aria kalebu uga danda­nane. Nanging wayang Arya jebul kego­long kurang popular ing Bali, senajan meh ing saindhenging Pulo Bali akeh tinemu para dhalang wayang Arja.

Wayang Tantri, muncul udakara taun 1978. Wayang iki asil anggitane I Wayan Wija dhalang kreatif saka Banjar Babakan Sukawati (Gianyar). Wayang Tantri mujud­ake wayang bentuk anyar, campuran anta­rane wayang Parwa lan wayang Gambuh. Pigunane mung minangka panglipur ati, iringane gamelan katelah gamelan pale­gongan, dumadi saka: gender, kendhang, kempul, rebab, lan suling (laras pelog).

Crita ing wayang Tantri kajumput saka kitab Tantri Kamandaka kang nyritakake lelakone Prabu Aeswaryadala kang nandang penyakit seks sing hawane mung tansah kepingin salulut lelumban katresnan karo wanita ing pendhak dinane. Nanging sawise prabu Aeswaryadala ketemu karo Ni Dyah Tantri (anake wadon Patih Ban­des­warya) kang crita warna-warna bab sato kewan, satemah Sang Prabu Aeswar­yadala eling marang purwaduk­sina. Dyah Tantri banjur sinengkakake ing ngaluhur minangka garwa prameswari.

Taun 1981, I Made Persib, mahasiswa jurusan Seni Pedalangan Akademi Seni Tari Indonesia (ASTI) Denpasar, uga nganggit wayang Tantri minangka wayang garapan ing pakeliran anyar lan digelar ing adicara Festival Seni Institut Kesenian Indonesia (IKI) ing Bandung. Wektu kuwi I Made Persib njumput lakon Pedanda Baka utawa Cangak Maketu. Rong taun saban­ju­­re, kanthi penaf­siran lan peng­garapan kang luwih pepak, sarta disengku­yung dening ketrampilan tek­nik kang lu­wih mateng, I Wayan Wija bali nggelarake maneh Wa­yang Tantri versi ba­ru kang diiringi mawa gamelan batel Semar Pagulingan laras pelog.

Gunggunge para seniman kang ngayah-ayahi ing pagelaran Wayang kulit Tantri iku meh saemper karo ing Wayang kulit Ramayana. Kajaba anane dhalang cacah siji lan pembantune cacah loro, uga paling ora ana 13 pawongan kang mi­nangka penabuh gamelan. Yaiku kang nabuh gender rambat 4, kendhang 2, ka­jar 1, klenang 1, kempur lan kemong, cengceng 1 lan suling sawetara pawongan.

Jumedhule wayang Tantri iki mesthi bae tansaya gawe sumringahe seni pe­wa­yangan ing Bali. Nanging sing luwih wi­gati minangka cathetan, wayang Tantri tetela nggawa inovasi (proses) kang penting, utamane ing babagan seni musik wayang kang selawase iki luwih diku­wasani dening jinis gamelan laras slendro. Wayang Tantri uga nyungulake paraga-paraga sato kewan kang solah tingkahe nyedhaki kasunyatan. Crita ing Wayang Tantri iku ora ngemungna sarua satwa (do­ngeng sato ke­wan), nanging uga “Satua satwan” (Wewarah baba­gan kawicaksa­nan).

Wayang Babad, mujudake wayang kulit kreasi baru sing dirakit dening seniman loro, yaiku I Gusti Ngurah Serama Semadi (saka Puri Saba, Blahbatuh, Gianyar) lan I Ketut Klinik minangka dhalange. Miturut Gusti Ngurah Serama Semadi, gagasan nyipta Wayang Babad iku kawiwitan nalika ing taun 1988 dheweke nyamegtake tugas akhir bakal nempuh gelar sarjana ing STSI Denpasar (saiki Institut Seni Indonesia Jurusan Seni Tari). Struktur pagelaran bentuk-bentuk wayange lan cara guneme isih tetep njum­­put saka pola wayang tradhisional Bali, kejaba para paraga bondres (dha­gelan).

Garapan Wayang Babad uga akeh antuk inspirasi saka maneka warna jinis kesenian Bali kang migunakake lakon-lakon babad kaya ing pagelaran dramatari topeng, prembon, arja, gong, luwih-luwih ing pagelaran wayang dening dhalang I Made Sidja saka desa Bona. Taun 1995 Dene Ketut Agus Supartha nggelar Wayang Babad kanthi penafsiran, tatanan, sarta pengembangan pementasan kang luwih pepak kanthi migunakake gamelan Semar Pagulingan laras pelog. Uga diiringi gamelan batel kang dumadi saka suling cacah papat.

Taun 1966, Ketut Ciptadi uga nggelar Wayang Babad minangka tugas akhir kanggo ngrampungake program Sarjana (S1) ing STSI Denpasar Jurusan Peda­la­ngan. Mungguh gunggunge para seniman kang nyengkuyung pagelaran Wayang Babad iku dumadi: dhalang 1, pembantu dhalang 2, lan penabuh gamelan Semar Pangulingan kang wis dimodifikasi kanggo pementasan wayangkulit (tanpa trompong lan pengurangan instrumen liyane) ana wong 14. Lakon-lakon kang diusung ing pagelaran Wayang Babad, yaiku crita Babad (sejarah) Bali utawa sumber lakon saka dramatari Topeng Bali.

(Ana Candhake)

 

Berita Terkait

Samak Minggu Ini

img

img

Sumber Semangat

Wong kang mbisu iku “luwih becik” katimbang wong kang guneman ala.

Klik

DOLANAN JAMAN KAWURI

Isih kelingan dolanan kaya ngene iki? Mesthine ing antarane para maos kang wis ‘yuswa’ isih padha kelingan ya. Balapan ban bekas mujudake dolanan jaman kawuri. Seru, murah lan nyenengake. Yuk nostalgia kanthi dolanan nyenengake ing jaman biyen iki yuk… (d/ist)***

Pethilan

E-dagang rame, ritel konvensional rontok

Blanja mung kari klik

Pelajar perlu diajak lunga menyang museum

Aja menyang mal wae…

Sumpah Pemuda dipengeti

Indonesia siji, dudu sing liyane