Nglebur Dosa KanggoNggayuh Urip Mulya
Diposting oleh : Administrator
Kategori: Agama Islam - Dibaca: 134 kali

Dhawuha sira Muhammad! “He para kawulanIngsun! Kang (tansah) padha lelumban  marang tingkahe (dosa), sira aja entek ing pangarep-arep  marang Rahmat Paringaning Allah. Sanyata Gusti Allah iku kepareng ngapura sekabehing dosa. Satemene Panjenengane iku  rena paring pangapura tur Maha Welas lan Maha Asih.” (Q.S. Az-Zumar (39):53)

 

(4). Ngucap hamdalah sawuse manganggo:

Allah iku Maha Murah, Maha Welas lan Maha Asih, kang wus kepareng paring re­jeki kang arupa pangan lan pangango marang para kawulanE. Kita kadhawuhan ngucap hamdalah (alhamdu lillah), seka­bebing pangalembana kagungane Allah sawuse ngonsumsi dhaharan lan ma­ngang­go. Allah kepareng paring pangapura marang dosa kita, becik dosa kang ke­pungkur lan dosa kang bakal dilakoni. Dha­wuhe Njeng Rasulullah mangkene mak­sude:

Sok sapa wonge sawuse mangan banjur ngucap hamdalah (al hamdu lillah), sekabehing pangalembna iku kagngane Allah, kang wus kepareng paring rejeki kang arupa panganan iki, tanpa daya lan kekuwatanku, di­ngapura dosane, becik dosa kang wus kepungkur lan dosa kang bakal dilakoni. (HR. Ibnu Majah, Abu Dawud, Turmudy lan Nasai).

 

(5). Dawa umure.

Sing dimaksud ing kene, yaiku ing da­lem swasana nggilut Agama Islam sarta sumarah (pasrah kanthi temen-temen) ing ngarsaning Allah. Ora mangro tingal. Ba­kuh lan kukuh imane, manawa Allah Dzat Kang Maha Agung iku sesembahane para kawulanE. Ing babagan iki Anas bin Malik nerangake, manawa Rasulullah s.a.w. ngendika, sing maksude mangkene:

Ora ana pawongan kang kapari­ngan dawa umure, kajaba Allah kepa­reng paring kanugrahan (rahmat) marang pawongan iku, ana telung per­kara, yaiku uwal saka penyakit taghayyur (edan), kusta lan belang. Dene yen pawongan iku ngancik ngan­ti 50 taun Allah kepareng nggam­pangake hisabe (suk dina qiyamat). Lha yen nganti umur 60 taun,  Allah kepareng paring rahmat arupa niyat kang kukuh bakuh nindakake tobat (tobat nasuha). Manawa nganti ngancik umur 70 taun, Allah kepareng paring welas, sarta  asih (mencintainya). Mangko­no uga pedunung ing langit. Manawa nganti ngancik umur 80 taun, Allah bakal kepareng narima kebecikane sarta paring ngapura marang dosa- dosane. Lha yen nganti ngancik umur 90 taun, Allah kepareng paring pa­ngapura dosane kang wus kepungkur lan kang bakal dilakoni. Dheweke iku mujudake pawongan kang ditetep­ake (ditawan) dening Allah ana ing bumi sarta pinaringan idin(palilah) aweh syafa’at marang keluwargane”. (HR. Anas).

Tataran drajat Hadits kasebut, miturut Ulama kondang Asy-Syuyuti lan Asy-Syae­bani sarta Al-Allamah  Ahmad Syakir ne­rangake, manawa sanad- sanade (para pe­rawine) paling ora ana ing tataran dra­jat Hasan. Krana sanad-sanad liyane (kang tsiqah, adil lan pinercaya), iku njalari tata­ran drajat Hadit mau dadi Shaheh. Nga­malake Hadits kang katur ing ndhuwur ora perlu ragu utawa was-was. Inya Allah Ba­rakah.

 

(6). Ash-Shiddiq Al-Akbar.

Aisya. r.h. garwane Njeng Nabi Mu­ham­mad s.a.w. nerangake, manawa Rasulullah s.a.w. paring dhawuh marang Abu Bakar Ash’Shiddiq:

Sliramu iku sawijining pawongan kang dimerdikakake dening Allah saka geni Neraka.” (HR. Tirmidzy lan Al-Hakim, Hadits shaheh).

Prayoga yen kita naliti laku tindak lan tingkahe sahabat Abu Bakar Ash’Siddiq bisa kita nuladha (nuladhani). Antara liya  Abu Bakar Ash’Shiddiq iku kalebu ewoning sahabat kang dermawan. Nalika semana, meh sekabehing bandha bandhune diin­faqake (disumbangake) kanggo mbantu (kaperluan) fi sabilillah. Kajaba saka iku Abu Bakar Ash’Shiddiq yen dadi imam sha­lat, suwarane kurang cetha yen dirungu, amarga akeh nangise. Malah nate asung piwulang, manawa nderes (maos Qur’an) dipurih supaya sira kabeh padha nangisa. Lha yen ora bisa nangis, ngendikane supa­ya sira kabeh, gudi ethok-ethok nangis. Kan­thi mangkono insya Allah kita bisa nga­yati (menghayati) ibadah kang kita tin­dakake.

Ing ndhuwur wus diterangake, mana­wa Njeng Nabi Muhammad s.a.w. wus ngendikakake, yen Abu  Bakar Ash’ Shiddiq iku sawijining pawongan kang dimerdikak­ake saka siksa geni Neraka. Iku ateges do­sa-dosane wus dingapura dening Allah. Manawa kita bisa nuladhani laku lan tin­dake Abu Bakar Ash’ Shiddiq, becik sing ana gandheng cenenge karo amalan iba­dah mahdoh (baku) utawa amaliyah liya­ne. Insya Allah, Allah bakal paring rahmat sarta ridlanE.

 

(7). Perang Badar.

Para sahabat sing padha melu merang Badar. Abu Hurairah nerangake, manawa Njeng Rasulullah paring dhawuh:

Satemene Allah ngawuningani pa­ra sahabat sing padha melu pe­rang Badar, sarta dhawuh;  sira pa­dha nindakna apa kang sira senengi., krana Ingsun wus paring pangapura marang sira kabeh.” (HR. Shahe, al- Hakim saka Abu Huraira).

Perang Badar wus kepungkur. Para sa­habat sing aktif melu perang Badar wus padha kaparingan pangapura. Saiki kita wus bisa nindakake amaliyah sing drajate ora kurang karo perang Badar, antara liya, yaiku nyengkuyung ngrembakakake  aga­ma Islam, asung pambiyantu marang upa­ya pembangunan Masjid, sekolah sekolah kanggo ndhidhik putra-putri kita aja nganti mangro tingal imane, nyekuthokake sawiji  marang Allah. Mbrastha korupsi, teroris. Asung pambiyantu marang fakir miskin, sing banget merlokake pitulungan kanggo nyengkuyung njejegake uripe. Nggula wen­thah yatim piatu lan liya-liyane.

(Ana Candhake)

Berita Terkait

Samak Minggu Ini

img

img

Sumber Semangat

Wong kang akeh ngucapake kabecikan iku “luwih becik” katimbang wong kang seneng mbisu.

Klik

BALAPAN WEDHUS

Sawijining bocah cilik lagi melu tandhing ing sawijining lomba balapan nunggang wedhus utawa mutton busting. Acara kaya ngene iki cukup populer jroning pawai Fourth of July parade ing kutha Vale, Oregon, AS. (d/ist)***

Pethilan

Mendikbud ngajab, bayare guru honorer ndang diwenehke

Iki sing jenenge menteri zaman now!

Mendikbud ngajab, bayare guru honorer ndang diwenehke

Iki sing jenenge menteri zaman now!

Panglima TNI ditulak mlebu AS

Mengko gek merga, titttt…. (sensor!)