Wayang Sudamala Umum Digelar Ing Upacara Ngaben (2)
Diposting oleh : Administrator
Kategori: Watak Lan Wayang - Dibaca: 175 kali

Sabanjure yaiku jinis-jinis wayang Bali tradhisional sing disebut Wayang Su­da­mala, Wayang Lemah, lan Wayang Calon Arang. Kaya dene Wayang Sapu­leger, Wayang Sudamala uga digelar kanggo ing upacara keagamaan mirung­gan kanthi ancas kang saemper karo Wayang Sapuleger, yaiku minangka pang­ruwat marang dumadine sadhe­ngah sarusiku. Kaya ta ing upacara Ma­nusayadnya, Pitrayadnya, Dewayadnya lan Bhutayadnya Wayang Sudamala uga umum digelar nalika ana Upacara Ngaben (upacara mbesem jisim), mung­guh ancase kanggo ngresiki atma (jiwa) pawongan sing dibesem (dikremasi) kasebut. Lakon wayang sing dipilih yaiku Sudamala (Durga Ruwat), Lubdaka, Dewa Ruci, utawa Bima Swarga.

Dene Wayang Lemah uga katelah Wa­yang Peteng, ana uga sing nyebut Wayang Gedog. Diungak saka pigunane, umume Wayang Lemah digelar ing upacara keagamaan sing disebut Upa­cara Dewayadnya lan Upacara Pitra­yadnya. Pagelaran kuwi tumanduk ing sangareping pura kang disawang paling sakral (luhur) sing katelah Jeroan Pura, bebarengan klawan para bedande (pandita) kang nembe nindakake upa­cara keagamaan kasebut.

Pagelaran Wayang Lemah umume dumadi ing wayah awan. Tanpa kelir lan blencong. Wayang Lemah, lan uga Wayang Sapuleger, migunakake benang sedalu (benang tukelan utawa benang Bali) sing dipantheng ing sangarepe dhalang, ditaleni ana ing kayu dhadhap lan katancepake ing gedebog kang ing ngarepe Ki Mangku Dhalang. Benang se­dalu uga duwe piguna kanggo nyendhek­ake wayang. Wayang Lemah disengku­yung 3 tekan 5 pawongan, dumadi saka dhalang 1 sarta penabuh penabuh gender wayang (laras slendro) sepasang apa rong pasang. Minangka kesenian upacara, pagelaran wayang lemah bia­sane manggon ing papan sakutheging upacara lan ora migunakake panggung mirunggan.

Ewadene lakon sing dipilih umume njupuk saka sumber crita Mahabarata, dilarasake karo jinis lan tataran adeging upacara kang ngiringi. Kayata lakon De­wa Ruci, Sudamala, utawa Muter Man­dalagiri. Wektune pementasan kira-kira siji tekan rong jam, yen ngepasi Upacara Pitrayadnya, Wayang Lemah asring kagelar ing tengah kuburan utawa ing papan mirunggan kang ana gega­yutane klawan kebutuhane upacara kasebut.

Ing Pulo Bali, umume pagelaran wa­yang kulit mbutuhake pawongan mi­nang­ka tenaga baku, antarane wong telu tekan wong 15. Yaiku minangka dhalang, wiyaga, lan tututan (pembantu dalang). Dene boneka wayange, udakara cacah 125 tekan 130 lembar wayang. Wayang-wayang kasebut disimpen ing kropak (kothak wayang). Pagelaran Wayang Le­mah, Wayang Samiran (Wayang Sa­pu­leger), lan uga Wayang Sudamala, pan­cen mujudake pagelaran wayang mi­rung­gan, dianggo ing upacara ritual (upa­cara keagamaan). Dene Wayang Parwa, sacara umum luwih condhong minangka pagelaran wayang kanggo panglipur ati kang bisa ditonton dening samubarang pawongan sapa bae.

 

Wayang Calon Arang (Wayang Leyak)

 

Wayang Calon Arang uga asring di­se­but Wayang Leak, jinis wayang iki di­anggep angker. Lakon-lakone kajum­putake saka buku Lontar Calonarang, kayata lakon: Katundhung Ratnamangali, Bahula Dhuta, Pangesengan Beringin, lsp. Mungguh Calon Arang iku jenenge sawijining randha kang manggon ing desa Girah (utawa Dirah) ing jamane Prabu Erlangga ngasta bawat pangu­wasa ing Krajan Kahuripan (Jawa Ti­mur). Jeneng Calonarang ing Pulo Bali luwih dikenal kanthi jeneng Ni Walu Nateng Dirah utawa Ni Rangdeng Dirah. Dene tembung “Calonarang” kuwi mu­judake istilah pengiwa (ngelmu dhesti, ilmu hitam) sing dilakoni dening Ni Walu Nateng Dirah.

Pagelaran Wayang Calon Arang ka­wistara yen nggawa tabet kang wingit lan angker, nanging uga disenengi dening masyarakat Bali, sabab mitontonake marang lelakone paraga Calon Arang kang duwe ngelmu dhesti. Apa maneh ngelmu dhesti tumraping sawetara ka­langan masyarakat ing Bali isih mujud­ake perangan saka spiritual keagamaan kang disimbulake kanthi anane tokoh “Rangda”.

Kajaba kuwi, masyarakat Bali uga ora kumawani kanthi sembarangan ngang­gap Wayang Calon Arang, kajaba yen kang­go kepentingan umum. Tur maneh, Wayang Calonarang iku biyasane dipen­tasake ing papan sing disawang angker, kaya ta ing cedhak kuburan, pura, bale banjar, utawa ing wantilan desa. Miturut Ida Bagus Sudiksa (dhalang wayang Bali), tontonan Wayang Calon Arang jare bisa ngundang bebaya kang bisa nggawa totohan nyawa. Yaiku antarane ki dha­lang karo pawongan sing dinuga bisa ngleak (duweni ngelmu dhesti).

Satemah, manawa ana dhalang Wa­yang Calon Arang sing kepranggulan tilar donya, umume banjur digathukake karo dumadine “perang utawa campuh” anta­rane dhalang Wayang Calon Arang kase­but karo pawongan (satrune) sing diang­gep duweni ‘ngelmu dhesti” sing luwih dhuwur, saengga ki dhalang kasoran lan nemahi pralaya. Kang istimewa ing pa­gelaran wayang Calon Arang yaiku du­mu­nung ing tari-tarian sing aran “sisiya-nya” kanthi teknik permainan “ngalinting” lan adegan “ngundang-ngundan” kang ma­ragakake ki dhalang nyebutake jeneng-jenenge para pawongan kang ngla­koni praktik ngelmu pangiwa kasebut.

Wayang Calon Arang uga mralam­bang­ake marang rwa bhineda. Yaiku pralambang kabecikan lan kadurakan, kang kekarone tansah dialami dening manungsa. Nanging tontonan Wayang Calon Arang ing jaman saiki kegolong langka, jalaran saka winatese dhalang mirunggan Wayang Calon Arang sing isih aktif. Pagelaran wayang Calon Arang disengkuyung dening seniman cacah 12, yaiku: dhalang 1, pembantu dhalang 2, lan penabuh gamelan cacah 9.

 

Wayang Cupak

Kajaba iku, isih ana jinis wayang kulit Bali liyane sing uga kegolong jinis wayang tradhisional klasik, yaiku: 1. Wayang Ramayana, 2. Wayang Cupak, 3. Wayang Sasak, lan 4. Wayang Gam­buh. Wayang Ramayana lakone mirung­gan njupuk saka crita Epos Ramayana kang diperang dadi pitung sargah (bagean) sing disebut Sapta Kandha. Iringane gamelan uga saemper karo wayang Ramayana, yaiku batel wayang, dumadi tungguh gender 4, kendhang cilik rong pasang, sarta kajar, kelenang, ke­lenong, tawa-tawa, ricik (kabeh 1), suling 2, lan kempul (gong).

Wayang Cupak kalebu wayang kulit Bali sing langka, lakone kajupuk saka crita rakyat salumra­he, yaiku nyritakake lelakone wong loro kakang-adhi, aran Cupak lan Grantang. Lelorone putrane Bathara Brama kang duweni watak beda, bentuk pagelaran wayang iki ora adoh bedane karo wayang kulit Bali liyane, mung bae tokoh-tokoh utamane winates paraga Cupak lan Grantang, Men Bekung lan Pan Bekung (bojone lanang), Raseksa Benaru, Galuh Daha, Prabu Gobagwesi, lll.

Pagelaran wayang Cupak isih tetep gocekan marang pola lan struktur pagelaran wayang kulit tradhisional Bali (wayang Parwa). Pemaine ana wong 12, dumadi: dhalang 1, pembantu dhalang 2, lan penabuh gamelan batel gender wayang 9. Lakon-lakon kang lumrah kagelar, kayata: Patine Raseksa Benaru, Cupak Dadi Ratu, Cupak Nyuti Rupa (Cu­pak menyang suwarga), lll. Pagelaran wayang Cupak dipepaki kanthi tembang-tembang macapat (ginada) lan jume­dhule tokoh-tokoh bondres (paraga dhagelan) kang akeh diantu-antu dening penontone. Wayang Cupak iki banget populer ing dhaerah Kabupaten Tabanan.

Mungguh Wayang Sasak yaiku saji­nising wayang kulit tradhisional kang populer ing Pulo Lombok, nanging uga disenengi dening sawetara masyarakat Bali, luwih-luwih ing Kabupaten Karang­asem. Critane njupuk saka lakon Babad Menak (crita Amir Hamzah). Tokoh-to­koh utama ing Wayang Sasak, kayata: Jayengrana (Wong Agung Menak), Munigarim (Dewi Muninggar), Umar Maya, Umar Madi, Selandir (Alam Daur), Saptanus, Santanus, lll. Lakon-lakon kang lumrah kagelar, kaya ta: Kawitan Maktal, Kawitan Selandir, Kabar Sundari, Ajar Wali, Rengganis, lsp.

(Ana Candhake)

Berita Terkait

Samak Minggu Ini

img

img

Sumber Semangat

Wong kang mbisu iku “luwih becik” katimbang wong kang guneman ala.

Klik

DOLANAN JAMAN KAWURI

Isih kelingan dolanan kaya ngene iki? Mesthine ing antarane para maos kang wis ‘yuswa’ isih padha kelingan ya. Balapan ban bekas mujudake dolanan jaman kawuri. Seru, murah lan nyenengake. Yuk nostalgia kanthi dolanan nyenengake ing jaman biyen iki yuk… (d/ist)***

Pethilan

E-dagang rame, ritel konvensional rontok

Blanja mung kari klik

Pelajar perlu diajak lunga menyang museum

Aja menyang mal wae…

Sumpah Pemuda dipengeti

Indonesia siji, dudu sing liyane